Suluk Dewi Sulasikin bag 6
Asmaradana
1. yèn sira nêmbah amuji |
pujine katur mring sapa |
yèn katura Pangerane |
apan datan warna rupa |
lamun datan katura |
tanpa gawe sêmbahipun | angur aja amujia ||
2. lamun ngaturana puji |
marang Allah sumêntana |
apan dudu pêpadhane |
pan iku ingkang amurba |
kang masesa ing sira |
dèn wêruh wiwitanipun |
kang nêmbah lawan kang sinêmbah ||
3. puji sapa kang duwèni |
pan puji-pujine Allah |
kawula datan andarbe |
kawula ora kuwasa |
miwah panggawenira |
tanlèn badane sakojur |
anging Allah kang akarya ||
4. êndi aran sêmbah puji |
têgêse puji punika |
kanugrahan sajatine |
kang tumiba ing kawula |
êndi aran nugrahan |
iya urip têgêsipun |
ya urip-uripe sapa ||
5. lamun uripe Hyang Widi |
tan urip kalawan nyawa |
têgêse nyawa jatine |
kang tumiba ing kawula |
ingkang aran nugrahan |
têgêse nugraha iku |
iya uripe manungsa ||
6. êndi têgêse urip |
wong urip angawruhana |
dèn bêcik ing panrimane |
angèl jênênging agêsang |
têgêse gêsang ika |
nastiti ingkang tatêlu |
iman tokit lan makripat ||
7. têgêse iman lan tokit |
kang iman angèstokêna |
ngèstokakên Pangerane |
têgêsira Allah iya |
Kang Agung Maha Mulya |
tan loro datan têtêlu |
amung Allah mung satunggal ||
8. êndi ingkang aran tokit |
apan tunggal sajatinya |
panglêburan ing karone |
tan ana Gusti kawula |
yèn tunggal kadiparan |
yèn pisaha yêkti suwung |
apan nora pisah tunggal ||
9. sêlamêt sira ngawruhi |
têgêse tokit punika |
tunggal lawan kawulane |
kawula pan nora nana |
pan jênênge kawula |
sajati-jatine suwung |
tanpa tingkah tanpa polah ||
10. kature sêmbah lan puji |
katura mring dhèwèkira |
dhèwèke Allah jatine |
pan nora sêmbah-sinêmbah |
êndi kang aran Allah |
iya pan wajibul wujud |
sajatine iku ana ||
11. kang nêmbah lawan kang muji |
kanyataan ing datullah |
pan dudu unine dhewe |
pasthi jênênge panrima |
lah iku kawruhana |
tanpa polah tanpa wujud |
lir sarah munggèng lautan ||
12. jênênge sêmbah lan puji |
tan liyan kang panarima |
tan uninga salawase |
dene Pangeran Kang Mulya |
duk alit têkèng tuwa |
dèn bêcik panrimanipun |
angèl jênênge panrima ||
Asmaradana1. yèn sira nêmbah amuji |
pujine katur mring sapa |
yèn katura Pangerane |
apan datan warna rupa |
lamun datan katura |
tanpa gawe sêmbahipun | angur aja amujia ||
2. lamun ngaturana puji |
marang Allah sumêntana |
apan dudu pêpadhane |
pan iku ingkang amurba |
kang masesa ing sira |
dèn wêruh wiwitanipun |
kang nêmbah lawan kang sinêmbah ||
3. puji sapa kang duwèni |
pan puji-pujine Allah |
kawula datan andarbe |
kawula ora kuwasa |
miwah panggawenira |
tanlèn badane sakojur |
anging Allah kang akarya ||
4. êndi aran sêmbah puji |
têgêse puji punika |
kanugrahan sajatine |
kang tumiba ing kawula |
êndi aran nugrahan |
iya urip têgêsipun |
ya urip-uripe sapa ||
5. lamun uripe Hyang Widi |
tan urip kalawan nyawa |
têgêse nyawa jatine |
kang tumiba ing kawula |
ingkang aran nugrahan |
têgêse nugraha iku |
iya uripe manungsa ||
6. êndi têgêse urip |
wong urip angawruhana |
dèn bêcik ing panrimane |
angèl jênênging agêsang |
têgêse gêsang ika |
nastiti ingkang tatêlu |
iman tokit lan makripat ||
7. têgêse iman lan tokit |
kang iman angèstokêna |
ngèstokakên Pangerane |
têgêsira Allah iya |
Kang Agung Maha Mulya |
tan loro datan têtêlu |
amung Allah mung satunggal ||
8. êndi ingkang aran tokit |
apan tunggal sajatinya |
panglêburan ing karone |
tan ana Gusti kawula |
yèn tunggal kadiparan |
yèn pisaha yêkti suwung |
apan nora pisah tunggal ||
9. sêlamêt sira ngawruhi |
têgêse tokit punika |
tunggal lawan kawulane |
kawula pan nora nana |
pan jênênge kawula |
sajati-jatine suwung |
tanpa tingkah tanpa polah ||
10. kature sêmbah lan puji |
katura mring dhèwèkira |
dhèwèke Allah jatine |
pan nora sêmbah-sinêmbah |
êndi kang aran Allah |
iya pan wajibul wujud |
sajatine iku ana ||
11. kang nêmbah lawan kang muji |
kanyataan ing datullah |
pan dudu unine dhewe |
pasthi jênênge panrima |
lah iku kawruhana |
tanpa polah tanpa wujud |
lir sarah munggèng lautan ||
12. jênênge sêmbah lan puji |
tan liyan kang panarima |
tan uninga salawase |
dene Pangeran Kang Mulya |
duk alit têkèng tuwa |
dèn bêcik panrimanipun |
angèl jênênge panrima ||
Comments
Post a Comment