Suluk Dewi Sulasikin bag 2
Sinom
1. kusuma sang liring sêkar |
amicorèng jroning ati |
lah ragane iki baya |
ingkang kêna sun ngèngèri |
pirangbara ing akir |
sang rêtna aris amuwus |
inggih kiyai tuwan |
kawula atanya malih |
tuduhêna sajatine kang wanodya ||
2. Ki Sèh Madal aturira |
kusuma sang liring sari |
ewuh jatining wanodya |
pamanggih kawula gusti |
lamun kaduga inggih |
yèn botên kaduga sampun |
amung lapal bismilah |
jatine jalu lan èstri |
ya ta mèsêm kusuma putri ing Pawah ||
3. kawula dèrèng narima |
inggih tuwan tanya malih |
pundi kang murah ing dunya |
tuwan kula ayun uning |
kang wontên wujudnèki |
yèn tan wontên dadi garuh |
yèn têmên mêsthi ana |
Ki Sèh Madal anauri |
inggih anggèr benjang ari Jumuwah |
4. umatur sang liring sêkar |
inggih tuwan kula anti |
wangsul kang asih ngakerat |
tuwan kula ayun uning |
lawan jatine èstri |
tuwan kula ayun wêruh |
rupine ingkang nyata |
Ki Sèh Madal anauri |
inggih ni mas ing benjang ari Jumuwah ||
5. matur malih sang kusuma |
tuwan kula ayun uning |
pundi tuwan kang rumêksa |
ing alam tuduhna mami |
lawan jatine èstri |
Ki Sèh Madal aturipun |
benjang ari Jumuwah |
sang rêtna umatur malih |
pundi tuwan puji kang tan kêna pêgat ||
6. lawan kang asih Mukhamad |
tuwan kula ayun uning |
Ki Sèh Madal aturira |
ing benjang dadi sawiji |
ing dina Gara Kasih |
sêdaya kawula tutur |
lamun kusuma rara |
mundhuta wontên ing ngriki |
inggih iku wawêngkone ngèlmu rasa ||
7. manawi krungu kang maca |
têmahan anjêjodhèri |
puniku kumpule alam |
alam papat dadi siji |
arwah lan insan kamil |
alam ajêsam puniku |
tanapi alam misal |
kumpule jatine èstri |
makam papat puniku mangkono uga ||
8. makam baka kang satunggal |
makam jamal kaping kalih |
kumpule loro punika |
makam parêk iku malih |
iku jatine èstri |
nanging ing pasêmonipun |
makam jamingul jamak |
makam jamak kang mêngkoni |
iya iku kusuma jatine lanang ||
9. yèn gusti angraosna |
martabat puniku gusti |
martabat papitu ika |
ingkang kadim amung katri |
kang sêkawan anyar sami |
umatur sang rêtnaningrum |
kang kadim lan kang anyar |
Ki Sèh Madal anauri |
pêrbedane anèng sipat kalih dasa ||
10. iya anèng akhodiyat |
iku wujud nimas gusti |
martabate iku dat |
anadene ngèlmu iki |
martabat sipat gusti |
khakekat kalimahipun |
wakidiyat punika |
nur martabatira gusti |
iya asma martabat tarekat ika ||
11. yaiku ingkang tatiga |
kang anèng martabat kadim |
umatur sang liring sêkar |
tuwan kula ajêng uning |
rupane siji-siji |
tuwan kula ajêng wêruh |
Ki Sèh Madal punika |
adhuh mirah kula gusti |
besuk bae mênèk ngrungu kang amaca ||
12. anadene ingkang anyar |
kang anèng sarengat gusti |
alam arwah kang patunggal |
martabate iku gusti |
apngal ingkang nami |
sarengat kalimahipun |
kang wontên sir dahana |
kang duwe êroh nabadi |
aluamah napsune sarengat ika ||
13. lakune gêni kewala |
sipate kahar puniki |
têgêse gêni punika |
dudu gêni kêna mati |
sipat kahar puniki |
têgêse gêni puniku |
iya dadine ika |
dadi iman lawan tokit |
lan makripat kaping sakawane Islam ||
14. dhikire Alloh Takallah |
sipate rongpuluh gusti |
pan iya sipat kadiran |
muridan ngaliman iki |
kayat wahdaniyati |
pêncar pirang-pirang èwu |
miwah kang kadya barat |
dudu barat donya iki |
wawêngkone iya sipat kalih dasa ||
15. pan iya kodrat iradat |
sang rêtna umatur aris |
kawula ajêng wuninga |
iradadnya anèng pundi |
mèsêm sajroning ati |
Ki Sèh Madal guyu guguk |
gusti kula wus tuwa |
isin têmên anglakoni |
wong wus tuwa
nganggo carane taruna ||
16. umatur malih sang rêtna |
kawula atakèn malih |
inggih lêrês alam papat |
karyanipun dèrèng uning |
Ki Sèh Madal nauri |
alam insan kamil iku |
dadi ratuning sipat |
amêngkoni sipat kalih |
iya iku ratune sipat sêdaya ||
17. anadene alam arwah |
jumênêng ratu pribadi |
parentah rasul sêdaya |
alam misal kang mêngkoni |
alam misal puniki |
lawan ajêsam puniku |
mêngkoni alam misal |
alam misal amêngkoni |
iku nimas kang aran alam ajêsam ||
18. punika jumênêng nata |
mêngkoni alam sêkalir |
parentah ngèlmu sêdaya |
alam misal kang mêngkoni |
matur malih sang dèwi |
pundi tuwan rupènipun |
kula ayun uninga |
rupane sawiji-wiji |
alam papat punapa abeda-beda ||
19. Ki Sèh Madal angandika |
wangkot têmên sira gusti |
ing benjang malêm Jumuwah |
wong ayu ingsun wêjangi |
sêdhêng kang maca lali |
kang parêkan padha turu |
matur malih sang rêtna |
inggih tuwan kula anti |
wangsul tuwan kawula putrane sapa ||
20. Ki Sèh Madal alon ngucap |
kusuma sang liring sari |
dening putrane sang nata |
tuhu sira sang suputri |
jatine sira iki |
kodratulloh kang tumurun |
matur kusuma rara |
nadyan makatêna ugi |
pêpuja tan dene botên apêputra ||
21. mojar sira Ki Sèh Madal |
luput tampanira gusti |
turune rama andika |
pan iya kalih prakawis |
kang dhingin iku mani |
madi kaping kalihipun |
turune ibunira |
ingkang dhingin iku wadi |
kaping kalih maningkêm nimas ranira ||
22. sawise tumurun donya |
kang maningkêm dadi gêtih |
wadi dadine punika |
iya dadi ari-ari |
anadene kang mani |
iku turune ramamu |
iku dadine kawah |
anadene ingkang madi |
iya iku kang dadi bêbungkus bocah ||
23. umatur malih sang rêtna |
gêtih lawan ari-ari |
kawula ayun uninga |
rupine sawiji-wiji |
dadine kang sayêkti |
tuwan kula ajêng wêruh |
nadyan turune bapa |
bêbungkus kêkawah iki |
tuduhêna rupane anèng ing dunya ||
24. Ki Sèh Madal angandika |
gêtih lawan ari-ari |
apa tatane wong nendra |
ingkang lanang anèng nginggil |
nadyan turuning gusti |
pasthi yèn mumbul mandhuwur |
turune ibunira |
apa tatane kang dhingin |
anèng ngandhap ora bisa angambara ||
25. umatur malih sang rêtna |
dadine kang ari-ari |
kawula arsa wuninga |
miwah dadine kang gêtih |
rupane kang samangkin |
tuwan kula ajêng wêruh |
dadine kang kêkawah | yèn tan wêruh aniwasi |
dadi kharam ing dunya têkèng ngakerat ||
Sinom
1. kusuma sang liring sêkar |

lah ragane iki baya |
ingkang kêna sun ngèngèri |
pirangbara ing akir |
sang rêtna aris amuwus |
inggih kiyai tuwan |
kawula atanya malih |
tuduhêna sajatine kang wanodya ||
2. Ki Sèh Madal aturira |
kusuma sang liring sari |
ewuh jatining wanodya |
pamanggih kawula gusti |
lamun kaduga inggih |
yèn botên kaduga sampun |
amung lapal bismilah |
jatine jalu lan èstri |
ya ta mèsêm kusuma putri ing Pawah ||
3. kawula dèrèng narima |
inggih tuwan tanya malih |
pundi kang murah ing dunya |
tuwan kula ayun uning |
kang wontên wujudnèki |
yèn tan wontên dadi garuh |
yèn têmên mêsthi ana |
Ki Sèh Madal anauri |
inggih anggèr benjang ari Jumuwah |
4. umatur sang liring sêkar |
inggih tuwan kula anti |
wangsul kang asih ngakerat |
tuwan kula ayun uning |
lawan jatine èstri |
tuwan kula ayun wêruh |
rupine ingkang nyata |
Ki Sèh Madal anauri |
inggih ni mas ing benjang ari Jumuwah ||
5. matur malih sang kusuma |
tuwan kula ayun uning |
pundi tuwan kang rumêksa |
ing alam tuduhna mami |
lawan jatine èstri |
Ki Sèh Madal aturipun |
benjang ari Jumuwah |
sang rêtna umatur malih |
pundi tuwan puji kang tan kêna pêgat ||
6. lawan kang asih Mukhamad |
tuwan kula ayun uning |
Ki Sèh Madal aturira |
ing benjang dadi sawiji |
ing dina Gara Kasih |
sêdaya kawula tutur |
lamun kusuma rara |
mundhuta wontên ing ngriki |
inggih iku wawêngkone ngèlmu rasa ||
7. manawi krungu kang maca |
têmahan anjêjodhèri |
puniku kumpule alam |
alam papat dadi siji |
arwah lan insan kamil |
alam ajêsam puniku |
tanapi alam misal |
kumpule jatine èstri |
makam papat puniku mangkono uga ||
8. makam baka kang satunggal |
makam jamal kaping kalih |
kumpule loro punika |
makam parêk iku malih |
iku jatine èstri |
nanging ing pasêmonipun |
makam jamingul jamak |
makam jamak kang mêngkoni |
iya iku kusuma jatine lanang ||
9. yèn gusti angraosna |
martabat puniku gusti |
martabat papitu ika |
ingkang kadim amung katri |
kang sêkawan anyar sami |
umatur sang rêtnaningrum |
kang kadim lan kang anyar |
Ki Sèh Madal anauri |
pêrbedane anèng sipat kalih dasa ||
10. iya anèng akhodiyat |
iku wujud nimas gusti |
martabate iku dat |
anadene ngèlmu iki |
martabat sipat gusti |
khakekat kalimahipun |
wakidiyat punika |
nur martabatira gusti |
iya asma martabat tarekat ika ||
11. yaiku ingkang tatiga |
kang anèng martabat kadim |
umatur sang liring sêkar |
tuwan kula ajêng uning |
rupane siji-siji |
tuwan kula ajêng wêruh |
Ki Sèh Madal punika |
adhuh mirah kula gusti |
besuk bae mênèk ngrungu kang amaca ||
12. anadene ingkang anyar |
kang anèng sarengat gusti |
alam arwah kang patunggal |
martabate iku gusti |
apngal ingkang nami |
sarengat kalimahipun |
kang wontên sir dahana |
kang duwe êroh nabadi |
aluamah napsune sarengat ika ||
13. lakune gêni kewala |
sipate kahar puniki |
têgêse gêni punika |
dudu gêni kêna mati |
sipat kahar puniki |
têgêse gêni puniku |
iya dadine ika |
dadi iman lawan tokit |
lan makripat kaping sakawane Islam ||
14. dhikire Alloh Takallah |
sipate rongpuluh gusti |
pan iya sipat kadiran |
muridan ngaliman iki |
kayat wahdaniyati |
pêncar pirang-pirang èwu |
miwah kang kadya barat |
dudu barat donya iki |
wawêngkone iya sipat kalih dasa ||
15. pan iya kodrat iradat |
sang rêtna umatur aris |
kawula ajêng wuninga |
iradadnya anèng pundi |
mèsêm sajroning ati |
Ki Sèh Madal guyu guguk |
gusti kula wus tuwa |
isin têmên anglakoni |
wong wus tuwa
nganggo carane taruna ||
16. umatur malih sang rêtna |
kawula atakèn malih |
inggih lêrês alam papat |
karyanipun dèrèng uning |
Ki Sèh Madal nauri |
alam insan kamil iku |
dadi ratuning sipat |
amêngkoni sipat kalih |
iya iku ratune sipat sêdaya ||
17. anadene alam arwah |
jumênêng ratu pribadi |
parentah rasul sêdaya |
alam misal kang mêngkoni |
alam misal puniki |
lawan ajêsam puniku |
mêngkoni alam misal |
alam misal amêngkoni |
iku nimas kang aran alam ajêsam ||
18. punika jumênêng nata |
mêngkoni alam sêkalir |
parentah ngèlmu sêdaya |
alam misal kang mêngkoni |
matur malih sang dèwi |
pundi tuwan rupènipun |
kula ayun uninga |
rupane sawiji-wiji |
alam papat punapa abeda-beda ||
19. Ki Sèh Madal angandika |
wangkot têmên sira gusti |
ing benjang malêm Jumuwah |
wong ayu ingsun wêjangi |
sêdhêng kang maca lali |
kang parêkan padha turu |
matur malih sang rêtna |
inggih tuwan kula anti |
wangsul tuwan kawula putrane sapa ||
20. Ki Sèh Madal alon ngucap |
kusuma sang liring sari |
dening putrane sang nata |
tuhu sira sang suputri |
jatine sira iki |
kodratulloh kang tumurun |
matur kusuma rara |
nadyan makatêna ugi |
pêpuja tan dene botên apêputra ||
21. mojar sira Ki Sèh Madal |
luput tampanira gusti |
turune rama andika |
pan iya kalih prakawis |
kang dhingin iku mani |
madi kaping kalihipun |
turune ibunira |
ingkang dhingin iku wadi |
kaping kalih maningkêm nimas ranira ||
22. sawise tumurun donya |
kang maningkêm dadi gêtih |
wadi dadine punika |
iya dadi ari-ari |
anadene kang mani |
iku turune ramamu |
iku dadine kawah |
anadene ingkang madi |
iya iku kang dadi bêbungkus bocah ||
23. umatur malih sang rêtna |
gêtih lawan ari-ari |
kawula ayun uninga |
rupine sawiji-wiji |
dadine kang sayêkti |
tuwan kula ajêng wêruh |
nadyan turune bapa |
bêbungkus kêkawah iki |
tuduhêna rupane anèng ing dunya ||
24. Ki Sèh Madal angandika |
gêtih lawan ari-ari |
apa tatane wong nendra |
ingkang lanang anèng nginggil |
nadyan turuning gusti |
pasthi yèn mumbul mandhuwur |
turune ibunira |
apa tatane kang dhingin |
anèng ngandhap ora bisa angambara ||
25. umatur malih sang rêtna |
dadine kang ari-ari |
kawula arsa wuninga |
miwah dadine kang gêtih |
rupane kang samangkin |
tuwan kula ajêng wêruh |
dadine kang kêkawah | yèn tan wêruh aniwasi |
dadi kharam ing dunya têkèng ngakerat ||
Comments
Post a Comment