Skip to main content

Posts

Showing posts with the label serat

Piwulangipun RM Ngabei Ronggowarsito bag 2

Piwulangipun RM Ngabei Ronggowarsito Nalika Bade Seda  [bag 2] 1. Sanitiasa denira paring wuwuruk, Marsepuh sang maha yekti, Tinumpa tumpa tinumpuk, Pinatha pantha pinasti, Saniskaraning pangawaroh. 2. Pan liningga salingga sawanda wuyud, Wuyude pan dadi siji, Mijen jagad sawegung, Saking kodrating Hyang Widhi, Kasamadan dating Manon. 3. Amanoni pamulune kadi duwung, Kukuwunge mingis-mingis piningit tan kena konus, Yon konus ngenesken ati, Amulat gebyaring pamor. 4. Dasar pamor pamore handamar murub, Bener ingkang kekes wing wrin rumangsa kasoran ampuh, pupuhe tuhu patitis, Titi datan atumpang so. 5. Yen tinantang tantingane tuhu kukuh, Kukuhe nora ngencengi, Kenceng kinarya pangayun, Tarincingaken neng wuri, Cacakane nora moncol. 6. Cakep cukup nyukupi yen oleh rembug, Rembuge tan katon gitik titikane urun-urun, Nguruni dadine ngelmi, Kaya sukane ponang wong. 7. Wuwuh-wuwuh amuwuhi kawruhipun, Pantese wong cipta yekti tan amprih karya panggunggung gunggunge gunggunga...

Piwulang RM Ngabei Ronggowarsito

Piwulangipun RM Ngabei Ronggowarsito Nalika Bade Seda  [bag 1] DANDANGGULA 1. Rarasing tyas sinawung hartati, denirarsa amedar carita, ngayawara puwarane, berawaning madangkung, hinukara ri Sukra Kasih, rong piluh wulan Rajab gati kenemipun, warsa Jimakir Sancaya, sinengkelan muluk ngesti aji, tata wedaring kata. 2. Heh ta rising dwi atmaja mami, parsudinen dadining parasdya, pinrih haywa kongsi kecer, cangkok lan isinipun, yen kecera slah sawiji sayekti dadi tuna, tuwas angguguru, during weruh pamorira, wohing semu pasemon gaibing Widdhi, datan kena madaya. 3. Supadine daya tyas pangiling, lukitane ingkang sastra cetha, ing mangka darsane, wong berbudi pan cukup, anyukupi pati saurip-uripe aneng donya, prapteng janjinipun, sayekti datankewran denira mrih prasti pulasta pinusti, estine kene kana. 4. Sakamantyan denira marsudi, widadane ingkang sami kara, karana tan kena mleset surasaning kang ngelmu  nora kena medayeng janji, janji mung...

HIDAYAT JATI 3

HIDAYAT JATI 3 1. Kangjêng Susuhunan ing Giri Parapèn, wêwêjangane, Wisikan Ananing Dzat. 2. Kangjêng Susuhunan ing Darajat, wêwêjangane, Wêdharan, Wahananing Dzat. 3. Kangjêng Susuhunan ing Atasangin, wêwêjangane, Gêlaran Kahananing Dzat. 4. Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjênênganing Dzat kabèh, nanging durung urut patrap panganggone ing sawiji-wiji. 5. Kangjêng Susuhunan ing Têmbayat, kalilan dening guru Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, ambabarake wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram. 6. Kangjêng Susuhunan ing Padusan, wêwêjangane, Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.. 7. Kangjêng Susuhunan ing Kudus, wêwêjangane, Panêtêp Santosaning Iman. 8. Kangjêng Susuhunan Gêsêng, wêwêjangane, Sasahidan. Dene wêwêjangane kang wis kasêbut ing dhuwur iku, surasane iya anunggal bae, amarga padha wiridan saka Pamêjange Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldê...

HIDAYAT JATI 2

HIDAYAT JATI 2 Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak utak, karo iwak manik, sêdhêngane aja nganti angarani katarima ngèlmune. Kang kapindho, anuduhake kang kasêbut ing sajroning Bait-al-muharram, têgêse omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji. 1. Dhadha iku wiyose kahananing Bait-al-muharram. 2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning napas. 3. Jantung kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning kêkêtêk. 4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning pamicara. 5. Jinêm, kahananing panggraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning pamiyarsa. 6. Suksma kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning pangganda. 7. Rahsa kahananing atma, anarik wahaning wisesa, dadi wahyaning pangarsa.[35] Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, utamane anglakonana ora kar...

Serat Pangracutan 1

Serat Kekiyasaning Pangracutan karya Sultan Agung Hanyakrakusuma Serat Kekiyasaning Pangracutan adalah salah satu buah karya sastra Sultan Agung Raja Mataram (1613-1645) dan sumber penulisan Serat Wirid Hidayat Jati yang dikarang oleh R.Ng Ronggowarsito karena ada beberapa bab yang terdapat pada Serat Kekiyasaning Pangracutan terdapat pula pada Serat Wirid Hidayat Jati. Pada manuskrip huruf Jawa Serat Kekiyasaning Pangracutan tersebut telah ditulis kembali pada tahun shaka 1857 / 1935 masehi. Disyahkan oleh pujangga di Surakarta  R. Ng. Rongowarsito SARASEHAN ILMU KESAMPURNAAN Ini adalah keterangan Serat tentang Pangracutan yang telah disusun Baginda Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma Panatagama di Mataram atas perkenan Beliau membicarakan dan temu nalar dalam hal ilmu yang sangat rahasia, untuk mendapatkan kepastian dan kejelasan dengan harapan dengan para ahli ilmu kasampurnaan. Adapun mereka yang diundang dalam temu nalar itu oleh Sultan Agung Hanyakrakusuma Panataga...