Skip to main content

Suluk Purwadaksino 2

Suluk Purwadaksino 2 
Asmaradana

1. kawula pitakèn malih |
kadospundi wong alara |
alam punapa anane |
kawula dèrèng wuninga |
mugi ajarumana |
mamrih padhanga tyas ulun |
duk lagi polah Pangeran ||

2. alam punapa wastèki |
miwah duk cêngêng punika |
alam punapa wastane |
kawula dèrèng wuninga |
mugi dèn jarwanana |
Purwaduksina amuwus |
dhuh yayi musthikèng tilam asmara |

3. papujaningsun wong kuning |
gurune èstri sajagad |
yèn lagi ngrasa larane |
iku yayi alam topan |
dèn eling marang Hyang Suksma |
de polah Pangeran iku |
yayi aran alam tobat ||

4. winastan gaibolahi |
cêngêng lagi ingaranan |
alam kabir iku mangke |
kang jagad langgêng duk baka |
umatur ingkang garwa |
sintên tuwan ingkang rawuh |
kang sami tilik kaanan ||

5. sintên kang dhatêng rumiyin |
telane satunggal-tunggal |
lah tuwan padhangna ingong |
Purwaduksina ngandika |
Jabrail ingkang têka |
abang cahyane puniku |
dèn awas pawasira ||

6. ping kalih cahya Mikail |
ijo warnane mêrkilat |
ping tiga Israpil mangke |
putih cahyane sanyata |
sangking netra wêdalnya |
abang pipi wêdalipun |
kang ijo sangking têngênnya ||

7. ping pate yayi Ngijrail |
cahyane kuning punika |
mêdal sangking bathuk mangke |
iku kang wus pasthi tingal |
têkaa tri prakara |
yèn tan ana siji iku
sayêkti lara kewala ||

8. durung praptèng môngsa pati |
yèn wuninga ta punika |
dèn awas sira nah anggèr |
Ngijrail kang darbe tingal |
têmon Nabi Mukhamad |
iku parêk ajalipun |
wus andungkap ingkang lawang ||

9. sêgara panya kang nami |
sawuse ngancik punika |
nulya mancal sira anggèr |
iya sêgara istikar |
sampun liwat kang nyawa |
anulya yayi pan munjuk |
ing sêgara langkah ika ||

10. andungkap sêgara malih |
anèng sêgara istigna |
sampun liwat nyawa mangke |
duk ngambah sêgara kiyam |
ing kono nulya liwat |
sêgara rante puniku |
nulya liwat ingkang nyawa ||

11. wus andungkap aras kursi |
miwah dhindhing jalal ika |
andulu sira ing kono |
katingal kalih prakara |
tingalan kahit ika |
alam wus mênga puniku |
anulya malih katingal ||

12. ing ngriku kandhêga malih |
tumingal sêgara cahya |
kalintang dene wêninge |
umatur aris ingkang garwa |
kadospundi têgêsnya |
sêgara panya puniku |
tuduhna awak kawula ||

13. sêgara iptikar nênggih |
mugi tuwan jarwanana |
inggih sawiji-wijine |
Pangeran guru kawula |
Purwaduksina ngucap |
dhuh mirah gusti riningsun |
wong ayu pêpujaningwang ||

14. sayêkti gurune èstri |
wajib ingsun tuduhêna |
sêgara panya têgêse |
yaiku wawêngkonira |
de sêgara punika |
iptikar pan têgêsipun |
yaiku jajêngkonira ||

15. sêgara istigna yayi |
wêwudêlira sanyata |
dhuh mirah papujaningong |
sêgara panya punika |
yaiku sikutira |
sêgara rante riningsun |
têgêse pan ususira ||

16. yèn sira durung udani |
arane mirah riningwang |
sêgara cahya nah anggèr |
sanubari kang sanyata |
dene sêgara kiyam |
yayi dhadhanira iku |
dene ta sêgara cahya ||

17. iya netranira yêkti |
jangkêp papitu sêgara |
kang tumrap sarira kabèh |
nyatane kang anèng raga |
umatur ingkang garwa |
wontên tiyang takèn ulun |
dhindhing jalal khakekatnya ||

18. kalawan kang aran kursi |
lan lohkalam têgêsira |
lah tuwan padhangna ingong |
kawula pan dèrèng wikan |
Pangeran guru amba |
lan gunung Tursina iku |
miwah têtimbanganira ||

19. lan wot siratal mustakim |
mugi tuwan tuduhêna |
lungguhe punika mangke |
Purwaduksina ngandika |
aran aras kursika |
lawan buwang aras iku |
buwangira ingaranan ||

20. ilatira dhuh mas yayi |
têgêse uwot siratal |
dene timbangan lungguhe |
iya bau keri kanan |
dene aran lohkalam |
iku yayi têgêsipun |
lathinira kang sanyata ||

21. gunung Tursina ta yayi |
pan irung iku têgêsnya |
dèn gawa kumpule kabèh |
ing gulu gènnya sênêtan |
nyawa iku kang gawa |
lawan paningalirèku |
wus andungkap anèng lawang ||

22. nyawa anèng alam kiyami |
alam kiyam bathuk ika |
alam kahit iku githok |
ing kono andhêge nyawa |
duk aningali cahya |
cahyane Mukhamad rasul |
iku alam ingkang mulya ||

23. sawuse nèng kono yayi |
nulya ana utusaning Hyang |
malaekat salsahil mangke |
awèh nyawa ta punika |
anèng langit parannya |
dèn awas para riningsun |
ing kono amanggih rupa ||

24. cahya lir purnama sidi |
sirna kaananing Suksma |
kang garwa nulya pitakèn |
kadospundi langit ika |
salsahil nyatanira |
Purwaduksina lon muwus | anadene langit ika ||

25. ya cêthakira puniki |
kang bumi nyata riningwang |
iya sangisor ilate |
malaekat salsahil ika |
yayi kêkawahira |
dene aruman puniku |
iku ari-arinira ||

26. kirun wanakirun yayi |
sajatine bungkusira |
iku kawruhana anggèr |
kang rayi malih atanya |
adhuh kyai guru amba |
mugi jarwanana ulun |
kang pinanggih jroning pêjah ||

27. Purwaduksina nauri |
kang pinanggih jro sêkarat |
pasthi rupanira dhewe |
lamun sampun arsa pêjah |
nunggil dadi satunggal |
surat kang rupa puniku |
unine muji ing Allah ||

28. yayi iku mukhamati |
tuladanira Pangeran |
ujar iku wadi anggèr |
iku jênênge sêkarat |
ujar kang linarangan |
mulane janma kang luhung |
ajrih lamun narbukaa ||

29. marga iku ari mami |
ujar iku linarangan |
lamun jodhèr kêkêrane |
lir ngadu pucuk ri ika |
sisipa tibèng jurang |
kang garwa alon umatur |
inggih nuwun guru amba ||

30. kawula atakèn malih |
kados ta nyawa punika |
kadospundi ing têgêse |
kang aran nyawa punika |
kawula dèrèng wikan |
ing satunggal-tunggalipun |
nyawa kathah ingkang kocap ||

31. mugi jarwanana mami |
Purwaduksina ngandika |
adhuh ariningsun anggèr |
yayi ingkang aran nyawa |
iku limang prakara |
ingaranan yayi iku |
ênur sajuga arannya ||

32. dene ingkang kaping kalih |
kang êroh mangke punika |
akal ing kaping tigane |
sêkawane Allah ika |
kaping limane alam |
sajatine nyawa iku |
yèn sira durung wuninga ||

33. têgêse kang nur puniki |
amadhangi ing kaanan |
têgêse roh iku mangke |
iya yayi uripira |
têgêse kalam ika |
pangandikane Hyang Agung |
sayêktine budinira ||

34. kang Allah jênêngerèki |
wus jangkêp lalima ika |
puniku tuduh sun anggèr |
anggitên jroning wardaya |
dhuh mirah pujaningwang |
sawênèh ana kang muwus |
nora wikan maring nyawa ||

35. kang garwa umatur aris |
inggih kawula narima |
duk gaib napa wastane |
nyawa lagi nèng wêwadhah |
dhuh tuwan jatènana |
Purwaduksina lingnya rum |
yayi duk gaibe ika ||

36. sampune tunggalan iki |
naptu gaib iku iya |
nalika kumpul cahyane |
tunggal êning aran tunggal |
taksih kumpule nyawa |
aran alam padhang iku | nyawa gêgantungan ika ||

37. sèjèn lapal iku jati |
tunggalipun ta punika |
kawruhana sira anggèr |
iya yayi uluhiyah |
puniku tunggalira |
kang lintang johar puniku |
iku nyawa sajatinya ||

38. gêlaring jagad puniki |
nyawa kang duwe paesan |
nyawa Allah sajatine |
ya Mukhamad kalih ika |
jatine nyawanira |
iya yayi tunggalipun |
aja akèh tungkulira ||

39. ujar iku yayi tunggil |
mulane akèh kang aran |
dene kiyas iku mangke |
pinatuk lawan pandhita |
mila akèh rêrasan |
kang bodho kagetan iku |
ujar iku kang wus nyata ||

40. sampurnane jasat iki |
datan ana wêwangênan |
nora bêstu suwung mangke |
sampun manjing kupur-kopar |
iku jatining gêsang |
kalamun nora puniku |
jatining manungsa ika ||

41. kang roh mandhêg tingal sêpi |
dene wus abadan Allah |
kang garwa nungkêm padane |
guruningsun donya kerat |
andika sih mring amba |
pan sampun nyata ing ngriku |
tuduhe satunggal-tunggal ||

42. kaya priye iku yayi |
antêpe pangawruhira |
ingkang garwa lon ature |
kawula pan dèrèng wikan |
padhangna ing tyas ingwang |
Purwaduksina amuwus |
ya yayi papujaningwang ||

43. têgêse mangkene yayi |
pan wus ilang tingalira |
nêpsune wus lêbur kabèh |
pangucapira wus sirna |
liwang-liwung dadinya |
ing swarga tan krasan iku |
krana tan arsa panggiha ||

3. Dhandhanggula

1. adhuh yayi kawruhana malih |
ing pasthine Gusti lan kawula |
yèn padudon tanpa gawe |
sayêktine riningsun |
datan kêna ingaran tunggil |
ya Gusti ya kawula |
ya dasih ya ulun |
adhuh yayi mirah ingwang |
lamun pisah sayêktine tanpa dadi |
yèn tunggal siya-siya ||

2. kadya ngangsu pikulane warih |
angupaya gêni ariningwang |
de wus dêdamaran mangke |
kodhok ngêmut lèngipun |
rôngka manjing nèng curiganèki |
baita mot sagara |
tapak kontul mabur |
kuda ngêrap ing pandêngan |
kang pêmbarêp adhine wuragil yayi |
lawan tambining pucang ||

3. wontên siti pinêndhêm ing bumi |
lawan banyu dèn êndhêm ing toya |
lawan srêngenge pinepe |
kang dahana tinunu |
pêrcekanên iku ta yayi |
pan kabèh iku cipta |
ciptane wong luhung |
ana gusti angawula |
ana dasih kinawulan dening gusti |
iku sira dèn awas ||

4. kabèh iku dèn graitanên yayi |
sasmitane ujar kang mangkana |
wetan kulon wusanane |
lan wêkasane lor kidul |
sarta yayi susuhing angin |
luhur lawan ing ngandhap |
ing wêkasanipun |
sasmita aja angarang |
takokêna pandhita ingkang linuwih |
kang wus sampurnèng tingal ||

5. miwah irêng mangke kang aputih |
ing wiwitan yayi lan wêkasan |
iku kawruhana anggèr |
kang dasih lan sang ulun |
miwah Gusti kawula nênggih |
kang kulon lan kang wetan |
lor kalawan kidul |
lan katon ingkang katingal |
iya poma gurokêna kang sayêkti |
yèn sira durung awas ||

6. lawan yayi têtakona malih |
mring pandhita kang wus waskithèng tyas |
kang anom pambarêp mangke |
adhine ragil iku |
lan wêlanjar durung alaki |
lawan yayi alila |
sajroning aturu |
pêrawan tansah ing priya |
lawan rôndha durung apêputra iki |
lan wêkasaning sinjang ||

7. lan jatine lanang lawan èstri |
sarta yayi Gusti lan kawula |
dhalang kêlawan wayange |
yèn sira durung wêruh |
poma iku takokna yayi |
aja sira diguna |
ewuh ujar iku |
kathah janma tibèng sasar |
salah tômpa ragane dinalih jati |
mulane tibèng sasar ||

8. lawan sira têtakona yayi |
sajatine Gusti kang ngawula |
kang Gusti kawula anggèr |
tunggale loro iku |
lan karone tunggale singgih |
iku dèn kawruhana |
sidane pangawruh |
lawan sampurnaning tunggal |
poma iku yayi gurokna sayêkti |
sampurnane panêmbah ||

9. sarta manèh kawruhana yayi |
patêmone Gusti lan kawula |
dhalang kêlawan wayange |
ewuh ujar puniku |
datan kêna sinambi-sambi |
lamun datan ngèstokna |
sira manggih suwung |
ujare kang wus waskitha |
nyawa iku pêpanggihan karon-ron sih |
wêkasane panrima ||

10. upamane gusti mirah mami |
kadya janma nèng jroning paprêman |
paranbaya patêmone |
pamuji èstri jalu |
nora kêna dhingini liring |
têmahan kênèng cidra |
loji têmahipun |
pilih-pilih kang tumêka
bokmênawa iku winastanan jati |
asor jênênge priya ||

11. wong lanang apa jayane èstri |
maksih nganggo kang dudu dinuga |
apan têka wêkasane |
pangantèn wis sawindu |
durung kêna ujungan liring |
katungkul sandhang pangan |
yèn atangi turu |
polahe kêkanthèn asta |
nanging dèrèng acarêm salaki rabi |
tansah pulang asmara ||

Tamat, Purwaduksina mulang kang garwa Dèwi Sarirasa.

Comments

Popular posts from this blog

Makna Kembang Setaman

MAKNA BUNGA " kembang staman "  dalam Sesaji Jawa  Kembang setaman versi Jawa" terdiri dari beberapa jenis bunga Yakni : Mawar, Melati, kanthil & Kenanga. Mengenal Berbagai Simbol Penghormatan Dalam falsafah hidup Jawa, berbakti kepada kedua orang tua dan para leluhur yang menurunkan adalah suatu ajaran yang diagungkan. Orang Jawa yang memahami hakekat hidup, tentunya akan sangat memahami apabila kesuksesan lahir dan batin tak akan bisa diraih apabila kita menjadi seorang anak atau generasi penerus yang durhaka kepada orang tua dan para leluhur yang menurunkannya. Ungkapan rasa berbakti, tidak hanya diucapkan dalam ikrar doa-doa puji-pujian yang ditujukan kepada leluhurnya. Salah satu wujud konkrit rasa berbakti tersebut adalah berupa sesaji, yang dimaksud sebagai persembahan atas segala rasa hormat dan rasa terimakasih tak terhingga kepada para leluhur yang telah wafat yang mana semasa hidupnya telah berjasa memberikan warisan ilmu, harta-benda, dan lingku...

Negarakertagama (Sansekerta)

Negarakertagama   Kitab Negarakertagama ini terdiri dari 98 Pupuh (Bagian dalam penulisan menggunakan media daun lontar) dan terdiri dari 2 bagian yang sama-sama setiap bagiannya tersebut terdiri dari 49 Pupuh. Berikut bagian dari pupuh-pupuh tersebut :  Bagian I -7 Pupuh tentang Raja dan Keluarganya -9 Pupuh tentang Kota dan Wilayah Majapahit -23 Pupuh tentang Perjalanan Raja keliling ke Lumajang -10 Pupuh tentang Silsilah Raja Majapahit Bagian II -5 Pupuh tentang perburuan Raja di Hutan Nandawa -5 Pupuh tentang perjalana pulang Raja ke Majapahit -1 Pupuh tentang oleh-oleh yang dibawa pulang dari berbagai daerah yang dikunjung -10 Pupuh tentang perhatian kepada leluhur -2 Pupuh tentang kematian Gajah Mada -10 Pupuh tentang bangunan-bangunan suci di Jawa dan Bali -9 Pupuh tentang upacara berkala -7 Pupuh tentang pujangga pemuja raja(Tentang diri Prapanca) NEGARA KERTAGAMA PUPUH 1-7 [Pupuh 1]     om nathaya namostu te stutinin atpada ri pada bhatara nityaça,...

Filosofi Jawa

Orang Jawa pada jaman dahulu selalu mempergunakan FILOSOFI/ UNEN-ENEN untuk menata kehidupan sehari-hari. Dan menerapkannya, maka dari itulah orang Jawa kuno terlihat lebih SANTUN daripada orang Jawa sekarang yang sudah terpengaruh oleh MODERNISASI, yang lebih mengutamakan EGO  daan kesenangan diri sendiri karena hanya mempelajari ilmu di bangku sekolah saja. Mungkin perlu adanya pembelajaran pada anak muda sekarang tentang MAKNA DAN ARTI HIDUP yang sejati dengan bantuan Filosofi Jawa Kuno. Sering terdengar perkataan yang terlontar dari orang-orang Jawa tua untuk anak2 muda sekarang WONG JOWO NANGING ORA JAWANI  yang artinya Orang Jawa tetapi tidak mengerti dan memahami makna dan tatanan kebaikan .  Di bawah ini sedikit dari Filosofi Jawa yang mungkin bisa mengingatkan dan membuka hati kita semua tentang keindahan FILOSOFI JAWA  yang masih cocok untuk diterapkan di sepanjang jaman. Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanp...