Skip to main content

Suluk Raden sumarja 4

 Suluk Raden Sumarja 4
 Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum |
adhuh Sena ari mami |
sun iki dahat kacaryan |
marang ing wuwusirèki |
paran bisa anunggala |
Bratasena anauri ||

2. kakang iki wus katutup |
liring wus prapta ing jangji |
kari gayuh kanyataan |
iya sira lawan mami |
mêngko muhung tingalana |
gaibe wus praptèng pati ||

3. lah payo kakang dèn gupuh |
marganana ingsun iki |
iya kasampurnaningwang |
kudu nganggo marga sakit |
yêkti panutane napas |
lah ta kakang dipun aglis ||

4. bubutên kang wulu puwun |
yêkti ingsun ngraos sakit |
ing kono margane pêjah |
nulya Prabu Harimurti |
ambubut wulu Sang Sena |
sawiji kang anèng sikil ||

5. wus kabêdhol wulunipun |
Bratasena matur aris |
dhuh kakang wus dadi marga |
dening ingsun kraos sakit |
sigra Arya Wêrkudara |
pôncanakanira aglis ||

6. kinêthokan kalihipun |
ya ta wau duk ningali |
sira Sri Bathara Krêsna |
kang rayi dinangu ririh |
adhuh yayi paran marga |
mangkono tingkahirèki ||

7. Bratasena malih matur |
dhuh kakang milane iki |
sun tinggal kang pôncanaka |
manawa angrêregoni |
jêr iku dadi busana |
karya kasuraning galih ||

8. ing satêmah mangu-mangu |
atolih kasêktèn mami |
bêbawur êninging cipta |
Prabu Krêsna brêbês mili |
kang rayi anggung sinawang |
Bratasena buwang malih ||

9. gagodhèg wok simbaripun |
sadaya wus pinrih rêsik |
Sang Sena lamun sinawang |
ical sasipating janmi |
sasat Suksma ngejawantah |
cahya wênês anêlahi ||

10. sumorot teja ngênguwung |
mangkana Sri Harimurti |
sigra rinangkul rinira |
sarwi karuna sang aji |
adhuh Sena ariningwang |
mangkono tekadirèki ||

11. Wêrkudara lon umatur |
dhuh kakang jamaning pati |
aja maksih anggêgawa |
rarêgêd jisim sakalir |
pae lan kang padha pêjah |
tanpa sinêja ing galih ||

12. punika sayêkti kuwur |
riwut angraoskên sakit |
mungguh iki raganingwang |
patine sinêdyèng kapti |
dadi ing cipta tan samar |
ing rèh sasmitaning pati ||

13. samana kang sami ngrungu |
Prabu Dipayana Aji |
lan Sang Prabu Baladewa |
tuwin kang samya nèng ngarsi |
lênglêng sru kapitèng driya |
têrnyuh ing tyas lir wong ngimpi ||

14. dènira sami andulu |
sagunge kang para aji |
marang kang sami amuksa |
yayah nising sêsotya di |
kang luwih pangajinira |
rêntah têlênging jêladri ||

15. paran gonira anggayuh |
sayêkti tan bisa ngambil |
pinupus onêng kalintang |
ilange sêsotya luwih |
kaya mangkana pamanya |
rêntênging wong sanagari ||

16. Bratasena malih muwus |
lah kakang iki wus prapti |
tandhaning kang kasunyatan |
irêng kang katon ing mami |
pan iku lagi sapisan |
ciptaning kaanan jati ||

17. Bathara Krêsna amuwus |
lênglêng angandika aris |
paran yayi kang mangkana |
Bratasena anauri |
kakang iku iya jaman |
padha mijil sangking mami ||

18. nanging yèn kang salang surup |
kapuguhaning pangèksi |
tibèng kono luwih sasar |
jêr dudu ingkang kinapti |
Sena kèndêl wuwusira |
 ngêningkên ciptanirèki ||

19. winangkis ing karsanipun |
kinumpul ing tyas sawiji |
rinacut pacuhanira |
rinakit jagadirèki |
ngalela nora kalingan |
Bathara Krêsna lon angling ||

20. adhuh Sena ariningsun |
pagene suwe tan angling |
apa yayi anèng sira |
Wêrkudara matur aris |
kakang iki malih prapta |
pratôndha kang kaping kalih ||

21. panarikira tan asru |
ing napas nora katawis |
kang mulat tanpa graita |
jatine wus anêngahi |
Bathara Krêsna lon mojar |
kang rayi sinapa malih ||

22. ya pagene ariningsun |
têka sira kèndêl malih |
apa ingkang katingalan |
Bratasena anauri |
lah iki prapta katingal |
uga mèlu angregoni ||

23. yèn ta kapilut kang iku |
yêkti sasar kang pinanggih |
amêmurung kaadilan |
Wêrkudara kèndêl malih |
mangarah laraping paran |
ing tatrap boya katawis ||

24. luwês pamapasing lampus |
waspada dêdalan jati |
jatine mring kasampurnan |
ya ta Prabu Harimurti |
ririh pangandikanira |
ki rayi sinapa malih ||

25. ya pagene ariningsun |
têka sira kèndêl malih |
paran ing kono katingal |
angling Gôndawaktrasiwi |
lah iki pita katingal |
ana prabane nêlahi ||

26. dene iku iya dudu |
jatine kaanan mami |
yèn kagimirên ing tingal |
yêkti dêdunung ing kuning |
mungguh kadang-kadangira |
kakang mung prapta ing ngriki ||

27. ujar kadung ing pangawruh |
kurang sarônta ing budi |
iya lamun jênêng ingwang |
durung paja-paja ugi |
kabèh iku pangrêncana |
bêbawuring tyase jati ||

28. Sang Sena kèndêl tan muwus |
ing cipta pinusthi malih |
angayun-ayun kang nyata |
Sri Krêsna graitèng galih |
luwih têmên ariningwang |
tyase amindha jêladri ||

29. kang rayi sinapa gupuh |
paran kèndêl sira yayi |
apa maning katingalan |
Wêrkudara anauri |
ana jagad warna seta |
prabawane angluwihi ||

30. parandene maksih durung |
jatine ingkang sun anti |
ananging wus parêk uga |
kakang mung kari ping kalih |
mangu-mangu Prabu Krêsna |
lênglêng dènira miyarsi ||

31. Sang Sena malih andulu |
lir prabaning ujyalati |
sumunu gumilang-gilang |
tanpa wayangan sayêkti |
sirna mulih katingalan |
sinamar jatining warni ||

32. kang kalih iki wus rawuh |
jatining panunggal mami |
sigra Sang Sena samakta |
sidhakêp astanya kalih |
nir tôntra tri nèng kawarga |
Sang Sena umangkat aglis ||

33. muksanirèng Bayusunu |
saantaraning pangèksi |
lire mung sakêdhap netra |
cahyaning Suksma duk prapti |
anêlahi sabuwana |
gumilang-gilang linuwih ||

34. ing ngriku antaranipun |
amung sagêbyaring thathit |
muksyaning Sang Wêrkudara |
mor kaananing Hyang Widi |
titi kang kari mataya |
winangsul sêkar mas kentir ||

Comments

Popular posts from this blog

Makna Kembang Setaman

MAKNA BUNGA " kembang staman "  dalam Sesaji Jawa  Kembang setaman versi Jawa" terdiri dari beberapa jenis bunga Yakni : Mawar, Melati, kanthil & Kenanga. Mengenal Berbagai Simbol Penghormatan Dalam falsafah hidup Jawa, berbakti kepada kedua orang tua dan para leluhur yang menurunkan adalah suatu ajaran yang diagungkan. Orang Jawa yang memahami hakekat hidup, tentunya akan sangat memahami apabila kesuksesan lahir dan batin tak akan bisa diraih apabila kita menjadi seorang anak atau generasi penerus yang durhaka kepada orang tua dan para leluhur yang menurunkannya. Ungkapan rasa berbakti, tidak hanya diucapkan dalam ikrar doa-doa puji-pujian yang ditujukan kepada leluhurnya. Salah satu wujud konkrit rasa berbakti tersebut adalah berupa sesaji, yang dimaksud sebagai persembahan atas segala rasa hormat dan rasa terimakasih tak terhingga kepada para leluhur yang telah wafat yang mana semasa hidupnya telah berjasa memberikan warisan ilmu, harta-benda, dan lingku...

Negarakertagama (Sansekerta)

Negarakertagama   Kitab Negarakertagama ini terdiri dari 98 Pupuh (Bagian dalam penulisan menggunakan media daun lontar) dan terdiri dari 2 bagian yang sama-sama setiap bagiannya tersebut terdiri dari 49 Pupuh. Berikut bagian dari pupuh-pupuh tersebut :  Bagian I -7 Pupuh tentang Raja dan Keluarganya -9 Pupuh tentang Kota dan Wilayah Majapahit -23 Pupuh tentang Perjalanan Raja keliling ke Lumajang -10 Pupuh tentang Silsilah Raja Majapahit Bagian II -5 Pupuh tentang perburuan Raja di Hutan Nandawa -5 Pupuh tentang perjalana pulang Raja ke Majapahit -1 Pupuh tentang oleh-oleh yang dibawa pulang dari berbagai daerah yang dikunjung -10 Pupuh tentang perhatian kepada leluhur -2 Pupuh tentang kematian Gajah Mada -10 Pupuh tentang bangunan-bangunan suci di Jawa dan Bali -9 Pupuh tentang upacara berkala -7 Pupuh tentang pujangga pemuja raja(Tentang diri Prapanca) NEGARA KERTAGAMA PUPUH 1-7 [Pupuh 1]     om nathaya namostu te stutinin atpada ri pada bhatara nityaça,...

Filosofi Jawa

Orang Jawa pada jaman dahulu selalu mempergunakan FILOSOFI/ UNEN-ENEN untuk menata kehidupan sehari-hari. Dan menerapkannya, maka dari itulah orang Jawa kuno terlihat lebih SANTUN daripada orang Jawa sekarang yang sudah terpengaruh oleh MODERNISASI, yang lebih mengutamakan EGO  daan kesenangan diri sendiri karena hanya mempelajari ilmu di bangku sekolah saja. Mungkin perlu adanya pembelajaran pada anak muda sekarang tentang MAKNA DAN ARTI HIDUP yang sejati dengan bantuan Filosofi Jawa Kuno. Sering terdengar perkataan yang terlontar dari orang-orang Jawa tua untuk anak2 muda sekarang WONG JOWO NANGING ORA JAWANI  yang artinya Orang Jawa tetapi tidak mengerti dan memahami makna dan tatanan kebaikan .  Di bawah ini sedikit dari Filosofi Jawa yang mungkin bisa mengingatkan dan membuka hati kita semua tentang keindahan FILOSOFI JAWA  yang masih cocok untuk diterapkan di sepanjang jaman. Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanp...