
Kinanthi
1. kinanthi ingkang winuwus |
kang kari anèng nêgari |
dèn awas sariranira |
sasat wêruh suksma jati |
awake kang kinawruhan |
anênggih kalih prakawis ||
2. awak lair kang kadulu |
kêlawan ati kêkalih |
ati lair katingalan |
kêlawan ati kêkalih |
lair batin bedakêna |
nanging nyatane kang lair ||
3. kang lair pasthi maujut |
sarta lawan batinnèki |
kang batin pasthi katingal |
dene anane kang batin |
angutus mring lairira |
kang lair kalingan batin ||
4. pangandikanya Hyang Agung |
marang kanjêng rasul nabi |
kang minôngka gêdhonging Hyang |
sêsoroge gêdhong mukmin |
ambukak sakèhing rasa |
Mukhamad iku kêkasih ||
5. Mukhamad warnane iku |
iya rupa rijal gaip |
pan sangking karsanira Hyang |
lalirune Suksma jati |
kang ingaran wujut tunggal |
tan ana wujut kêkalih ||
6. yèn sira ayun lumaku |
anganggoa rasul singgih |
pangucapira khaklollah |
pangambu pamyarsanèki |
paningalira makripat |
pan dadi badan rokhani ||
7. roh ilapi aranipun |
rokhani badane singgih |
pan iku langkung utama |
dadi tingale lêstari |
marang Suksma Maha Mulya |
kêlawan ingkang kêkasih ||
8. nabi wali mukmin iku |
sêdaya sami kawingking |
pan dadi angucap dhawak |
kêlawan nabi kêkasih |
marang Suksma Maha Mulya |
tan kandhêg anjohar jisim ||
9. tingale rukyat puniku |
dèn awas sira ningali |
kadi aningali wulan |
tatkalanira ing wêngi |
anglir wulan karainan |
makripat kêpalanèki ||
10. yèn sira ayun andulu |
marang Suksma Maha Suci |
kêlawan mata kêpala |
ing têmbe datan ningali |
yêkti wuta tingalira |
nora wêruh ing Hyang Widi ||
11. yèn arsa awas andulu |
ing wujude Suksma jati |
dèn awas ing rupanira |
iku warnanya Hyang Widi |
awase kêlawan apa |
sira ngiloa ing carmin ||
12. kalbu mukmin ta puniku |
minôngka paesan êning |
ênggone sipate tingal |
kêlawan ananing Widi |
iya ati kang têtiga |
dudu atinirèng jisim ||
13. ati ingkang bôngsa luhur |
minôngka ananing Widi |
ana rupa tigang warna |
iya kadim kang rumiyin |
kapindhone kadim mudas |
katigane murdas singgih ||
14. yaiku upamanipun |
dhalang wayang lawan kêlir |
dhalange pan wujut tunggal |
wayangira roh ilapi |
kêlire akyan sabitah |
karone nyata ing kêlir ||
15. mulane ingaran iku |
kêlir wus katrapan ringgit |
dhalange anukmèng wayang |
wayange anukmèng kêlir |
kêlire anukmèng dhawak |
pan iku wujud birai ||
16. sampun tumêkèng salulut |
ewuh dènnya angarani |
lamun angrasa kawula |
dadi wujutira kalih |
yèn sira ngrasa Pangeran |
sakuthu lawan Hyang Widi ||
17. mulane puniku luput |
dene sêkuthu Hyang Widi |
mangeran kang sipat baka |
langgêng sipate Hyang Widi |
tan kêna tinunggal karsa |
pan nora panggih-pinanggih ||
18. yèn wus dudu polahipun |
pan têmbe angrasakna pati |
sayêktine brata ngarang |
angarang marang Hyang Widi |
poma sira iku poma |
tinêkanan rasa jati ||
Tamat, Sèh Madal kalihan Dèwi Sulasikin.
Comments
Post a Comment