
Pangkur
1. yèn sira anggêgurua |
ngulatana guru ingkang sayêkti |
kang sampun putus ing ngèlmu |
sarengat lan tarekat |
lan khakekat makripat salawasipun |
lawan sira têtakona |
bumi kang papitu yayi ||
2. lan langit papitu ika |
dumunungna nyata nèng jroning jisim |
iku sira dipun wêruh |
dadi jatining manungsa |
yèn tan wêruh durung Islam janma iku |
pan maksih Islam-islaman | jatine wong tuwa tuli ||
3. yèn sira ayun wêruha |
ingkang aran bumi pêpitu yayi |
bumi kang dhingin puniku |
kang aran bumi rêtna |
kaping kalih ingkang aran bumi kalbu |
sanubari kaping tiga | kaping pate bumi budi ||
4. bumi jinêm kaping lima |
kaping nême bumi suksma puniki |
bumi rasa kaping pitu |
wus jangkêp pitung prakara |
pan binabar têgêse bumi pêpitu |
anadene bumi rêtna |
ing dhadha dununge yêkti ||
5. yaiku gêdhong kastuba |
panggonane sakèhing manungsa iki |
astanane Islam iku | yayi bumi satunggal |
kaping kalih bumi kalbu wastanipun |
iya astanane Islam | kaping tiga sanubari ||
6. iku astanane tunggal |
kaping pate kang aran bumi budi |
astanane pikir iku |
bumi jinêm ping lima |
astanane kang sayêkti sih satuhu |
kaping nême bumi suksma |
astananira Hyang Widi ||
7. kaping pitu bumi rasa |
têgêsipun yaiku ingkang urip |
têgêse urip satuhu |
ingakên wujud Allah |
dèn waspada sakèh kang padha karungu |
yèn sira ayun Islama |
kasmaran mangun abrangti ||
Asmaradana
1. sira kawruhana malih |
aran langit pitu ika |
dèn waspada sira anggèr |
dununge anèng sarira |
iku ingaranan nyawa |
langit jasmani puniku |
tinitah marang Hyang Suksma ||
2. yayi iku kang satunggil |
kapindhone kang ingaran |
iku êroh sajatine |
amêpêki nèng sarira |
cinatur kaping tiga |
langit napsani ranipun |
amêpêki badanira ||
3. kaping pat langit rokhani |
amêpêki ngèlmunira |
ing badanira sakèhe |
langit rohmani ping lima |
amêpêki kang cahya |
nèng badanira puniku |
langit nurani kang mulya ||
4. iya iku kang mêpêki |
madhêp ing badan sadaya |
langit roh ilapi mangke |
puniku nyatane asrah |
nèng badannya sadaya |
iku sira dipun wêruh |
dadi mulyaning manungsa ||
5. sira kawruhana malih |
ingkang aran kanugrahan |
lawan nugraha jatine |
nugrahan mungguh kawula |
yèn nugraha Hyang Suksma |
lir bêdhug iku tinabuh |
têtabuhe kanugrahan ||
6. unine nugraha jati |
kang nabuh manungsa mulya |
ingkang mantêp panrimane |
wong pana tigang prakara |
antuk jênêng manungsa |
iku janma kang linuhung |
wong cêngêng marang Pangeran ||
7. iku salat kang sajati |
wong pana tigang prakara |
lir toya mili sêmbahe |
yogya sami ngawruhana |
pan iku printahing Hyang |
sirna luluh kang tinêmu |
labête wus wujut tunggal ||
8. lawan kawruhana malih |
siksa kubur dèn waspada |
apa kang siniksa mangke |
apa kulit dagingira |
apa ta badan nyawa |
balung roh datullah iku |
kang jasat manut kiwala ||
9. badan sakojur puniki |
lir sarah munggèng lautan |
tumindak lan nugrahane |
yêkti pan drêma kewala |
mobah musiking suksma |
ing saparan-paran anut |
tan darbe polah priyôngga ||
10. ingkang dipun siksa nênggih |
dudu jasat dudu nyawa |
dudu suksma sajatine |
dudu rasa kang siniksa |
yêktine apan iya |
sipatulloh kang tumimbul |
kang jasat anut kiwala ||
11. ingkang dipun siksa nênggih
apan ta caritanira |
yaiku yayi ing têmbe |
panggonanira kang mulya |
têngahe wringin sungsang |
iku sira dipun wêruh |
ênggone wong rasa tunggal ||
Comments
Post a Comment