Purwaduksina Mulang Kang Garwa Dèwi Sarirasa
Mawi kasêkarakên ing ngandhap punika:
Bismillahirahmanirrahim
Dhandhanggula
1. Purwaduksina angandika aris |
pan amurwa kang ngèlmu sanyata |
apitutur ing garwane | Dèwi Sarirasa iku |
garwanira dipun tuturi |
pratingkahe ngagêsang |
poma aja tungkul |
dèn waspada sira nimas |
ing batine pacuwan tingal kang silip |
têmahan dadi bahya ||
2. lamun sira yayi tan ngawruhi |
sayêktine ing têmbe kêsasar |
marga akèh rêncanane |
yèn sira sampun wêruh |
sajatine sarira iki |
sasat wêruh Pangeran |
iku jatinipun |
aja ta kang kaya sira |
lamun ora kêna rêncananing eblis |
dene Jêng Nabi Adam ||
3. parandene nèng jroning swarga di |
apan kagodha mring eblis lanat |
prandene wus limpat kuwe |
aja manèh sirèku |
dhuh mas yayi nora akêni |
dene dèrèng wuninga |
jatine pangawruh |
prayuga atêtakona |
ariningsun nyatane tingal kang urip |
iku pagurokêna ||
4. ingkang garwa sigra matur aris |
lah ta inggih pangandika tuwan |
mugi tulusa gêng sihe |
sangking bodho wak ingsun |
sapa sintên ingkang madhangi |
yèn botên paduka tuwan |
tuduh marga ayu |
Purwaduksina ngandika |
pirangbara yèn ana sihe Hyang Widi
têtulung marang sira ||
5. iya iku yayi dipun eling |
aja nyata sira kang mangkana |
iku riya-riya bae |
miwah yèn anggêguru |
takokêna ujar puniki |
ingkang wolung prakara |
dèn têtela iku |
wiwit mas kawine Allah |
lan Mukhamad ping kalih aras lan kursi |
poma yayi takokna ||
6. kaping tiga mas kawine wêngi |
lan raina ping sêkawanira |
lintang lawan ngèlmu mangke |
kaping limane iku |
mas kawine jalu lan èstri |
iku yayi takokna |
kaping nême iku |
mas kawine wulan ika |
lan srêngenge bumi lan langit punika
iku dèn takokêna ||
7. kaping wolu mas kawine swargi |
lan naraka poma yayi wruha |
dèn têtela ing lungguhe |
apan akèh katungkul |
ujar iku tan dèn kawruhi |
yayi pagurokna ing sapungkur ingsun |
kang garwa aris turira |
inggih tuwan sangking sihira kyai |
nuwun kawula nêdha ||
8. kadospundi padhang awak mami |
kang ingaran mas kawine Allah |
lawan Mukhamat jatine |
lintang lan ngèlmu iku |
miwah aras kêlawan kursi |
kawula padhangana |
sangking kula tungkul |
andika wêjang kawula |
inggih ingkang mas kawin rina lan wêngi |
tuwan pratelakêna ||
9. Purwaduksina ngandika aris |
ariningsun wong ayu utama |
mas kawin akèh têgêse |
lawan Mukhamad iku |
patêmone nurolah yayi |
kêlawan uripira |
tunggal rasanipun
mas kawin aras punika |
lawan kursi patêmone rasa jati |
lawan cahya Mukhamad ||
10. anadene mas kawine èstri |
lawan jalu patêmone jasat |
kalawan nyawa jatine |
iman tunggalipun |[7]
yayi dene mas kawinnèki |
aras lan kursi ika |
patêmone sungsum |
pan tunggale nur bayunya |
lawan balung kumpule rasa puniki |
iku pamêjang ingwang ||
11. anadene kang lintang anênggih |
mas kawine lan ngèlmu punika |
aras muajar jatine |
patêmone puniku |
ciptanira iku ta yayi |
nèng sanubari nyata |
osiknya satuhu |
mas kawine bumi ika |
lawan langit patêmone utêk nênggih |
lawan sirullah ika ||
12. anadene mas kawine wêngi |
lan raina patêmone netra |
paputih lawan irênge |
rukyat iku ranipun |
patêmone kawula Gusti |
iku campuring rasa |
ing mangsane iku |
mas kawine kang nèng swarga |
lan nêraka patêmone napsu yayi |
kalawan budinira ||
13. lan tunggale angawruhi dhiri |
ing anane bêcik lawan ala |
sangking ing kono wêdale |
yèn wus nyata ing ngriku |
pêrbedane pan tunggal nênggih |
kaya ta wali ika |
mênèk sira ngrungu |
garwane aris atanya |
kadospundi patunggale dadi siji |
rêrasan kang mangkana ||
14. Purwaduksina ngandika aris |
pan tunggale ing wujud punika |
ing kono tunggal tingale |
sakèhe kang maujud |
iku yayi kawula Gusti |
poma waspadakêna |
Gusti wuwus ingsun |
kang garwa aris aturnya |
kadospundi wontên wong têtakon malih |
pitakènnya mangkana ||
15. kang aran nimas kadospundi |
nyatanira iman tokit ika |
makripat paran têgêse |
padhangêna wak ingsun |
tatelane sawiji-wiji |
kawula dèrèng wikan
padhangna tiningsun |
Purwaduksina ngandika
pan mangkene pamanggih ingsun sayêkti
nora ngulati Allah ||
16. iya urip Allah kang sayêkti |
ingaran yayi tokit ika |
idhêpe iku jatine |
nora karana ujud |
kang angucap puniku singgih |
kang winastanan Allah |
tan loro tatêlu |
iya arane sarira |
tokit iku tingale rasa sajati |
jatine yèn kaana |
17. anadene gusti mirah mami |
sajatine Suksma urip ika
kang Suksma nyata awake |
sayêkti tan kadulu |
raga iki upama yayi |
sarah munggèng lautan |
lumiriging alun |
satindak lawan nugraha |
iya iku kang aran manungsa jati |
jatine kang sampurna ||
18. yayi dene kang dèrèng udani |
wêdi mulat têtèbèng punika |
marga akèh durakane |
aran têtèbèng iku |
pakumpulan sakèhing ricik |
wali-wali punika |
para nabi iku |
miwah kang mukmin sêdaya |
garwanira umatur arum amanis |
tuwan nuwun kawula ||
19. ingkang garwa umatur wotsari |
wontên malih sujanma têtanya |
nabi pundi sayêktine |
jarumana tiningsun |
kadipundi ingkang sajati |
miwah ujar sakêcap |
wêjangên wak ingsun |
yèn mênêng tanpa upama |
wah Pangeran nyatanira mung sawiji |
miwah tingal sakêdhap ||
20. ing satindak kawula puniki |
sarta mangan sakêpêl punika |
nginum sacêgokan mangke |
mugi wêjangên ingsun |
lawan nyandhang sasuwir nênggih |
kawula dèrèng wikan |
padhangna tiningsun |
Purwaduksina ngandika |
ariningsun wong ayu juwita mami |
pilih kang kaya sira ||
21. anadene jarumaning jarumaning] ati |
kawruhana sampurnane iya |
jênênge ati thêlênge |
ujar sakêcap iku |
apan êdat wastane yayi |
laku ingkang satindak |
panarima iku |
tingal sakêdhap punika |
marang krama têgêse anginum warih |
nyatane maring iman ||
22. têgêse sira mangan iku yayi |
pan sakêpêl pêparinge Allah |
nyandhang sasuwir jatine |
pujinira puniku |
dèn kawangwang sajroning ati |
iku jatining gêsang |
tan uninga iku |
angrasaa padha-padha |
iku yayi iya angrasa wus suci |
dene sampun makripat ||
23. nora ana yayi amalnèki |
amung siji amalira dhawak |
ing sausikira dhewe |
garwanira umatur |
wêcanane arum amanis |
inggih kawula nêdha |
sangking sih pukulun |
paduka mêjang kawula |
praptèng dunya dumugining têmbe akir |
ulun tulusa arja ||
Mawi kasêkarakên ing ngandhap punika:
Bismillahirahmanirrahim
Dhandhanggula
1. Purwaduksina angandika aris |
pan amurwa kang ngèlmu sanyata |
apitutur ing garwane | Dèwi Sarirasa iku |
garwanira dipun tuturi |
pratingkahe ngagêsang |
poma aja tungkul |
dèn waspada sira nimas |
ing batine pacuwan tingal kang silip |
têmahan dadi bahya ||
2. lamun sira yayi tan ngawruhi |
sayêktine ing têmbe kêsasar |
marga akèh rêncanane |
yèn sira sampun wêruh |
sajatine sarira iki |
sasat wêruh Pangeran |
iku jatinipun |
aja ta kang kaya sira |
lamun ora kêna rêncananing eblis |
dene Jêng Nabi Adam ||
3. parandene nèng jroning swarga di |
apan kagodha mring eblis lanat |
prandene wus limpat kuwe |
aja manèh sirèku |
dhuh mas yayi nora akêni |
dene dèrèng wuninga |
jatine pangawruh |
prayuga atêtakona |
ariningsun nyatane tingal kang urip |
iku pagurokêna ||
4. ingkang garwa sigra matur aris |
lah ta inggih pangandika tuwan |
mugi tulusa gêng sihe |
sangking bodho wak ingsun |
sapa sintên ingkang madhangi |
yèn botên paduka tuwan |
tuduh marga ayu |
Purwaduksina ngandika |
pirangbara yèn ana sihe Hyang Widi
têtulung marang sira ||
5. iya iku yayi dipun eling |
aja nyata sira kang mangkana |
iku riya-riya bae |
miwah yèn anggêguru |
takokêna ujar puniki |
ingkang wolung prakara |
dèn têtela iku |
wiwit mas kawine Allah |
lan Mukhamad ping kalih aras lan kursi |
poma yayi takokna ||
6. kaping tiga mas kawine wêngi |
lan raina ping sêkawanira |
lintang lawan ngèlmu mangke |
kaping limane iku |
mas kawine jalu lan èstri |
iku yayi takokna |
kaping nême iku |
mas kawine wulan ika |
lan srêngenge bumi lan langit punika
iku dèn takokêna ||
7. kaping wolu mas kawine swargi |
lan naraka poma yayi wruha |
dèn têtela ing lungguhe |
apan akèh katungkul |
ujar iku tan dèn kawruhi |
yayi pagurokna ing sapungkur ingsun |
kang garwa aris turira |
inggih tuwan sangking sihira kyai |
nuwun kawula nêdha ||
8. kadospundi padhang awak mami |
kang ingaran mas kawine Allah |
lawan Mukhamat jatine |
lintang lan ngèlmu iku |
miwah aras kêlawan kursi |
kawula padhangana |
sangking kula tungkul |
andika wêjang kawula |
inggih ingkang mas kawin rina lan wêngi |
tuwan pratelakêna ||
9. Purwaduksina ngandika aris |
ariningsun wong ayu utama |
mas kawin akèh têgêse |
lawan Mukhamad iku |
patêmone nurolah yayi |
kêlawan uripira |
tunggal rasanipun
mas kawin aras punika |
lawan kursi patêmone rasa jati |
lawan cahya Mukhamad ||
10. anadene mas kawine èstri |
lawan jalu patêmone jasat |
kalawan nyawa jatine |
iman tunggalipun |[7]
yayi dene mas kawinnèki |
aras lan kursi ika |
patêmone sungsum |
pan tunggale nur bayunya |
lawan balung kumpule rasa puniki |
iku pamêjang ingwang ||
11. anadene kang lintang anênggih |
mas kawine lan ngèlmu punika |
aras muajar jatine |
patêmone puniku |
ciptanira iku ta yayi |
nèng sanubari nyata |
osiknya satuhu |
mas kawine bumi ika |
lawan langit patêmone utêk nênggih |
lawan sirullah ika ||
12. anadene mas kawine wêngi |
lan raina patêmone netra |
paputih lawan irênge |
rukyat iku ranipun |
patêmone kawula Gusti |
iku campuring rasa |
ing mangsane iku |
mas kawine kang nèng swarga |
lan nêraka patêmone napsu yayi |
kalawan budinira ||
13. lan tunggale angawruhi dhiri |
ing anane bêcik lawan ala |
sangking ing kono wêdale |
yèn wus nyata ing ngriku |
pêrbedane pan tunggal nênggih |
kaya ta wali ika |
mênèk sira ngrungu |
garwane aris atanya |
kadospundi patunggale dadi siji |
rêrasan kang mangkana ||
14. Purwaduksina ngandika aris |
pan tunggale ing wujud punika |
ing kono tunggal tingale |
sakèhe kang maujud |
iku yayi kawula Gusti |
poma waspadakêna |
Gusti wuwus ingsun |
kang garwa aris aturnya |
kadospundi wontên wong têtakon malih |
pitakènnya mangkana ||
15. kang aran nimas kadospundi |
nyatanira iman tokit ika |
makripat paran têgêse |
padhangêna wak ingsun |
tatelane sawiji-wiji |
kawula dèrèng wikan
padhangna tiningsun |
Purwaduksina ngandika
pan mangkene pamanggih ingsun sayêkti
nora ngulati Allah ||
16. iya urip Allah kang sayêkti |
ingaran yayi tokit ika |
idhêpe iku jatine |
nora karana ujud |
kang angucap puniku singgih |
kang winastanan Allah |
tan loro tatêlu |
iya arane sarira |
tokit iku tingale rasa sajati |
jatine yèn kaana |
17. anadene gusti mirah mami |
sajatine Suksma urip ika
kang Suksma nyata awake |
sayêkti tan kadulu |
raga iki upama yayi |
sarah munggèng lautan |
lumiriging alun |
satindak lawan nugraha |
iya iku kang aran manungsa jati |
jatine kang sampurna ||
18. yayi dene kang dèrèng udani |
wêdi mulat têtèbèng punika |
marga akèh durakane |
aran têtèbèng iku |
pakumpulan sakèhing ricik |
wali-wali punika |
para nabi iku |
miwah kang mukmin sêdaya |
garwanira umatur arum amanis |
tuwan nuwun kawula ||
19. ingkang garwa umatur wotsari |
wontên malih sujanma têtanya |
nabi pundi sayêktine |
jarumana tiningsun |
kadipundi ingkang sajati |
miwah ujar sakêcap |
wêjangên wak ingsun |
yèn mênêng tanpa upama |
wah Pangeran nyatanira mung sawiji |
miwah tingal sakêdhap ||
20. ing satindak kawula puniki |
sarta mangan sakêpêl punika |
nginum sacêgokan mangke |
mugi wêjangên ingsun |
lawan nyandhang sasuwir nênggih |
kawula dèrèng wikan |
padhangna tiningsun |
Purwaduksina ngandika |
ariningsun wong ayu juwita mami |
pilih kang kaya sira ||
21. anadene jarumaning jarumaning] ati |
kawruhana sampurnane iya |
jênênge ati thêlênge |
ujar sakêcap iku |
apan êdat wastane yayi |
laku ingkang satindak |
panarima iku |
tingal sakêdhap punika |
marang krama têgêse anginum warih |
nyatane maring iman ||
22. têgêse sira mangan iku yayi |
pan sakêpêl pêparinge Allah |
nyandhang sasuwir jatine |
pujinira puniku |
dèn kawangwang sajroning ati |
iku jatining gêsang |
tan uninga iku |
angrasaa padha-padha |
iku yayi iya angrasa wus suci |
dene sampun makripat ||
23. nora ana yayi amalnèki |
amung siji amalira dhawak |
ing sausikira dhewe |
garwanira umatur |
wêcanane arum amanis |
inggih kawula nêdha |
sangking sih pukulun |
paduka mêjang kawula |
praptèng dunya dumugining têmbe akir |
ulun tulusa arja ||
Comments
Post a Comment