Suluk Radèn Sumarja Gêguru Dhatêng Pandhita,
Nêgês Masalah Lampahipun Bimasuci.
Bismillahirahmannirrahim
Kinanthi
1. Radèn Sumarja umatur |
kawula asring udani |
cariyose kitab Jawa |
ingkang nami Dewaruci |
punapa inggih isbatan |
tuwin ta inggih sayêkti ||
2. yèn ta yêktosa puniku |
pagene Sang Hyang Pramèsthi |
têka botên amêmalang |
sakarsa-karsane dadi |
dene duk Rêsi Wisrawa |
mêmulang Dèwi Sukèsi ||
3. punika antuk sêsiku |
dera Risang Udipati |
dosane miyak warana |
môngka Risang Bayusiwi |
ambuka kang Sastracêtha |
Sastrajindra malah luwih ||
4. mèsêm ngandika sang wiku |
yèn ta botêna sayêkti |
de sampun pinacak kitab |
lamun dora ta upami |
têmah èwêt raosing tyas |
sarèhning kawula laip ||
5. têmah botên sagêd gayuh |
anak puniku prakawis |
umatur Radèn Sumarja |
kawula nuwun aksami |
para sawabe ing tuwan |
pun patik ingkang nglampahi ||
6. sang tapa ngandika arum |
marmane Wisrawa Rêsi |
kasiku dening jawata |
wani miyak aling-aling |
prasasat ngaku bathara |
witing jaman purwa nguni ||
7. awit prakara puniku |
de Sang Gôndawrakta siwi |
bangkite sangking atômpa |
wawêjange Dewaruci |
buka gaibing Hyang Suksma |
wus bageane pribadi ||
8. pêpadhanira ing ênu |
nalikane para wali |
kang aran Sèh Sitijênar |
jaman Dêmak kaping kalih |
Pangeran Panggung kang nama |
kaping tri kala Mantawis ||
9. Amongraga wastanipun |
katri sami kumawani |
amiyak wadananing Hyang |
angrusakakên agami |
sarake Jêng Nabi Duta |
Mukhamad ingkang sinêlir ||
10. wong têtiga sami kukum |
kenging wiradating aji |
Sèh Sitijênar pinêdhang |
Pangeran Panggung dèn bêsmi |
katiga Sèh Amongraga |
kinêlêm laut Tunjungbrit ||
11. kilap sabakdaning kukum |
kula tan sagêd andugi |
dhêku radèn kalihira |
prasami padhang kang galih |
caritane sang pandhita |
nglêlimput wong lara brangti ||
12. sang dwijawara amuwus |
wawi anakmas kêkalih |
wêkdal luhur sampun môngsa |
sandika risang sinung ngling |
minggah langgar laju salat |
patrape kadi duk nguni ||
13. tan kawarna bakda sampun |
katri ngalih mring pandhapi |
ngandika purwa wasana |
hèh cantrik wêtokna nuli |
ing saana-ananira |
wus lingsir sêdhênge bukti ||
14. santri kêkalih abikut |
angladosakên sêsaji |
apan nutug samya dhahar |
rampung ingundurkên sami |
sinalinan dhêdhaharan |
warna-warna cara ngardi ||
15. Radèn Sumarja umatur |
tuwanku sang maharêsi |
ulun mugi têdahêna |
masalahe Dewaruci |
paran amba sagêd nelad |
lir brangtane bayu siwi ||
16. sang tapa mèsêm lingnya rum |
inggih anakmas wak mami |
asagah dèrèng kantênan |
yèn mopoa kula sirik |
yèn arsa saananira |
pun bapa boya gumingsir ||
17. saking pangraosing kalbu |
kilap lêpat kilap sisip |
borong ingkang sami myarsa |
sawontêne cara ngardi |
wong pêrang tanpa landhêsan |
botên kenging dèn dukani ||
18. kala sang panênggak Pandhu |
sêdya arsa angulati |
ingkang warih tata darma |
môngka sucining dumadi |
puruhitèng Dhanyang Druna |
ing kono margane olih ||
19. nadyan iku kênèng apus |
pra Pandhawa pinrih pati |
ananging Sang Bratasena |
sêdyaning tyas mung ngulati |
sampurnaning dhirinira |
nora ngetang baya pati ||
20. makatên si wong gêguru |
lamun kadi Bayusiwi |
wong pruhitèng jaman mangkya |
jêr atine minggrang-minggring |
sakirna kang dipun ancas |
sayêkti botên pinanggih ||
Nêgês Masalah Lampahipun Bimasuci.
Bismillahirahmannirrahim
Kinanthi
1. Radèn Sumarja umatur |
kawula asring udani |
cariyose kitab Jawa |
ingkang nami Dewaruci |
punapa inggih isbatan |
tuwin ta inggih sayêkti ||
2. yèn ta yêktosa puniku |
pagene Sang Hyang Pramèsthi |
têka botên amêmalang |
sakarsa-karsane dadi |
dene duk Rêsi Wisrawa |
mêmulang Dèwi Sukèsi ||
3. punika antuk sêsiku |
dera Risang Udipati |
dosane miyak warana |
môngka Risang Bayusiwi |
ambuka kang Sastracêtha |
Sastrajindra malah luwih ||
4. mèsêm ngandika sang wiku |
yèn ta botêna sayêkti |
de sampun pinacak kitab |
lamun dora ta upami |
têmah èwêt raosing tyas |
sarèhning kawula laip ||
5. têmah botên sagêd gayuh |
anak puniku prakawis |
umatur Radèn Sumarja |
kawula nuwun aksami |
para sawabe ing tuwan |
pun patik ingkang nglampahi ||
6. sang tapa ngandika arum |
marmane Wisrawa Rêsi |
kasiku dening jawata |
wani miyak aling-aling |
prasasat ngaku bathara |
witing jaman purwa nguni ||
7. awit prakara puniku |
de Sang Gôndawrakta siwi |
bangkite sangking atômpa |
wawêjange Dewaruci |
buka gaibing Hyang Suksma |
wus bageane pribadi ||
8. pêpadhanira ing ênu |
nalikane para wali |
kang aran Sèh Sitijênar |
jaman Dêmak kaping kalih |
Pangeran Panggung kang nama |
kaping tri kala Mantawis ||
9. Amongraga wastanipun |
katri sami kumawani |
amiyak wadananing Hyang |
angrusakakên agami |
sarake Jêng Nabi Duta |
Mukhamad ingkang sinêlir ||
10. wong têtiga sami kukum |
kenging wiradating aji |
Sèh Sitijênar pinêdhang |
Pangeran Panggung dèn bêsmi |
katiga Sèh Amongraga |
kinêlêm laut Tunjungbrit ||
11. kilap sabakdaning kukum |
kula tan sagêd andugi |
dhêku radèn kalihira |
prasami padhang kang galih |
caritane sang pandhita |
nglêlimput wong lara brangti ||
12. sang dwijawara amuwus |
wawi anakmas kêkalih |
wêkdal luhur sampun môngsa |
sandika risang sinung ngling |
minggah langgar laju salat |
patrape kadi duk nguni ||
13. tan kawarna bakda sampun |
katri ngalih mring pandhapi |
ngandika purwa wasana |
hèh cantrik wêtokna nuli |
ing saana-ananira |
wus lingsir sêdhênge bukti ||
14. santri kêkalih abikut |
angladosakên sêsaji |
apan nutug samya dhahar |
rampung ingundurkên sami |
sinalinan dhêdhaharan |
warna-warna cara ngardi ||
15. Radèn Sumarja umatur |
tuwanku sang maharêsi |
ulun mugi têdahêna |
masalahe Dewaruci |
paran amba sagêd nelad |
lir brangtane bayu siwi ||
16. sang tapa mèsêm lingnya rum |
inggih anakmas wak mami |
asagah dèrèng kantênan |
yèn mopoa kula sirik |
yèn arsa saananira |
pun bapa boya gumingsir ||
17. saking pangraosing kalbu |
kilap lêpat kilap sisip |
borong ingkang sami myarsa |
sawontêne cara ngardi |
wong pêrang tanpa landhêsan |
botên kenging dèn dukani ||
18. kala sang panênggak Pandhu |
sêdya arsa angulati |
ingkang warih tata darma |
môngka sucining dumadi |
puruhitèng Dhanyang Druna |
ing kono margane olih ||
19. nadyan iku kênèng apus |
pra Pandhawa pinrih pati |
ananging Sang Bratasena |
sêdyaning tyas mung ngulati |
sampurnaning dhirinira |
nora ngetang baya pati ||
20. makatên si wong gêguru |
lamun kadi Bayusiwi |
wong pruhitèng jaman mangkya |
jêr atine minggrang-minggring |
sakirna kang dipun ancas |
sayêkti botên pinanggih ||
Comments
Post a Comment