Raden Sumarja 5
Maskumambang
1. lah punika anak mas kang dèn ulati |
purnane kasedan |
pamoring kawula Gusti |
gih wrôngka manjing curiga ||
2. ing wêkasan nata Prabu Dwarawati |
manjing candhi sêkar |
pamuksanira lêstari |
dados jangkêping Pandhawa ||
3. Dyan Sumarja Sumarta myang cantrik kalih |
nalika miyarsa |
caritaning sang miyarsi |
lênglêng kapencuting driya ||
4. Sang Sumarja mring pandhita matur aris |
prakawis punika |
sintên kang bangkit angudi |
lan pundi margane amba ||
5. nunggil tekad lawan Gôndawaktrasiwi |
sang tapa ris mojar |
marmanggèr angèl sayêkti |
môngka mamrih kautaman ||
6. lamun botên mawi tekad mati ragi |
dhuh môngsa angsala |
ananging ing môngsa iki |
kathah kawruh piyagahan ||
7. dèrèng wikan warnane kang dèn ulati |
gone pakaryanya |
ancêr-ancêr sing pawarti |
wani ngiyas kang kuwasa ||
8. yèn dèn ungsêt têmah bingung pringas-pringis |
laranganing kathah |
barang-bèrèng botên kenging |
jêblèse sarpin-sarpinan ||
9. guru gagah ciptanira krimas-krimis |
dadosipun sama |
kula ajrih amastani |
prakawis ingkang punika ||
10. radèn kalih andhêku umatur aris |
adhuh kasinggihan |
tan wontên ingkang anisip |
têtela lamun kawula ||
11. sangêt laip ing manah botên dumugi |
sang tapa ris mojar |
niki gèr mèh gagat enjing |
suwawi mêdal ing langgar ||
12. kang ingatag kalihe tan nyulayani |
bakdaning sêmbahyang |
rahadèn kantun nèng masjid |
sang pandhita malbèng wisma ||
Tamat lampahipun Bimasuci.
Wallahu a'lam.
Maskumambang
1. lah punika anak mas kang dèn ulati |
purnane kasedan |
pamoring kawula Gusti |
gih wrôngka manjing curiga ||
2. ing wêkasan nata Prabu Dwarawati |
manjing candhi sêkar |
pamuksanira lêstari |
dados jangkêping Pandhawa ||
3. Dyan Sumarja Sumarta myang cantrik kalih |
nalika miyarsa |
caritaning sang miyarsi |
lênglêng kapencuting driya ||
4. Sang Sumarja mring pandhita matur aris |
prakawis punika |
sintên kang bangkit angudi |
lan pundi margane amba ||
5. nunggil tekad lawan Gôndawaktrasiwi |
sang tapa ris mojar |
marmanggèr angèl sayêkti |
môngka mamrih kautaman ||
6. lamun botên mawi tekad mati ragi |
dhuh môngsa angsala |
ananging ing môngsa iki |
kathah kawruh piyagahan ||
7. dèrèng wikan warnane kang dèn ulati |
gone pakaryanya |
ancêr-ancêr sing pawarti |
wani ngiyas kang kuwasa ||
8. yèn dèn ungsêt têmah bingung pringas-pringis |
laranganing kathah |
barang-bèrèng botên kenging |
jêblèse sarpin-sarpinan ||
9. guru gagah ciptanira krimas-krimis |
dadosipun sama |
kula ajrih amastani |
prakawis ingkang punika ||
10. radèn kalih andhêku umatur aris |
adhuh kasinggihan |
tan wontên ingkang anisip |
têtela lamun kawula ||
11. sangêt laip ing manah botên dumugi |
sang tapa ris mojar |
niki gèr mèh gagat enjing |
suwawi mêdal ing langgar ||
12. kang ingatag kalihe tan nyulayani |
bakdaning sêmbahyang |
rahadèn kantun nèng masjid |
sang pandhita malbèng wisma ||
Tamat lampahipun Bimasuci.
Wallahu a'lam.
Comments
Post a Comment