Suluk Dewi Sulasikin bag 4
Sinom
1. ingkang pasthi ing larangan |
tan kêna ginawe gampil |
dene sira sampun awas |
yèn sampun têkèng ing wèsthi |
nugrahane Hyang Widi |
kang sampun awas ing kawruh |
rasane iku tunggal |
tunggal urip tunggal pati |
tunggal wujud Mukhamat yaiku Allah ||
2. tunggale lorone tunggal |
tunggale maksih kêkalih |
Mukhamad yaiku Allah |
Allah Mukhamad sajati |
jaba jêro tan kaèksi |
Mukhamad sirna kadulu |
kalingan sipat kidam |
waluya kadi ing nguni |
iya iku sampurnane puji sêmbah ||
3. poma iku dèn rêksaa |
ujar linarangan iki |
tan kêna ingucapêna |
tanpa ngrasa iku nini |
pan iku sadat jati |
sampurnane ing pandulu |
sampurnane paningal |
ningali ingkang sajati |
iya iku sampurnane rasaning dat ||
4. kang muhung ing santri ika |
idhêpe tan nolih singgih |
karo iku dadi sadat |
tan wikan dununge puji |
tan wruh Pangeran iki |
panêmbahe bêstu suwung |
kaliwat dènnya nêmbah |
dèn sidhêp urip kêkalih |
têkadipun tuna liwat bangêt sasar ||
5. dèn gugu aksara ika |
dèn èstokna datan gingsir |
sadatipun tuna liwat |
dèn puhung wartane tulis |
samya nêmbah amuji |
panêmbahe bêstu suwung |
parêke kang utama |
tan angèl dènnya ngabêkti |
satingalnya dadya puji dadi sêmbah ||
6. laire pan katingalan |
Mukhamad lawan Hyang Widi |
dinulu parêk kawangwang |
lir gêdhah isi sotya di |
jaba jêro kaèksi |
sirna gêdhahe dinulu |
kalingan madu ika |
sing pandulu kang sayêkti |
sirna ilang Mukhamad kalingan sukma ||
7. sajrone batin Mukhamad |
ya Mukhamad lair batin |
ya Allah batine nyata |
iya batin iya lair |
lir kumbane jêladri |
tunggale anane banyu |
iya tan kêna pêjah |
tan urip tan kêna pati |
urip iku anguripi ingkang pêjah ||
8. iku sira dèn prayitna |
dèn bisa sira nampani |
aja sira kumêlamar |
dèn nyata sira ngawruhi |
iku ingaran ngèlmi |
iya iku aran rasul |
kêkasihe Hyang Suksma |
sajatine kang linuwih |
iya iku ingakên utusaning Hyang ||
9. tan karuan pinangkanya |
panêmbahe tan sayêkti |
sabênêr-bênêring tingal |
kang kupur nora nana kari |
sêmbah pujine ênting |
anane sirna wus lêbur |
kalingan anane dat |
kêlêm ananira iki |
iya iku jatine kupur punika ||
10. jatine kapir kang nyata |
kapir aluhur sayêkti |
têgêse kapir punika |
ora ningali kêkalih |
tan uninga lyan malih |
anane kawula iku |
lêbur datan kaetang |
wus ênting tan ana kari |
kalimputan ananira ing datullah ||
11. sampurnane ing paningal |
kang nyata kupur lan kapir |
lawan masrik ta punika |
suwung mudada sêjati |
kang têkèng Allah iki |
iku kang minôngka wuwus |
têgêse kupur ika |
lawan kapir dèn kawruhi |
yèn ora wruh sira lagi sasêlaman ||

1. ingkang pasthi ing larangan |
tan kêna ginawe gampil |
dene sira sampun awas |
yèn sampun têkèng ing wèsthi |
nugrahane Hyang Widi |
kang sampun awas ing kawruh |
rasane iku tunggal |
tunggal urip tunggal pati |
tunggal wujud Mukhamat yaiku Allah ||
2. tunggale lorone tunggal |
tunggale maksih kêkalih |
Mukhamad yaiku Allah |
Allah Mukhamad sajati |
jaba jêro tan kaèksi |
Mukhamad sirna kadulu |
kalingan sipat kidam |
waluya kadi ing nguni |
iya iku sampurnane puji sêmbah ||
3. poma iku dèn rêksaa |
ujar linarangan iki |
tan kêna ingucapêna |
tanpa ngrasa iku nini |
pan iku sadat jati |
sampurnane ing pandulu |
sampurnane paningal |
ningali ingkang sajati |
iya iku sampurnane rasaning dat ||
4. kang muhung ing santri ika |
idhêpe tan nolih singgih |
karo iku dadi sadat |
tan wikan dununge puji |
tan wruh Pangeran iki |
panêmbahe bêstu suwung |
kaliwat dènnya nêmbah |
dèn sidhêp urip kêkalih |
têkadipun tuna liwat bangêt sasar ||
5. dèn gugu aksara ika |
dèn èstokna datan gingsir |
sadatipun tuna liwat |
dèn puhung wartane tulis |
samya nêmbah amuji |
panêmbahe bêstu suwung |
parêke kang utama |
tan angèl dènnya ngabêkti |
satingalnya dadya puji dadi sêmbah ||
6. laire pan katingalan |
Mukhamad lawan Hyang Widi |
dinulu parêk kawangwang |
lir gêdhah isi sotya di |
jaba jêro kaèksi |
sirna gêdhahe dinulu |
kalingan madu ika |
sing pandulu kang sayêkti |
sirna ilang Mukhamad kalingan sukma ||
7. sajrone batin Mukhamad |
ya Mukhamad lair batin |
ya Allah batine nyata |
iya batin iya lair |
lir kumbane jêladri |
tunggale anane banyu |
iya tan kêna pêjah |
tan urip tan kêna pati |
urip iku anguripi ingkang pêjah ||
8. iku sira dèn prayitna |
dèn bisa sira nampani |
aja sira kumêlamar |
dèn nyata sira ngawruhi |
iku ingaran ngèlmi |
iya iku aran rasul |
kêkasihe Hyang Suksma |
sajatine kang linuwih |
iya iku ingakên utusaning Hyang ||
9. tan karuan pinangkanya |
panêmbahe tan sayêkti |
sabênêr-bênêring tingal |
kang kupur nora nana kari |
sêmbah pujine ênting |
anane sirna wus lêbur |
kalingan anane dat |
kêlêm ananira iki |
iya iku jatine kupur punika ||
10. jatine kapir kang nyata |
kapir aluhur sayêkti |
têgêse kapir punika |
ora ningali kêkalih |
tan uninga lyan malih |
anane kawula iku |
lêbur datan kaetang |
wus ênting tan ana kari |
kalimputan ananira ing datullah ||
11. sampurnane ing paningal |
kang nyata kupur lan kapir |
lawan masrik ta punika |
suwung mudada sêjati |
kang têkèng Allah iki |
iku kang minôngka wuwus |
têgêse kupur ika |
lawan kapir dèn kawruhi |
yèn ora wruh sira lagi sasêlaman ||
Comments
Post a Comment