Dèwi Sulasikin Ing Pawah, Kalayan Sèh Madal.
Dhandhanggula
Bismillahirahmanirrahim
1. ênêngêna kang agung prihatin |
Ki Sèh Madal wau kang kocapa |
kalunta-lunta lampahe |
mêdal sangking wana gung |
tan ana sinêdyèng ati |
tansah awirandhungan |
gènira lumaku |
lamun siyang kapanasan |
lamun udan Ki Madal têlês ing warih |
saya kalunta-lunta ||
2. lampahira pan sampun alami |
Ki Sèh Madal tan ana cinipta |
sêkul kalayan toyane |
iya ingkang cumêngklung |
apan arsa anginum warih |
minta samarga-marga |
datan antuk banyu |
basane kang jinalukan |
dika jaluk marang Dèwi Sulasikin |
puniku sugih toya ||
3. kawarnaa Dèwi Sulasikin |
wanci enjing miyos siniwaka |
kawan dasa parêkane |
pan sami ayu-ayu |
kadya lintang abyor ing siti |
ingkang minôngka wulan |
sang kusuma ayu |
pangagême tan ngapaa |
nyampingira wawulung dhasare mori |
sêmêkan nata brôngta ||
4. angandika Dèwi Sulasikin |
ingsun biyang dalu asupêna |
katone iku mangkene |
dangu gon ingsun alungguh |
ula tampar ingsun tingali |
dangu-dangu kang ula |
têka bisa agung |
angadêg kang ponang sarpa |
kaya-kaya têka mulêt marang mami |
aku nuli dèn untal ||
5. êmban inya pan umatur aris |
inggih gusti kang amindha sarpa |
sayêkti jatukramane |
mèsêm sang liring santun |
apan uwis punagi mami |
benjang yèn ingsun krama |
pasthi milih kakung |
tan arsa kang donya brana |
karsaningsun ing donya tumêkèng akir |
iku wong krama tunggal ||
6. êmban inya umatur wotsari |
yèn kenginga gusti kula têdha |
Ratu Bardangin kemawon |
mèsêm kusuma ayu |
dudu iku kang sun karsani |
bênêr kang kaya sira |
warnanya abagus |
iya iku dadi wisa |
sayêktine ora kêna dèn guroni |
puniku bêbegalan ||
7. pra parêkan tanapi sang dèwi |
lagya eca sami pagunêman |
kêsaru wau praptane |
kyai santri kang rawuh |
minta banyu linggih sarisik |
ponang santri wus tuwa |
warnanira bawuk |
atêtêkên kayu gêrang |
nulya linggih jawabe aminta warih |
mèsêm sang liring sêkar ||
8. iku sapa kang anjaluk warih |
biyang inya padha takonana |
parêkan angrubung kabèh |
ana ambêkta kayu |
kang sawênèh anyangking gitik |
ana kang gawa gêlagah |
padha ting kêracung |
kaki sira jaluk apa |
anauri ki tuwa kula puniki santri |
arsa anuwun toya ||
9. para inya sami anauri |
kaki sira apa kurang toya |
jaba kono banyu bae |
Ki Sèh Madal sumaur |
kula wau minta ing jawi |
ngalèh-ngalèh tan angsal |
datan darbe banyu |
kinèn nuwun mring sang rêtna |
sugihtoya nênggih Dèwi Sulasikin |
kula nulya akesah ||
10. angandika Dèwi Sulasikin |
kêbat sira paringana toya |
mêsakake têmên kuwe |
kaki sapa ranipun |
lawan ngêndi wismanirèki |
kawula Ki Sèh Madal |
wisma kula gunung |
lah ta sira malêbua |
Ki Sèh Madal amicorèng jroning ati |
sêmune kaya-kaya ||
11. Ki Sèh Madal ature aririh |
tiyang gunung botên sagêd sila |
ratu mas ing ngriki mawon |
ya ta sang rêtna ayu |
nulya salin busana adi |
sarwi angêmu waspa |
sang kusuma ayu |
ngandika marang ni inya |
angambila kursi sira dipun aglis | loro katêlu meja ||
12. Ki Sèh Madal ingaturan linggih |
jajar marang sang kusuma rara |
munggèng kursi dhewe-dhewe |
mejane munggèng ngayun |
kang dhaharan kêbak cinawis |
ya ta sang kusuma rara |
têmbungira arum |
ki tamu andika dhahar |
pêpanganan pundi kang dika karsani |
dene sarira kula ||
13. upamine lir bintaro kèli |
sapa bisa anyandhangi ragèngwang |
sayêkti jatukramane |
Ki Sèh Madal umatur |
kamipurun kawula gusti |
kawula lênggah jajar | kalawan sang ayu |
kawula têtiyang nistha |
bokmanawi kawula anênulari |
dhatêng kusuma rara ||
14. angandika Dèwi Sulasikin |
ora kaki kursi linggihana |
yèn tan arsa sira mangke |
lah apa cacadipun |
kêlasane wus sun dhuwiti |
pagene ora lênggah |
sira kaki dhayuh |
yèn tulus tan arsa lênggah |
apa gawe kaki sira praptèng ngriki |
apa sun bubrah lungkrah ||
15. Ki Sèh Madal aturira manis |
tiyang gunung tan sagêd asila |
ratu mas ing ngriki mawon |
Ki Madal malih matur |
sangêt ajrih kula jajari |
wangsul kusuma rara |
ingkang rupi banyu |
punika toya punapa |
anauri sira Dèwi Sulasikin |
dede banyu sumbêran ||
16. Ki Sèh Madal amicorèng ati |
bocah iki pan iya sêmbada |
dhasare ayu rupane |
tur manis têmbungipun |
sasolahe karya gung brangti |
sun duga sang dyah rara |
yèn sinêrêk kayun |
yêktinira pan sumarah |
kusumèng dyah sakarsa-karsa umiring |
dene sun wong wus tuwa ||
17. Ki Sèh Madal dangu datan angling |
apan tansah amicorèng nala |
dèn wolak-walik pikire |
ewuh têmên tiningsun |
bocah iki yèn sun jatèni |
kawruh ingsun kang nyata |
tan wande ing besuk |
ing donya praptèng ngakherat |
bocah iki nora wurung angrubêdi | iki kusuma rara ||
18. Ki Sèh Madal aturira manis |
gih punika datan kêna asat |
sajatine dika kuwe |
sipat jalal puniku |
ingkang rupi banyu puniki |
de kadadianira |
ni mas sang lir santun |
dadi otot gagêlangan |
inggih daging sipate Allah sayêkti |
sang dyah ngusap srinata ||
Dhandhanggula
Bismillahirahmanirrahim
1. ênêngêna kang agung prihatin |
Ki Sèh Madal wau kang kocapa |
kalunta-lunta lampahe |
mêdal sangking wana gung |
tan ana sinêdyèng ati |
tansah awirandhungan |
gènira lumaku |
lamun siyang kapanasan |
lamun udan Ki Madal têlês ing warih |
saya kalunta-lunta ||
2. lampahira pan sampun alami |
Ki Sèh Madal tan ana cinipta |
sêkul kalayan toyane |
iya ingkang cumêngklung |
apan arsa anginum warih |
minta samarga-marga |
datan antuk banyu |
basane kang jinalukan |
dika jaluk marang Dèwi Sulasikin |
puniku sugih toya ||
3. kawarnaa Dèwi Sulasikin |
wanci enjing miyos siniwaka |
kawan dasa parêkane |
pan sami ayu-ayu |
kadya lintang abyor ing siti |
ingkang minôngka wulan |
sang kusuma ayu |
pangagême tan ngapaa |
nyampingira wawulung dhasare mori |
sêmêkan nata brôngta ||
4. angandika Dèwi Sulasikin |
ingsun biyang dalu asupêna |
katone iku mangkene |
dangu gon ingsun alungguh |
ula tampar ingsun tingali |
dangu-dangu kang ula |
têka bisa agung |
angadêg kang ponang sarpa |
kaya-kaya têka mulêt marang mami |
aku nuli dèn untal ||
5. êmban inya pan umatur aris |
inggih gusti kang amindha sarpa |
sayêkti jatukramane |
mèsêm sang liring santun |
apan uwis punagi mami |
benjang yèn ingsun krama |
pasthi milih kakung |
tan arsa kang donya brana |
karsaningsun ing donya tumêkèng akir |
iku wong krama tunggal ||
6. êmban inya umatur wotsari |
yèn kenginga gusti kula têdha |
Ratu Bardangin kemawon |
mèsêm kusuma ayu |
dudu iku kang sun karsani |
bênêr kang kaya sira |
warnanya abagus |
iya iku dadi wisa |
sayêktine ora kêna dèn guroni |
puniku bêbegalan ||
7. pra parêkan tanapi sang dèwi |
lagya eca sami pagunêman |
kêsaru wau praptane |
kyai santri kang rawuh |
minta banyu linggih sarisik |
ponang santri wus tuwa |
warnanira bawuk |
atêtêkên kayu gêrang |
nulya linggih jawabe aminta warih |
mèsêm sang liring sêkar ||
8. iku sapa kang anjaluk warih |
biyang inya padha takonana |
parêkan angrubung kabèh |
ana ambêkta kayu |
kang sawênèh anyangking gitik |
ana kang gawa gêlagah |
padha ting kêracung |
kaki sira jaluk apa |
anauri ki tuwa kula puniki santri |
arsa anuwun toya ||
9. para inya sami anauri |
kaki sira apa kurang toya |
jaba kono banyu bae |
Ki Sèh Madal sumaur |
kula wau minta ing jawi |
ngalèh-ngalèh tan angsal |
datan darbe banyu |
kinèn nuwun mring sang rêtna |
sugihtoya nênggih Dèwi Sulasikin |
kula nulya akesah ||
10. angandika Dèwi Sulasikin |
kêbat sira paringana toya |
mêsakake têmên kuwe |
kaki sapa ranipun |
lawan ngêndi wismanirèki |
kawula Ki Sèh Madal |
wisma kula gunung |
lah ta sira malêbua |
Ki Sèh Madal amicorèng jroning ati |
sêmune kaya-kaya ||
11. Ki Sèh Madal ature aririh |
tiyang gunung botên sagêd sila |
ratu mas ing ngriki mawon |
ya ta sang rêtna ayu |
nulya salin busana adi |
sarwi angêmu waspa |
sang kusuma ayu |
ngandika marang ni inya |
angambila kursi sira dipun aglis | loro katêlu meja ||
12. Ki Sèh Madal ingaturan linggih |
jajar marang sang kusuma rara |
munggèng kursi dhewe-dhewe |
mejane munggèng ngayun |
kang dhaharan kêbak cinawis |
ya ta sang kusuma rara |
têmbungira arum |
ki tamu andika dhahar |
pêpanganan pundi kang dika karsani |
dene sarira kula ||
13. upamine lir bintaro kèli |
sapa bisa anyandhangi ragèngwang |
sayêkti jatukramane |
Ki Sèh Madal umatur |
kamipurun kawula gusti |
kawula lênggah jajar | kalawan sang ayu |
kawula têtiyang nistha |
bokmanawi kawula anênulari |
dhatêng kusuma rara ||
14. angandika Dèwi Sulasikin |
ora kaki kursi linggihana |
yèn tan arsa sira mangke |
lah apa cacadipun |
kêlasane wus sun dhuwiti |
pagene ora lênggah |
sira kaki dhayuh |
yèn tulus tan arsa lênggah |
apa gawe kaki sira praptèng ngriki |
apa sun bubrah lungkrah ||
15. Ki Sèh Madal aturira manis |
tiyang gunung tan sagêd asila |
ratu mas ing ngriki mawon |
Ki Madal malih matur |
sangêt ajrih kula jajari |
wangsul kusuma rara |
ingkang rupi banyu |
punika toya punapa |
anauri sira Dèwi Sulasikin |
dede banyu sumbêran ||
16. Ki Sèh Madal amicorèng ati |
bocah iki pan iya sêmbada |
dhasare ayu rupane |
tur manis têmbungipun |
sasolahe karya gung brangti |
sun duga sang dyah rara |
yèn sinêrêk kayun |
yêktinira pan sumarah |
kusumèng dyah sakarsa-karsa umiring |
dene sun wong wus tuwa ||
17. Ki Sèh Madal dangu datan angling |
apan tansah amicorèng nala |
dèn wolak-walik pikire |
ewuh têmên tiningsun |
bocah iki yèn sun jatèni |
kawruh ingsun kang nyata |
tan wande ing besuk |
ing donya praptèng ngakherat |
bocah iki nora wurung angrubêdi | iki kusuma rara ||
18. Ki Sèh Madal aturira manis |
gih punika datan kêna asat |
sajatine dika kuwe |
sipat jalal puniku |
ingkang rupi banyu puniki |
de kadadianira |
ni mas sang lir santun |
dadi otot gagêlangan |
inggih daging sipate Allah sayêkti |
sang dyah ngusap srinata ||
Comments
Post a Comment