Raden Sumarja 2
Asmaradana
1. wau ta rahadèn kalih |
dahat dènira kasmaran |
sang pandhita caritane |
iba benjang yèn wus angsal |
wawêjang kang sanyata |
lagi tutur ala nganggur |
gawe grêgête graita ||
2. dhuh anak crita ngong uni |
Dewaruci Wêrkudara |
mung ginawe isbat bae |
ondhèl-ondhèl lan upama |
gambare angganira |
wit wong patrap olèh ngèlmu |
makatên ingkang pinanggya ||
3. nalikane Bayusiwi |
minggah wukir Côndramuka |
mêjahi danawa loro |
punika pralambangira |
lamun sirarsa patrap |
ditya kalih pêjahipun |
dadya Dewa Batharendra ||
4. Sang Hyang Bayu kang sawiji |
endra têgêse sarira |
angèndêlake badane |
bayu sajatine napas |
nyingkirêna panggônda |
Sang Wêrkudara alaju |
manjing jro sumur sigrangga ||
5. amêjahi naga èstri |
mêpêt napsu têgêsira |
ingkang catur prakarane |
Sena kondur mring Ngamarta |
pamit ing para kadang |
arsa anggêbyur ing laut |
raka ri gondhèli samya ||
6. amêksa Sang Bayusiwi |
punika upaminira |
angicalakên sakèhe |
uwas kuwatir sumêlang |
Sena manjing samodra |
amêjahi naga agung |
mangikik Anêmburnawa ||
7. ngibaratipun puniki |
nirnakna sagung pangrasa |
nulya Sang Sena kapanggoh |
Dewaruci paminira |
wus aningali sipat- |
ing gapura kang umasuk |
marang ing jagad walikan ||
8. Wêrkudara manjing kuping |
bingung tan uningèng keblat |
niku anggèr ngibarate |
mèh manjing jagad walikan |
nuntên dulu samodra |
tanpa têpi angêlangut |
yaiku tyasing manungsa ||
9. Wêrkudara Dewaruci |
ana ing jagad antara |
lawan ngriki botên pae |
Sang Bratasena tumingal |
cahya gumilang-gilang |
pôncamaya wastanipun |
punika jantung têgêsnya ||
10. nglimputi sakèhing ati |
marma aran muka sipat |
pangarsa sarira kabèh |
anuntên saliring sipat |
ya sipat kang sanyata |
dene ta ing papanipun |
amanggèn wontên ing cipta ||
11. êmpane anèng pangèsthi |
pamiyarsa lan panggônda |
pangraos myang miraose |
tan samar jatining rupa |
nulya Sang Wêrkudara |
anon cahya warna mancur |
irêng abang kuning pêthak ||
12. punika têgêse budi |
nêdahakên napsunira |
ingkang kawan prakarane |
kang cêmêng manggung angajak |
kêsèd ngôngsa karipan |
kang abrit pandamêlipun |
ngajak panastèn dêduka ||
13. dene ta kang rupa kuning |
ngajak sugih pakarêman |
para papinginan kabèh |
inggih ingkang rupa pêthak |
nuntun mring kautaman |
brata dana tuwin maklum |
kajèn keringan karênggan ||
14. nuntên Gôndawrakta siwi |
ningali urub satunggal |
dadya wawolu sorote |
irêng abang kuning pêthak |
wungu ijo kalawan |
abiru tanapi dadu |
iku cahyane Pangeran ||
15. malah-malah amimbuhi |
dening cahyane pramana |
nênggih kang cêmêng rupane |
kadi musthikèng pratala |
punika ingkang têmah |
ing cipta kanisthanipun |
dene ta kang warna jingga ||
16. pindha sasotya hèr gêni |
nêmahkên dhusthaning cipta |
ingkang kuning suwarnane |
akadi rêtna dumilah |
têdah dorane cipta |
kang pêthak ngumala mancur |
nêdahkên sêtyaning cipta ||
17. dene kang arupa wilis |
kadi manik tejamaya |
gih punika nêdahake |
dhatêng santosaning cipta |
kang biru muyêg kadya |
nila pakaja kang dhapur |
têdah sabawaning cipta ||
18. ingkang wungu warnanèki |
pindha manik pusparaga |
môngka sêmbada ciptane |
ingkang dadu kadi mirah |
anêdahkên yèn owah |
gingsiring cipta satuhu |
nalikane Bratasena ||
19. inggih aningali malih |
wus kadi tawon gumana |
mancur mancorong warnane |
iku pramanane suksma |
mimbuhi kèhing rupa |
jagad alit jagad agung |
linimput dening pramana ||
20. sang pramana uripnèki |
pan sangking uriping rasa |
Bratasena anon manèh |
kadi pratima mutyara |
cahya wêning kawuryan |
pramananing rasa iku |
kang amurba amisesa ||
21. isine alam sakalir |
urip sangking dating asma |
Wêrkudara anon manèh |
ingaranan sipat êsa |
tan kakung tan wanodya |
boya arah tanpa dunung |
nora kôntha nora warna ||
22. cahyanira anêlahi |
gumilang tanpa wayangan |
dating asma satuhune |
ingkang kuwasa akarya |
alam saisinira |
ing gêsangira puniku |
tan ana kang nguripana ||
23. punika risang prêmati |
inggih kang ingaran êsa |
manggon urip kita radèn |
sumôngga gyanira manah |
anakmas mung punika |
pun bapa ing kawruhipun |
radèn dhêku kalihira ||
24. tan alêga ingkang ati |
sadangunira miyarsa |
sang pandhita wêwulange |
ngandika sang dwijawara |
anak sami ngaturan |
punapa pun anak sampun |
myarsa criyose Sèh Mlaya ||
25. inggih Kangjêng Sunan Kali |
puruhita Sunan Bonang |
makatên kaantêpane |
kabèh laku têtaunan |
wêkasan antuk wêjang |
kinèn munggah khaji gupuh |
ngalap barkah rasulullah ||
26. sêmana dipun lampahi |
boya wêruh marganira |
nèng pinggir samodra gêdhe |
satêmah antuk hidayat |
pêpanggih marbudyèng rat |
puniku jumênêngipun |
panutupe wali sanga ||
27. puniku dèn irib-irib |
tekade wong puruhita |
pindha Jêng Susunan Lèpèn |
lamun maksih sêmyang-sêmyang |
lah sampun linampahan |
mung sakêdhik damêlipun |
têmah muwuhi duraka ||
28. môngka wus tinumbas awis |
dhasar kèh paedahira |
yèn tan sumurup raose |
eman botên linampahan |
wit ngèlmune Pangeran |
yêkti prayoga sêdarum |
ênggène boya kantênan ||
29. pandhita satriya khaji |
suda dama maksiyatan |
samya kadunungan kabèh |
marma tan kenging ingina |
rèh sami titahing Hyang |
wontên dhuwur langkung luhur |
ana andhap luwih andhap ||
30. radèn dhêku matur aris |
sangking raose tyas omba |
lêbokna ing gêni gêdhe |
panjingna têlêng samodra |
glundhungna ing jêjurang |
yèn sang tapa kang atuduh |
pun patik botên suminggah ||
31. sang wiku mèsêm nauri |
anak kalih sun tarima |
sadaya ing pratignyane |
prayogine sinêlanan |
supados botên kêmba |
pun cantrik kinèn angidung |
kang kinon gya ura-ura ||
32. ancur gêdhah munggèng carmin |
sêndhang gung ing pawukiran |
boya lêga rasaningong |
galêpung pulas wadana |
kada agung apanjang |
môngsa lipura katèngsun |
yèn nora nunggal sasana ||
33. sang wiku ngandika malih |
hèh mara cantrik sanyata |
ura-ura gêntèn-gêntèn |
sabisane kuli desa |
môngsa dipun cacada |
kang kinon umangsah gupuh |
rarêpèn asmaradana ||
34. kayu gurda pindha warni |
pandhita ing Endrakila |
raganingsun kaya priye |
terong alit dhêdhompolan |
paksi môngsa bayangan |
iba susahirèng kalbu |
yèn nganti salin sandhangan ||
Asmaradana
1. wau ta rahadèn kalih |
dahat dènira kasmaran |
sang pandhita caritane |
iba benjang yèn wus angsal |
wawêjang kang sanyata |
lagi tutur ala nganggur |
gawe grêgête graita ||
2. dhuh anak crita ngong uni |
Dewaruci Wêrkudara |
mung ginawe isbat bae |
ondhèl-ondhèl lan upama |
gambare angganira |
wit wong patrap olèh ngèlmu |
makatên ingkang pinanggya ||
3. nalikane Bayusiwi |
minggah wukir Côndramuka |
mêjahi danawa loro |
punika pralambangira |
lamun sirarsa patrap |
ditya kalih pêjahipun |
dadya Dewa Batharendra ||
4. Sang Hyang Bayu kang sawiji |
endra têgêse sarira |
angèndêlake badane |
bayu sajatine napas |
nyingkirêna panggônda |
Sang Wêrkudara alaju |
manjing jro sumur sigrangga ||
5. amêjahi naga èstri |
mêpêt napsu têgêsira |
ingkang catur prakarane |
Sena kondur mring Ngamarta |
pamit ing para kadang |
arsa anggêbyur ing laut |
raka ri gondhèli samya ||
6. amêksa Sang Bayusiwi |
punika upaminira |
angicalakên sakèhe |
uwas kuwatir sumêlang |
Sena manjing samodra |
amêjahi naga agung |
mangikik Anêmburnawa ||
7. ngibaratipun puniki |
nirnakna sagung pangrasa |
nulya Sang Sena kapanggoh |
Dewaruci paminira |
wus aningali sipat- |
ing gapura kang umasuk |
marang ing jagad walikan ||
8. Wêrkudara manjing kuping |
bingung tan uningèng keblat |
niku anggèr ngibarate |
mèh manjing jagad walikan |
nuntên dulu samodra |
tanpa têpi angêlangut |
yaiku tyasing manungsa ||
9. Wêrkudara Dewaruci |
ana ing jagad antara |
lawan ngriki botên pae |
Sang Bratasena tumingal |
cahya gumilang-gilang |
pôncamaya wastanipun |
punika jantung têgêsnya ||
10. nglimputi sakèhing ati |
marma aran muka sipat |
pangarsa sarira kabèh |
anuntên saliring sipat |
ya sipat kang sanyata |
dene ta ing papanipun |
amanggèn wontên ing cipta ||
11. êmpane anèng pangèsthi |
pamiyarsa lan panggônda |
pangraos myang miraose |
tan samar jatining rupa |
nulya Sang Wêrkudara |
anon cahya warna mancur |
irêng abang kuning pêthak ||
12. punika têgêse budi |
nêdahakên napsunira |
ingkang kawan prakarane |
kang cêmêng manggung angajak |
kêsèd ngôngsa karipan |
kang abrit pandamêlipun |
ngajak panastèn dêduka ||
13. dene ta kang rupa kuning |
ngajak sugih pakarêman |
para papinginan kabèh |
inggih ingkang rupa pêthak |
nuntun mring kautaman |
brata dana tuwin maklum |
kajèn keringan karênggan ||
14. nuntên Gôndawrakta siwi |
ningali urub satunggal |
dadya wawolu sorote |
irêng abang kuning pêthak |
wungu ijo kalawan |
abiru tanapi dadu |
iku cahyane Pangeran ||
15. malah-malah amimbuhi |
dening cahyane pramana |
nênggih kang cêmêng rupane |
kadi musthikèng pratala |
punika ingkang têmah |
ing cipta kanisthanipun |
dene ta kang warna jingga ||
16. pindha sasotya hèr gêni |
nêmahkên dhusthaning cipta |
ingkang kuning suwarnane |
akadi rêtna dumilah |
têdah dorane cipta |
kang pêthak ngumala mancur |
nêdahkên sêtyaning cipta ||
17. dene kang arupa wilis |
kadi manik tejamaya |
gih punika nêdahake |
dhatêng santosaning cipta |
kang biru muyêg kadya |
nila pakaja kang dhapur |
têdah sabawaning cipta ||
18. ingkang wungu warnanèki |
pindha manik pusparaga |
môngka sêmbada ciptane |
ingkang dadu kadi mirah |
anêdahkên yèn owah |
gingsiring cipta satuhu |
nalikane Bratasena ||
19. inggih aningali malih |
wus kadi tawon gumana |
mancur mancorong warnane |
iku pramanane suksma |
mimbuhi kèhing rupa |
jagad alit jagad agung |
linimput dening pramana ||
20. sang pramana uripnèki |
pan sangking uriping rasa |
Bratasena anon manèh |
kadi pratima mutyara |
cahya wêning kawuryan |
pramananing rasa iku |
kang amurba amisesa ||
21. isine alam sakalir |
urip sangking dating asma |
Wêrkudara anon manèh |
ingaranan sipat êsa |
tan kakung tan wanodya |
boya arah tanpa dunung |
nora kôntha nora warna ||
22. cahyanira anêlahi |
gumilang tanpa wayangan |
dating asma satuhune |
ingkang kuwasa akarya |
alam saisinira |
ing gêsangira puniku |
tan ana kang nguripana ||
23. punika risang prêmati |
inggih kang ingaran êsa |
manggon urip kita radèn |
sumôngga gyanira manah |
anakmas mung punika |
pun bapa ing kawruhipun |
radèn dhêku kalihira ||
24. tan alêga ingkang ati |
sadangunira miyarsa |
sang pandhita wêwulange |
ngandika sang dwijawara |
anak sami ngaturan |
punapa pun anak sampun |
myarsa criyose Sèh Mlaya ||
25. inggih Kangjêng Sunan Kali |
puruhita Sunan Bonang |
makatên kaantêpane |
kabèh laku têtaunan |
wêkasan antuk wêjang |
kinèn munggah khaji gupuh |
ngalap barkah rasulullah ||
26. sêmana dipun lampahi |
boya wêruh marganira |
nèng pinggir samodra gêdhe |
satêmah antuk hidayat |
pêpanggih marbudyèng rat |
puniku jumênêngipun |
panutupe wali sanga ||
27. puniku dèn irib-irib |
tekade wong puruhita |
pindha Jêng Susunan Lèpèn |
lamun maksih sêmyang-sêmyang |
lah sampun linampahan |
mung sakêdhik damêlipun |
têmah muwuhi duraka ||
28. môngka wus tinumbas awis |
dhasar kèh paedahira |
yèn tan sumurup raose |
eman botên linampahan |
wit ngèlmune Pangeran |
yêkti prayoga sêdarum |
ênggène boya kantênan ||
29. pandhita satriya khaji |
suda dama maksiyatan |
samya kadunungan kabèh |
marma tan kenging ingina |
rèh sami titahing Hyang |
wontên dhuwur langkung luhur |
ana andhap luwih andhap ||
30. radèn dhêku matur aris |
sangking raose tyas omba |
lêbokna ing gêni gêdhe |
panjingna têlêng samodra |
glundhungna ing jêjurang |
yèn sang tapa kang atuduh |
pun patik botên suminggah ||
31. sang wiku mèsêm nauri |
anak kalih sun tarima |
sadaya ing pratignyane |
prayogine sinêlanan |
supados botên kêmba |
pun cantrik kinèn angidung |
kang kinon gya ura-ura ||
32. ancur gêdhah munggèng carmin |
sêndhang gung ing pawukiran |
boya lêga rasaningong |
galêpung pulas wadana |
kada agung apanjang |
môngsa lipura katèngsun |
yèn nora nunggal sasana ||
33. sang wiku ngandika malih |
hèh mara cantrik sanyata |
ura-ura gêntèn-gêntèn |
sabisane kuli desa |
môngsa dipun cacada |
kang kinon umangsah gupuh |
rarêpèn asmaradana ||
34. kayu gurda pindha warni |
pandhita ing Endrakila |
raganingsun kaya priye |
terong alit dhêdhompolan |
paksi môngsa bayangan |
iba susahirèng kalbu |
yèn nganti salin sandhangan ||
Comments
Post a Comment