Piwulangipun RM Ngabei Ronggowarsito Nalika Bade Seda
[bag 1]
DANDANGGULA
1.
Rarasing tyas sinawung hartati,
denirarsa amedar carita, ngayawara puwarane, berawaning madangkung,
hinukara ri Sukra Kasih, rong piluh wulan Rajab gati kenemipun, warsa
Jimakir Sancaya, sinengkelan muluk ngesti aji, tata wedaring kata.
2.
Heh
ta rising dwi atmaja mami, parsudinen dadining parasdya, pinrih haywa
kongsi kecer, cangkok lan isinipun, yen kecera slah sawiji sayekti dadi
tuna, tuwas angguguru, during weruh pamorira, wohing semu pasemon
gaibing Widdhi, datan kena madaya.
3.
Supadine daya tyas pangiling,
lukitane ingkang sastra cetha, ing mangka darsane, wong berbudi pan
cukup, anyukupi pati saurip-uripe aneng donya, prapteng janjinipun,
sayekti datankewran denira mrih prasti pulasta pinusti, estine kene
kana.
4.
Sakamantyan
denira marsudi, widadane ingkang sami kara, karana tan kena mleset
surasaning kang ngelmu nora kena medayeng janji, janji mung sapisan,
purihen den kumpul, Gusti kalawan kawula, supadine dinadak bias umanjing
satu mungging rimbangan.
5.
Yen rinasa surasaning manis,
temah dadya hardaning wardaya, saking dahat denya rame, marma den bisa
gilut, gilutan among patitis titikane den kene nemu yen ketemu, nemu
sosotia kancana, ujwalane sarpakenaka nelahi, sumorot sorotira.
6.
Anyoroti padanging Hyangrawi,
isining rat kawratan sadaya, yekti tan ana petenge nanging ta arang
nggayuh, gayuhane tepa palupi, pilih-pilih kang nyandak, sarkaning madu
dudunung netan ning nang nora adoh perek seneng ugi gepokane tur cedak.
7.
Cepakane
pepak amepeki, paran dene teka nara gampang, pambudine kadang cewet,
wela graitanipun, saking kalab-kalaban dening harda – hardening nala,
sruning tyas kayungyun, kayun marang sih katresnan, iku mangka bancana
dirgameng pati, patine tanpa sedya.
8.
Saya harda-hardaning pambudi,
budi daya madya lan utama, utameng rat pasemone, marma den bisa besut
besutane kang tirta wening, wening wenes kalintang, tanpa pama tuhu,
satuhuning kasunyatan kanyatahan kang sami dipun lampahi, wiwitan lan
wekasan.
9.
Wekasane mung ngantepi pati,
paran dene meksa taksih awrat, kalindih saking panggawe kira-kiraning
kalbu, sapa baya bisa amesti jer pan durung ana wong milalu lampus,
konus kongas saking atma, nadyan silih sampun wreda kaki-kaki maksih
sungkan kewala.
10.
Yen
tuhuwa awite anitis, pan tumita dumadi manungsa, sinung harja bungah
sapira kadaripun, aneng donya pan ora lami, lamine nora lama, umur sewu
taun, lamun ora ngawruhana, angrawuhi marang jamaning kapitan sayekti
dadi tuna.
11.
Tuna dungkap kaolah ing pikir,
pan kapiran jamaning ngakerat, sakarate yektii suwe-suwe ngulari
perlu-perlu mati pijer madelik, kelike ora ana, anane mung kuwur,
baliwur tan wruh ing marga, marga lena kalenan datan pinikir, mungkir
tinggal agama.
12.
Agamane ingkang luwih suci,
anuceni dat kalawan sipat-sipat murah salamine marma den bisa kulup
pipikulan away katembing, titimbangane ana, iku paminipun nimpuna
sandang lan pangan ora kena tinilar sawiji, wajibe bebarengan.
13.
Kena uga kalawan siniring, maring
wong kang angupaya pangan, saben dina nyambut gawe, amrih kencenging
waduk, wadak iku wadahing uripe saking sedya, sedyane mrih cukup nyukupi
jaba jro amba, babarane bineber ngeberi budi, budaya kang sanyata.
14.
Kanyataan
ing urip puniki, tan liyan sing hardening baksana, tiba
saenggon-enggone pan tibeng nora saru sarupane ruruba yekti, yektine
aywa sulap mring sulapanipun, budinen den kongsi kena, nanging aywa sira
budi saben hari aywa pegat.
Semoga Manfaat..
Setelah baca,.. mohon klik iklan dibawah ini yah..
Terima kasih,, Semoga Tuhan memberkahi kita..
Comments
Post a Comment