Suluk Raden Sumarja 3
Maskumambang
1. wus kumambang manahe rahadèn kalih |
mring sang dwijawara |
dahat angroro pangèksi |
dene wus antuk wawêngan ||
2. sang pandhita samana wus ananggupi |
wèh tuduh kang nyata |
ambuka kang gaib-gaib |
kapindhone sira radyan ||
3. ciptaning tyas mênawa dipun tampani |
dènirarsa magang |
marang sang kusumèng wukir |
makathik juru pêthetan ||
4. sira Radèn Sumarja umatur aris |
amba nuwun têdah |
caritane Bayusiwi |
ing praptanirèng wêkasan ||
5. paran sanès lawan kadangipun sami |
sang pandhita mojar |
ing mangke kula jatèni |
nalika kari mataya ||
6. pra Pandhawa miwah Prabu Harimurti |
tuwin para raja |
tanapi sang sori aji |
kumpul anèng candhi sêkar ||
7. tan cinatur mehrade Sang Dèwi Kunthi |
miwah Darmaputra |
Danangjaya lawan malih |
Nakula tuwin Sadewa ||
8. Wêrkudara samana kantun pribadi |
ingatag Sri Krêsna |
umanjinga candhi sari |
Sang Sena datan lênggana ||
9. angandika nata Prabu Dwarawati |
yayi kayaparan |
kari sira lawan mami |
aja kadangon riningwang ||
10. kadangira kabèh wus antara sami |
nauri Sang Sena |
lah iya kakang dèn ririh |
ing karsa dipun sarônta ||
11. nora kêna kalamun ing jênêng mami |
pinarosèng karsa |
kudu nganggo ngati-ati |
tiwasa ing cipta tuna ||
12. tanpa gawe iya jênênging aurip |
tan wruh kene kana |
wusanane nêniwasi |
ing dêlahan mindho karya ||
13. seje lawan para kadang ingsun nguni |
yèn Si Bratasena |
mangkono pakartinèki |
adhuh durung paja-paja ||
14. dungkap marang kanyataaning urip |
uripe sapisan |
arsa ginawe ping kalih |
ing satêmah luwih nistha ||
15. lah dulunên kakang ing mêngko sun iki |
prapta ing wêkasan |
tinata rakiting kapti |
kanthi utamaning sêdya ||
Maskumambang
1. wus kumambang manahe rahadèn kalih |
mring sang dwijawara |
dahat angroro pangèksi |
dene wus antuk wawêngan ||
2. sang pandhita samana wus ananggupi |
wèh tuduh kang nyata |
ambuka kang gaib-gaib |
kapindhone sira radyan ||
3. ciptaning tyas mênawa dipun tampani |
dènirarsa magang |
marang sang kusumèng wukir |
makathik juru pêthetan ||
4. sira Radèn Sumarja umatur aris |
amba nuwun têdah |
caritane Bayusiwi |
ing praptanirèng wêkasan ||
5. paran sanès lawan kadangipun sami |
sang pandhita mojar |
ing mangke kula jatèni |
nalika kari mataya ||
6. pra Pandhawa miwah Prabu Harimurti |
tuwin para raja |
tanapi sang sori aji |
kumpul anèng candhi sêkar ||
7. tan cinatur mehrade Sang Dèwi Kunthi |
miwah Darmaputra |
Danangjaya lawan malih |
Nakula tuwin Sadewa ||
8. Wêrkudara samana kantun pribadi |
ingatag Sri Krêsna |
umanjinga candhi sari |
Sang Sena datan lênggana ||
9. angandika nata Prabu Dwarawati |
yayi kayaparan |
kari sira lawan mami |
aja kadangon riningwang ||
10. kadangira kabèh wus antara sami |
nauri Sang Sena |
lah iya kakang dèn ririh |
ing karsa dipun sarônta ||
11. nora kêna kalamun ing jênêng mami |
pinarosèng karsa |
kudu nganggo ngati-ati |
tiwasa ing cipta tuna ||
12. tanpa gawe iya jênênging aurip |
tan wruh kene kana |
wusanane nêniwasi |
ing dêlahan mindho karya ||
13. seje lawan para kadang ingsun nguni |
yèn Si Bratasena |
mangkono pakartinèki |
adhuh durung paja-paja ||
14. dungkap marang kanyataaning urip |
uripe sapisan |
arsa ginawe ping kalih |
ing satêmah luwih nistha ||
15. lah dulunên kakang ing mêngko sun iki |
prapta ing wêkasan |
tinata rakiting kapti |
kanthi utamaning sêdya ||
Comments
Post a Comment