Suluk Dewi Sulasikin bag3
Asmaradana

1. puniku ngèlmu kang dadi |
nyatane ngèlmu punika |
dudu johar jisim mangke |
dudu nyawa dudu suksma |
pan dudu uripira |
dèn awas sira ing ngèlmu | sadatira lagi ora ||
2. gurokêna kang sayêkti |
lagi sira tanpa bapa |
miwah tanpa ibu mangke |
puniku ingaran sadat |
sadatira duk nora |
lawan pamuwusirèku | iku ingaranan sahadat ||
3. miwah gonira ing nguni |
dèn sami pagurokêna |
tan beda rêke surupe |
apan waktunira ana |
awasna dèn sanyata |
puniku pangawruh ingsun |
pamêjang ingsun mring sira ||
4. iku gaibing wong singgih |
ujar iku linarangan |
nyata gustiningsun anggèr |
puniku dipun waspada |
pan gaiping pandhita |
lah bêcik gurokna iku |
ing tatrape dipun awas ||
5. apa maning aran jisim |
jisim iku aran sadat |
kang suksma lah iku mangke |
ing sipatira duk nora |
iku sira wêruha |
awasêna kang satuhu |
iku wangsiting pandhita ||
6. aja sira milang jisim |
aja tungkul marang têmbang |
miwah ing sipate mangke |
aja sira ngucap iman |
tokit lawan makripat |
puniku kasasar agung |
katungkul ing dat lan sipat ||
7. lagi sira tanpa jisim |
dèn awas sira tumingal |
awasêna padha mangke |
iku mêrtapa ngagêsang |
sampurnane kasedan |
lagi tanpa jasad iku |
puniku pagurokêna ||
8. iku gaibing wong luwih |
kang kinèn awas ing solah |
pilih ingkang têkèng kono |
upayanên kang sanyata |
poma pagurokêna |
jatine awas ing ngèlmu |
ingaran sadat sakarat ||
9. yèn arsa wêruha sami |
ulihêna tingalira |
duk anèng ing dalêm mangke |
jroning wêtêng biyangira |
pujinira samana |
ingaran sadat puniku |
apa sandhang panganira ||
10. puniku ingaran ngèlmi |
prayogane kawruhana |
naptu gaip ingarane |
dèn awas pagurokêna |
sasmitane pandhita |
dèn sampurna awasipun |
sapolahe wong sêmbahyang ||
11. yèn awas pituduh iki |
nora wuninga ing salat |
miwah sadat sêkarate |
nora wuninga ing sêmbah |
iku padha takokna |
yèn sampun awas ing ngriku |
muliha duk lagi nora ||
12. singgahana marga kang sirik |
dohana marga kang sasar |
rahayua salawase | dèn awas ing paranira |
iya panggonanira |
pan iya dulu-dinulu |
duk durung ing badan nyawa ||
13. lah ing ngêndi ingkang angèksi |
dudu ta biraènira |
sira pagurokna mangke |
salat daim ukumana |
poma sira takokna |
duk lare sira puniku |
iya iku ngèlmunira ||
14. titine suluk puniki |
elinga mring kang utama |
nablègakên ing patine |
dèn awas sira tumingal |
sajatine sampurna |
ulatana dèn katêmu |
êndi nyawa êndi suksma ||
15. upamane mirah adi |
êmbanira padha mirah |
yèn êmas iku êmbane |
kurang utama kang mirah |
sajatine sarira |
ingkang mirah paminipun |
iku pêpadhane suksma ||
16. ya êmas pêpadhane jisim |
mirah môngka sêjatinya |
sarira jati uripe |
pan nora kêlawan nyawa |
muwus datanpa lidhah |
ngrungu nora karna iku |
tumingal nora lan netra ||
17. dene ingkang jisim iki |
kinarya êmbanan mulya |
puniku rêke sênêne |
dèn eling-eling ing driya |
sajatine sarira |
êmbananira kang luhung |
kinarya êmban kang mulya ||
18. yèn wêruha tata kalih |
punika sapa cidraa |
ingkang tunggal ing kawruhe |
angliwati kang utusan |
tingkahe suksma ika |
ingaranan iku bêstu |
uripe dèn aku Allah ||
19. dene antaranirèki |
kang polah lan kang pinolah |
tan ana bedane mangke |
tan pisah tan kumpul nyata |
ewuh pambudinira |
yèn sampun tumêkèng ngriku |
sayêkti langkung gaibnya ||
Asmaradana

1. puniku ngèlmu kang dadi |
nyatane ngèlmu punika |
dudu johar jisim mangke |
dudu nyawa dudu suksma |
pan dudu uripira |
dèn awas sira ing ngèlmu | sadatira lagi ora ||
2. gurokêna kang sayêkti |
lagi sira tanpa bapa |
miwah tanpa ibu mangke |
puniku ingaran sadat |
sadatira duk nora |
lawan pamuwusirèku | iku ingaranan sahadat ||
3. miwah gonira ing nguni |
dèn sami pagurokêna |
tan beda rêke surupe |
apan waktunira ana |
awasna dèn sanyata |
puniku pangawruh ingsun |
pamêjang ingsun mring sira ||
4. iku gaibing wong singgih |
ujar iku linarangan |
nyata gustiningsun anggèr |
puniku dipun waspada |
pan gaiping pandhita |
lah bêcik gurokna iku |
ing tatrape dipun awas ||
5. apa maning aran jisim |
jisim iku aran sadat |
kang suksma lah iku mangke |
ing sipatira duk nora |
iku sira wêruha |
awasêna kang satuhu |
iku wangsiting pandhita ||
6. aja sira milang jisim |
aja tungkul marang têmbang |
miwah ing sipate mangke |
aja sira ngucap iman |
tokit lawan makripat |
puniku kasasar agung |
katungkul ing dat lan sipat ||
7. lagi sira tanpa jisim |
dèn awas sira tumingal |
awasêna padha mangke |
iku mêrtapa ngagêsang |
sampurnane kasedan |
lagi tanpa jasad iku |
puniku pagurokêna ||
8. iku gaibing wong luwih |
kang kinèn awas ing solah |
pilih ingkang têkèng kono |
upayanên kang sanyata |
poma pagurokêna |
jatine awas ing ngèlmu |
ingaran sadat sakarat ||
9. yèn arsa wêruha sami |
ulihêna tingalira |
duk anèng ing dalêm mangke |
jroning wêtêng biyangira |
pujinira samana |
ingaran sadat puniku |
apa sandhang panganira ||
10. puniku ingaran ngèlmi |
prayogane kawruhana |
naptu gaip ingarane |
dèn awas pagurokêna |
sasmitane pandhita |
dèn sampurna awasipun |
sapolahe wong sêmbahyang ||
11. yèn awas pituduh iki |
nora wuninga ing salat |
miwah sadat sêkarate |
nora wuninga ing sêmbah |
iku padha takokna |
yèn sampun awas ing ngriku |
muliha duk lagi nora ||
12. singgahana marga kang sirik |
dohana marga kang sasar |
rahayua salawase | dèn awas ing paranira |
iya panggonanira |
pan iya dulu-dinulu |
duk durung ing badan nyawa ||
13. lah ing ngêndi ingkang angèksi |
dudu ta biraènira |
sira pagurokna mangke |
salat daim ukumana |
poma sira takokna |
duk lare sira puniku |
iya iku ngèlmunira ||
14. titine suluk puniki |
elinga mring kang utama |
nablègakên ing patine |
dèn awas sira tumingal |
sajatine sampurna |
ulatana dèn katêmu |
êndi nyawa êndi suksma ||
15. upamane mirah adi |
êmbanira padha mirah |
yèn êmas iku êmbane |
kurang utama kang mirah |
sajatine sarira |
ingkang mirah paminipun |
iku pêpadhane suksma ||
16. ya êmas pêpadhane jisim |
mirah môngka sêjatinya |
sarira jati uripe |
pan nora kêlawan nyawa |
muwus datanpa lidhah |
ngrungu nora karna iku |
tumingal nora lan netra ||
17. dene ingkang jisim iki |
kinarya êmbanan mulya |
puniku rêke sênêne |
dèn eling-eling ing driya |
sajatine sarira |
êmbananira kang luhung |
kinarya êmban kang mulya ||
18. yèn wêruha tata kalih |
punika sapa cidraa |
ingkang tunggal ing kawruhe |
angliwati kang utusan |
tingkahe suksma ika |
ingaranan iku bêstu |
uripe dèn aku Allah ||
19. dene antaranirèki |
kang polah lan kang pinolah |
tan ana bedane mangke |
tan pisah tan kumpul nyata |
ewuh pambudinira |
yèn sampun tumêkèng ngriku |
sayêkti langkung gaibnya ||
Comments
Post a Comment