Skip to main content

Posts

Showing posts with the label suluk

Raden Sumarja 5 (Tamat)

Raden Sumarja 5 Maskumambang 1. lah punika anak mas kang dèn ulati | purnane kasedan | pamoring kawula Gusti | gih wrôngka manjing curiga || 2. ing wêkasan nata Prabu Dwarawati | manjing candhi sêkar | pamuksanira lêstari | dados jangkêping Pandhawa || 3. Dyan Sumarja Sumarta myang cantrik kalih | nalika miyarsa | caritaning sang miyarsi | lênglêng kapencuting driya || 4. Sang Sumarja mring pandhita matur aris | prakawis punika | sintên kang bangkit angudi | lan pundi margane amba || 5. nunggil tekad lawan Gôndawaktrasiwi | sang tapa ris mojar | marmanggèr angèl sayêkti | môngka mamrih kautaman || 6. lamun botên mawi tekad mati ragi | dhuh môngsa angsala | ananging ing môngsa iki | kathah kawruh piyagahan || 7. dèrèng wikan warnane kang dèn ulati | gone pakaryanya | ancêr-ancêr sing pawarti | wani ngiyas kang kuwasa || 8. yèn dèn ungsêt têmah bingung pringas-pringis | laranganing kathah | barang-bèrèng botên kenging | jêblèse sarpin-sarpinan || 9. guru gagah ciptanira krimas-krimis |...

Suluk Raden sumarja 4

 Suluk Raden Sumarja 4  Kinanthi 1. Bathara Krêsna lingnya rum | adhuh Sena ari mami | sun iki dahat kacaryan | marang ing wuwusirèki | paran bisa anunggala | Bratasena anauri || 2. kakang iki wus katutup | liring wus prapta ing jangji | kari gayuh kanyataan | iya sira lawan mami | mêngko muhung tingalana | gaibe wus praptèng pati || 3. lah payo kakang dèn gupuh | marganana ingsun iki | iya kasampurnaningwang | kudu nganggo marga sakit | yêkti panutane napas | lah ta kakang dipun aglis || 4. bubutên kang wulu puwun | yêkti ingsun ngraos sakit | ing kono margane pêjah | nulya Prabu Harimurti | ambubut wulu Sang Sena | sawiji kang anèng sikil || 5. wus kabêdhol wulunipun | Bratasena matur aris | dhuh kakang wus dadi marga | dening ingsun kraos sakit | sigra Arya Wêrkudara | pôncanakanira aglis || 6. kinêthokan kalihipun | ya ta wau duk ningali | sira Sri Bathara Krêsna | kang rayi dinangu ririh | adhuh yayi paran marga | mangkono tingkahirèki || 7. Bratasena malih matur | dhuh...

Raden Sumarja 3

Suluk Raden Sumarja 3 Maskumambang 1. wus kumambang manahe rahadèn kalih | mring sang dwijawara | dahat angroro pangèksi | dene wus antuk wawêngan || 2. sang pandhita samana wus ananggupi | wèh tuduh kang nyata | ambuka kang gaib-gaib | kapindhone sira radyan || 3. ciptaning tyas mênawa dipun tampani | dènirarsa magang | marang sang kusumèng wukir | makathik juru pêthetan || 4. sira Radèn Sumarja umatur aris | amba nuwun têdah | caritane Bayusiwi | ing praptanirèng wêkasan || 5. paran sanès lawan kadangipun sami | sang pandhita mojar | ing mangke kula jatèni | nalika kari mataya || 6. pra Pandhawa miwah Prabu Harimurti | tuwin para raja | tanapi sang sori aji | kumpul anèng candhi sêkar || 7. tan cinatur mehrade Sang Dèwi Kunthi | miwah Darmaputra | Danangjaya lawan malih | Nakula tuwin Sadewa || 8. Wêrkudara samana kantun pribadi | ingatag Sri Krêsna | umanjinga candhi sari | Sang Sena datan lênggana || 9. angandika nata Prabu Dwarawati | yayi kayaparan | kari sira lawan mami | aja ...

Raden Sumarja 2

Raden Sumarja 2   Asmaradana 1. wau ta rahadèn kalih | dahat dènira kasmaran | sang pandhita caritane | iba benjang yèn wus angsal | wawêjang kang sanyata | lagi tutur ala nganggur | gawe grêgête graita || 2. dhuh anak crita ngong uni | Dewaruci Wêrkudara | mung ginawe isbat bae | ondhèl-ondhèl lan upama | gambare angganira | wit wong patrap olèh ngèlmu | makatên ingkang pinanggya || 3. nalikane Bayusiwi | minggah wukir Côndramuka | mêjahi danawa loro | punika pralambangira | lamun sirarsa patrap | ditya kalih pêjahipun | dadya Dewa Batharendra || 4. Sang Hyang Bayu kang sawiji | endra têgêse sarira | angèndêlake badane | bayu sajatine napas | nyingkirêna panggônda | Sang Wêrkudara alaju | manjing jro sumur sigrangga || 5. amêjahi naga èstri | mêpêt napsu têgêsira | ingkang catur prakarane | Sena kondur mring Ngamarta | pamit ing para kadang | arsa anggêbyur ing laut | raka ri gondhèli samya || 6. amêksa Sang Bayusiwi | punika upaminira | angicalakên sakèhe | uwas kuwatir sumêlan...

Suluk Purwadaksino 2

Suluk Purwadaksino 2   Asmaradana 1. kawula pitakèn malih | kadospundi wong alara | alam punapa anane | kawula dèrèng wuninga | mugi ajarumana | mamrih padhanga tyas ulun | duk lagi polah Pangeran || 2. alam punapa wastèki | miwah duk cêngêng punika | alam punapa wastane | kawula dèrèng wuninga | mugi dèn jarwanana | Purwaduksina amuwus | dhuh yayi musthikèng tilam asmara | 3. papujaningsun wong kuning | gurune èstri sajagad | yèn lagi ngrasa larane | iku yayi alam topan | dèn eling marang Hyang Suksma | de polah Pangeran iku | yayi aran alam tobat || 4. winastan gaibolahi | cêngêng lagi ingaranan | alam kabir iku mangke | kang jagad langgêng duk baka | umatur ingkang garwa | sintên tuwan ingkang rawuh | kang sami tilik kaanan || 5. sintên kang dhatêng rumiyin | telane satunggal-tunggal | lah tuwan padhangna ingong | Purwaduksina ngandika | Jabrail ingkang têka | abang cahyane puniku | dèn awas pawasira || 6. ping kalih cahya Mikail | ijo warnane mêrkilat | ping tiga Israpil mang...

Suluk Dewi Sulasikin bag 8

Suluk Dewi Sulasikin bag 8 Kinanthi 1. kinanthi ingkang winuwus | kang kari anèng nêgari | dèn awas sariranira | sasat wêruh suksma jati | awake kang kinawruhan | anênggih kalih prakawis || 2. awak lair kang kadulu | kêlawan ati kêkalih | ati lair katingalan | kêlawan ati kêkalih | lair batin bedakêna | nanging nyatane kang lair || 3. kang lair pasthi maujut | sarta lawan batinnèki | kang batin pasthi katingal | dene anane kang batin | angutus mring lairira | kang lair kalingan batin || 4. pangandikanya Hyang Agung | marang kanjêng rasul nabi | kang minôngka gêdhonging Hyang | sêsoroge gêdhong mukmin | ambukak sakèhing rasa | Mukhamad iku kêkasih || 5. Mukhamad warnane iku | iya rupa rijal gaip | pan sangking karsanira Hyang | lalirune Suksma jati | kang ingaran wujut tunggal | tan ana wujut kêkalih || 6. yèn sira ayun lumaku | anganggoa rasul singgih | pangucapira khaklollah | pangambu pamyarsanèki | paningalira makripat | pan dadi badan rokhani || 7. roh ilapi aranipun | rokhani ...

Suluk Dewi Sulasikin bag 7

Suluk Dewi Sulasikin bag 7 Pangkur 1. yèn sira anggêgurua | ngulatana guru ingkang sayêkti | kang sampun putus ing ngèlmu | sarengat lan tarekat | lan khakekat makripat salawasipun | lawan sira têtakona | bumi kang papitu yayi || 2. lan langit papitu ika | dumunungna nyata nèng jroning jisim | iku sira dipun wêruh | dadi jatining manungsa | yèn tan wêruh durung Islam janma iku | pan maksih Islam-islaman | jatine wong tuwa tuli || 3. yèn sira ayun wêruha | ingkang aran bumi pêpitu yayi | bumi kang dhingin puniku | kang aran bumi rêtna | kaping kalih ingkang aran bumi kalbu | sanubari kaping tiga | kaping pate bumi budi || 4. bumi jinêm kaping lima | kaping nême bumi suksma puniki | bumi rasa kaping pitu | wus jangkêp pitung prakara | pan binabar têgêse bumi pêpitu | anadene bumi rêtna | ing dhadha dununge yêkti || 5. yaiku gêdhong kastuba | panggonane sakèhing manungsa iki | astanane Islam iku | yayi bumi satunggal | kaping kalih bumi kalbu wastanipun | iya astanane Islam | kaping tig...

Suluk Dewi Sulasikin bag 6

Suluk Dewi Sulasikin bag 6 Asmaradana 1. yèn sira nêmbah amuji | pujine katur mring sapa | yèn katura Pangerane | apan datan warna rupa | lamun datan katura | tanpa gawe sêmbahipun | angur aja amujia || 2. lamun ngaturana puji | marang Allah sumêntana | apan dudu pêpadhane | pan iku ingkang amurba | kang masesa ing sira | dèn wêruh wiwitanipun | kang nêmbah lawan kang sinêmbah || 3. puji sapa kang duwèni | pan puji-pujine Allah | kawula datan andarbe | kawula ora kuwasa | miwah panggawenira | tanlèn badane sakojur | anging Allah kang akarya || 4. êndi aran sêmbah puji | têgêse puji punika | kanugrahan sajatine | kang tumiba ing kawula | êndi aran nugrahan | iya urip têgêsipun | ya urip-uripe sapa || 5. lamun uripe Hyang Widi | tan urip kalawan nyawa | têgêse nyawa jatine | kang tumiba ing kawula | ingkang aran nugrahan | têgêse nugraha iku | iya uripe manungsa || 6. êndi têgêse urip | wong urip angawruhana | dèn bêcik ing panrimane | angèl jênênging agêsang | têgêse gêsang ika | nast...

Suluk Dewi Sulasikin bag 5

Suluk Dewi Sulasikin bag 5 Dhandhanggula 1. yèn mangkono katarima ugi | yèn ta sira tan guru alêman | tan sumêngguh kèh alane | kawruhana sêdarum | mukmin lanang lan mukmin èstri | lan dadine sakarat | lêlima kèhipun | pasthi katêmu sadaya | wong sêkarat lamun sira aningali | ing cahya kang lalima || 2. lah puniku lamat puput ing janji | lamun durung ningali punika | cahya lêlima kathahe | maksih dawa kang umur | ingkang cahya awarni-warni | cêmêng abang lan jênar | ijo putih iku | lamun aningali cahya | ingkang cêmêng aglis macaa sirèki | lailaha ilallah || 3. nora nana Gusti mung Hyang Widi | lan Mukhamad ya rasulullaha | Nabi Mukhamad jatine | utusannya Hyang Agung | cahya ingkang cêmêng puniki | nênggih cahyaning setan | lamun sira dulu | marang cahya ingkang abang | pan puniku cahyane setan mardudi | nuli sira macaa || 4. lailaha ilallaha malih | ya Allahu[22] têgêse mangkana | tan ana Pangeran manèh | mung Allah Ingkang Agung | ya Pangeran ingsun sajati | yèn aningali sira | ku...

Suluk Dewi Sulasikin bag 4

Suluk Dewi Sulasikin bag 4 Sinom 1. ingkang pasthi ing larangan | tan kêna ginawe gampil | dene sira sampun awas | yèn sampun têkèng ing wèsthi | nugrahane Hyang Widi | kang sampun awas ing kawruh | rasane iku tunggal | tunggal urip tunggal pati | tunggal wujud Mukhamat yaiku Allah || 2. tunggale lorone tunggal | tunggale maksih kêkalih | Mukhamad yaiku Allah | Allah Mukhamad sajati | jaba jêro tan kaèksi | Mukhamad sirna kadulu | kalingan sipat kidam | waluya kadi ing nguni | iya iku sampurnane puji sêmbah || 3. poma iku dèn rêksaa | ujar linarangan iki | tan kêna ingucapêna | tanpa ngrasa iku nini | pan iku sadat jati | sampurnane ing pandulu | sampurnane paningal | ningali ingkang sajati | iya iku sampurnane rasaning dat || 4. kang muhung ing santri ika | idhêpe tan nolih singgih | karo iku dadi sadat | tan wikan dununge puji | tan wruh Pangeran iki | panêmbahe bêstu suwung | kaliwat dènnya nêmbah | dèn sidhêp urip kêkalih | têkadipun tuna liwat bangêt sasar || 5. dèn gugu aksara ...

Suluk Dewi Sulasikin bag3

Suluk Dewi Sulasikin bag3  Asmaradana 1. puniku ngèlmu kang dadi | nyatane ngèlmu punika | dudu johar jisim mangke | dudu nyawa dudu suksma | pan dudu uripira | dèn awas sira ing ngèlmu | sadatira lagi ora || 2. gurokêna kang sayêkti | lagi sira tanpa bapa | miwah tanpa ibu mangke | puniku ingaran sadat | sadatira duk nora | lawan pamuwusirèku | iku ingaranan sahadat || 3. miwah gonira ing nguni | dèn sami pagurokêna | tan beda rêke surupe | apan waktunira ana | awasna dèn sanyata | puniku pangawruh ingsun | pamêjang ingsun mring sira || 4. iku gaibing wong singgih | ujar iku linarangan | nyata gustiningsun anggèr | puniku dipun waspada | pan gaiping pandhita | lah bêcik gurokna iku | ing tatrape dipun awas || 5. apa maning aran jisim | jisim iku aran sadat | kang suksma lah iku mangke | ing sipatira duk nora | iku sira wêruha | awasêna kang satuhu | iku wangsiting pandhita || 6. aja sira milang jisim | aja tungkul marang têmbang | miwah ...

Dewi Sulasikin bag 2

Suluk Dewi Sulasikin bag 2 Sinom 1. kusuma sang liring sêkar | amicorèng jroning ati | lah ragane iki baya | ingkang kêna sun ngèngèri | pirangbara ing akir | sang rêtna aris amuwus | inggih kiyai tuwan | kawula atanya malih | tuduhêna sajatine kang wanodya || 2. Ki Sèh Madal aturira | kusuma sang liring sari | ewuh jatining wanodya | pamanggih kawula gusti | lamun kaduga inggih | yèn botên kaduga sampun | amung lapal bismilah | jatine jalu lan èstri | ya ta mèsêm kusuma putri ing Pawah || 3. kawula dèrèng narima | inggih tuwan tanya malih | pundi kang murah ing dunya | tuwan kula ayun uning | kang wontên wujudnèki | yèn tan wontên dadi garuh | yèn têmên mêsthi ana | Ki Sèh Madal anauri | inggih anggèr benjang ari Jumuwah | 4. umatur sang liring sêkar | inggih tuwan kula anti | wangsul kang asih ngakerat | tuwan kula ayun uning | lawan jatine èstri | tuwan kula ayun wêruh | rupine ingkang nyata | Ki Sèh Madal anauri | inggih ni mas ing benjang a...

Dewi Sulasikin (bag1)

Dèwi Sulasikin Ing Pawah, Kalayan Sèh Madal. Dhandhanggula Bismillahirahmanirrahim 1. ênêngêna kang agung prihatin | Ki Sèh Madal wau kang kocapa | kalunta-lunta lampahe | mêdal sangking wana gung | tan ana sinêdyèng ati | tansah awirandhungan | gènira lumaku | lamun siyang kapanasan | lamun udan Ki Madal têlês ing warih | saya kalunta-lunta || 2. lampahira pan sampun alami | Ki Sèh Madal tan ana cinipta | sêkul kalayan toyane | iya ingkang cumêngklung | apan arsa anginum warih | minta samarga-marga | datan antuk banyu | basane kang jinalukan | dika jaluk marang Dèwi Sulasikin | puniku sugih toya || 3. kawarnaa Dèwi Sulasikin | wanci enjing miyos siniwaka | kawan dasa parêkane | pan sami ayu-ayu | kadya lintang abyor ing siti | ingkang minôngka wulan | sang kusuma ayu | pangagême tan ngapaa | nyampingira wawulung dhasare mori | sêmêkan nata brôngta || 4. angandika Dèwi Sulasikin | ingsun biyang dalu asupêna | katone iku mangkene | dangu gon i...

Radèn Sumarja 1

Suluk Radèn Sumarja Gêguru Dhatêng Pandhita, Nêgês Masalah Lampahipun Bimasuci. Bismillahirahmannirrahim Kinanthi 1. Radèn Sumarja umatur | kawula asring udani | cariyose kitab Jawa | ingkang nami Dewaruci | punapa inggih isbatan | tuwin ta inggih sayêkti || 2. yèn ta yêktosa puniku | pagene Sang Hyang Pramèsthi | têka botên amêmalang | sakarsa-karsane dadi | dene duk Rêsi Wisrawa | mêmulang Dèwi Sukèsi || 3. punika antuk sêsiku | dera Risang Udipati | dosane miyak warana | môngka Risang Bayusiwi | ambuka kang Sastracêtha | Sastrajindra malah luwih || 4. mèsêm ngandika sang wiku | yèn ta botêna sayêkti | de sampun pinacak kitab | lamun dora ta upami | têmah èwêt raosing tyas | sarèhning kawula laip || 5. têmah botên sagêd gayuh | anak puniku prakawis | umatur Radèn Sumarja | kawula nuwun aksami | para sawabe ing tuwan | pun patik ingkang nglampahi || 6. sang tapa ngandika arum | marmane Wisrawa Rêsi | kasiku dening jawata | wani miyak aling-aling | prasasat ngaku bathara | witing jam...

Purwaduksina bag 1

Purwaduksina Mulang Kang Garwa Dèwi Sarirasa Mawi kasêkarakên ing ngandhap punika: Bismillahirahmanirrahim Dhandhanggula 1.  Purwaduksina angandika aris |     pan amurwa kang ngèlmu sanyata |     apitutur ing garwane | Dèwi Sarirasa iku |     garwanira dipun tuturi |     pratingkahe ngagêsang |     poma aja tungkul |     dèn waspada sira nimas |     ing batine pacuwan tingal kang silip |     têmahan dadi bahya || 2.  lamun sira yayi tan ngawruhi |     sayêktine ing têmbe kêsasar |     marga akèh rêncanane |     yèn sira sampun wêruh |     sajatine sarira iki |     sasat wêruh Pangeran |     iku jatinipun |     aja ta kang kaya sira |     lamun ora kêna rêncananing eblis |        dene Jêng Nabi Adam || 3.  ...

Suluk Sujinah

--- 7 --- Bismillahirahmanirrahim[1] Punika Cariyosipun Pandhita Mustakim, Mulang Ngèlmi Dhatêng Kang Rayi Nama Dèwi Sujinah. Mawi Sêkar. 1. Asmaradana 1. ingsun miwiti amuji | anêbut namaning Suksma | kang murah ing donya mangke | ingkang asih ing ngakerat | kang pinuji tan pêgat | kang rumêksa alam iku | kang asih Nabi Mustapa || 2. sampune muji Hyang Widi | amuji Nabi Mukhamat | rasululloh sayêktine | kang sinung dening Hyang Suksma | nabi wêkasan mulya | jinurung karsa Hyang Agung | kinarya nayakaning rat || 3. sakabatira jêng nabi | sakawan kang sinung rahmat | Abubakar --- 8 --- Umar rane | Ngusman lan Ngali Murtala | gagêdhuging ngayuda | tan ana wani kang mungsuh | kinarya prajuritira || 4. sigêgên ingkang winarni | anênggih raja pandhita | Mustakim iku arane | langkung bêkti ing Pangeran | têtêp ngibadahira | asalat kang gangsal wêktu | miwah asalat jumungah || 5. kang garwa ayu linuwih | pêparab Rêtna Sujinah | langkung bêkti ing lakine | amrih kacangki...

Sêrat Suluk Gatholoco

--- 76 --- Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga. 1. Mat Ngarip, 2. Ngabdul Jabar, 3. Ngabdul Manap, Desa Rêjasari. Mawi kasêkarakên, ing ngandhap punika. Bismilahirahmanirrahim[1] 1. Asmaradana 1. ingsun iki aparing warti |[2] paring wêruh sudara sêdaya |[3] jalêr èstri apadene | kang sêpuh miwah taruna | prayogane wong nèng dunya |[4] yèn sira anêdya anut | nglakonana asor nistha || 2. ngèsthia ing tata titi | dhawuhe pandhita tama | wong anom-anom yogyane | bêktia marang wong tuwa | yayah rena tan nora | ping tigane [ti...] --- 77 --- [...gane] bapa guru | ping pate wong tuwanira || 3. anadene ala bêcik | lawan têkèng tatakrama | sinau andhap asore | ing dalêm kitab musarar | kabêcikan ing dunya | tatakrama lungguhipun | iku padha dèn gulanga || 4. lan samya padha dèn eling | bêktine marang wong tuwa | slamêt saparan-parane | ing dunya têkèng ngakherat | iku dèn elingana | margane ganjaran agung | slamêta anèng ing dunya || 5. sênadyan pintêra ngaji | lamun ni...

Sêrat Suluk Rupi-rupi 1

Punika Sêrat Suluk Rupi-rupi 1, Mas Sastradipura Kagunganipun Radèn Ngabèi Sôntasumarta, panèwu polisi dhistrik Sela, kang kinarsakakên nyêrat nama Mas Sastradipura, pêkir ing kampung Krajan Ngantru Sela. Awitipun nyêrat ing dintên Ngahat Lêgi tanggal ping 8 wulan Jumadilakir, taun Dal, hijrah nabi 1319, warsa Jawi 1831, môngsa kapat, tanggal Wêlandi marêngi kaping 22 Sèptèmbêr 1901, rampungipun panyêrat dintên Saptu Wage, marêngi tanggal 21 wulan Jumadilakir, taun Dal hejrah[1] nabi taksih 1319, warsa Jawi 1831, môngsa kapat, tanggal Wêlandi 5 Oktobêr taun 1901. Titi wilujêng. Sastradipura. Kaêcap ing gêdhong pangêcapanipun Tuwan H. A. Bênyamin, Sêmarang, 1905. Radèn Tumênggung Kartanagara Sôngka palimirmane, kancaku ing Sela, dhèwèke anênuwun ing Pangeran, klawan salat taat, olèh sasmita kaya ing ngisor iki: Panjênêngamu kudu pasa 40 dina, yèn bêngi sidhêm uwong muji ing latar kèhe: 400 madhêp mangetan, kaya ing ngisor iki pujine. Ya usirolah, kodratolah, makrifatolah...