Suluk Dewi Sulasikin bag 5
Dhandhanggula
1. yèn mangkono katarima ugi |
yèn ta sira tan guru alêman |
tan sumêngguh kèh alane |
kawruhana sêdarum |
mukmin lanang lan mukmin èstri |
lan dadine sakarat |
lêlima kèhipun |
pasthi katêmu sadaya |
wong sêkarat lamun sira aningali |
ing cahya kang lalima ||
2. lah puniku lamat puput ing janji |
lamun durung ningali punika |
cahya lêlima kathahe |
maksih dawa kang umur |
ingkang cahya awarni-warni |
cêmêng abang lan jênar |
ijo putih iku |
lamun aningali cahya |
ingkang cêmêng aglis macaa sirèki |
lailaha ilallah ||
3. nora nana Gusti mung Hyang Widi |
lan Mukhamad ya rasulullaha |
Nabi Mukhamad jatine |
utusannya Hyang Agung |
cahya ingkang cêmêng puniki |
nênggih cahyaning setan |
lamun sira dulu |
marang cahya ingkang abang |
pan puniku cahyane setan mardudi |
nuli sira macaa ||
4. lailaha ilallaha malih |
ya Allahu[22] têgêse mangkana |
tan ana Pangeran manèh |
mung Allah Ingkang Agung |
ya Pangeran ingsun sajati |
yèn aningali sira |
kuning cahyanipun |
puniku cahyaning setan |
ingkang aran iya setan nasarani |
nuli sira macaa ||
5. lailaha ilallohu malih |
uhu iku têgêse mangkana |
tan ana Pangeran manèh |
amung Allah Kang Agung |
ya Pangeran ingsun sajati |
kalamun sira miyat |
ijo cahyanipun |
puniku kang darbe cahya |
Jabarail nuli macaa sirèki |
mangkene kang winaca ||
6. ya takobalahu lawan malih |
uhu iku têgêse kang nyata |
muga narimaa mangke |
Allah Kang Maha Agung |
ya Alloh Ingkang Maha Suci |
uhu kang kaping tiga |
têgêse puniku |
uhu kang murbèng jagad |
apan karya salire ingkang dumadi |
prayuga tanpa rowang ||
7. lamun eling sahadat puniki |
nalikanya cahya irêng têka |
wong mukmin pasèk arane |
lamun lali wong iku |
ing sahadat kang kocap dhingin |
ing cahya irêng têka |
kapir patinipun | aran kapir jahiliyah |
poma-poma dèn rosa sami adhikir |
anyiptaa Hyang Suksma ||
8. lamun eling sahadat marêngi |
cahya abang wong mati mukmin ngam |
yèn lali ing sahadate |
iya kang kocap iku |
dadi mati kapir Yahudi |
sami dipun prayitna |
wong Islam puniku |
dèn rosa maca salawat |
lamun eling sahadat puniku singgih |
cahya kuning katingal ||
9. iya iku patine wong mukmin |
lamun lali ing sahadat ika |
sahadat kang kocap kiye |
mati kapir wong iku |
ing kapire aran nasrani |
sira dipun prayitna |
aja lali iku |
mring Allah Nabi Mukhamad |
lamun eling ing sahadat kang cahya wilis |
iyèku ingaranan ||
10. mukmin kasusulan patinèki |
lamun lali wong iku kang sadat |
iya ingkang kocap kiye |
mati kapir wong iku |
kapir kharamiyah namèki |
milane dèn prayitna |
aja gung katungkul |
kanikmatan anèng dunya |
gawe limut sakèh ingkang pangabêkti |
prêlu sunat tinilar ||
11. lamun sira mangke aningali |
marang cahya ingkang langkung pêthak |
nur Mukhamad iku rane |
nuli macaa gupuh |
hu hu yayi ing têgêsnèki |
ya hu ya hu ya Allah |
ya Mukhamad rasul |
iku cahya langkung endah |
poma-poma iku kukuhana yayi |
iku mati utama ||
12. lamun ana wong iku ngêmasi |
aningali cahya langkung pêthak |
luwih utama patine |
pasthi eling puniku |
ing sahadat kang kocap dhingin |
karanane mangkana |
wajib kang satuhu |
pan sayêkti yayi iya |
wus dèn pasthi marang nabi kang rong kêthi |
lawan patlikur nambang ||

1. yèn mangkono katarima ugi |
yèn ta sira tan guru alêman |
tan sumêngguh kèh alane |
kawruhana sêdarum |
mukmin lanang lan mukmin èstri |
lan dadine sakarat |
lêlima kèhipun |
pasthi katêmu sadaya |
wong sêkarat lamun sira aningali |
ing cahya kang lalima ||
2. lah puniku lamat puput ing janji |
lamun durung ningali punika |
cahya lêlima kathahe |
maksih dawa kang umur |
ingkang cahya awarni-warni |
cêmêng abang lan jênar |
ijo putih iku |
lamun aningali cahya |
ingkang cêmêng aglis macaa sirèki |
lailaha ilallah ||
3. nora nana Gusti mung Hyang Widi |
lan Mukhamad ya rasulullaha |
Nabi Mukhamad jatine |
utusannya Hyang Agung |
cahya ingkang cêmêng puniki |
nênggih cahyaning setan |
lamun sira dulu |
marang cahya ingkang abang |
pan puniku cahyane setan mardudi |
nuli sira macaa ||
4. lailaha ilallaha malih |
ya Allahu[22] têgêse mangkana |
tan ana Pangeran manèh |
mung Allah Ingkang Agung |
ya Pangeran ingsun sajati |
yèn aningali sira |
kuning cahyanipun |
puniku cahyaning setan |
ingkang aran iya setan nasarani |
nuli sira macaa ||
5. lailaha ilallohu malih |
uhu iku têgêse mangkana |
tan ana Pangeran manèh |
amung Allah Kang Agung |
ya Pangeran ingsun sajati |
kalamun sira miyat |
ijo cahyanipun |
puniku kang darbe cahya |
Jabarail nuli macaa sirèki |
mangkene kang winaca ||
6. ya takobalahu lawan malih |
uhu iku têgêse kang nyata |
muga narimaa mangke |
Allah Kang Maha Agung |
ya Alloh Ingkang Maha Suci |
uhu kang kaping tiga |
têgêse puniku |
uhu kang murbèng jagad |
apan karya salire ingkang dumadi |
prayuga tanpa rowang ||
7. lamun eling sahadat puniki |
nalikanya cahya irêng têka |
wong mukmin pasèk arane |
lamun lali wong iku |
ing sahadat kang kocap dhingin |
ing cahya irêng têka |
kapir patinipun | aran kapir jahiliyah |
poma-poma dèn rosa sami adhikir |
anyiptaa Hyang Suksma ||
8. lamun eling sahadat marêngi |
cahya abang wong mati mukmin ngam |
yèn lali ing sahadate |
iya kang kocap iku |
dadi mati kapir Yahudi |
sami dipun prayitna |
wong Islam puniku |
dèn rosa maca salawat |
lamun eling sahadat puniku singgih |
cahya kuning katingal ||
9. iya iku patine wong mukmin |
lamun lali ing sahadat ika |
sahadat kang kocap kiye |
mati kapir wong iku |
ing kapire aran nasrani |
sira dipun prayitna |
aja lali iku |
mring Allah Nabi Mukhamad |
lamun eling ing sahadat kang cahya wilis |
iyèku ingaranan ||
10. mukmin kasusulan patinèki |
lamun lali wong iku kang sadat |
iya ingkang kocap kiye |
mati kapir wong iku |
kapir kharamiyah namèki |
milane dèn prayitna |
aja gung katungkul |
kanikmatan anèng dunya |
gawe limut sakèh ingkang pangabêkti |
prêlu sunat tinilar ||
11. lamun sira mangke aningali |
marang cahya ingkang langkung pêthak |
nur Mukhamad iku rane |
nuli macaa gupuh |
hu hu yayi ing têgêsnèki |
ya hu ya hu ya Allah |
ya Mukhamad rasul |
iku cahya langkung endah |
poma-poma iku kukuhana yayi |
iku mati utama ||
12. lamun ana wong iku ngêmasi |
aningali cahya langkung pêthak |
luwih utama patine |
pasthi eling puniku |
ing sahadat kang kocap dhingin |
karanane mangkana |
wajib kang satuhu |
pan sayêkti yayi iya |
wus dèn pasthi marang nabi kang rong kêthi |
lawan patlikur nambang ||
Comments
Post a Comment