HIDAYAT JATI 3
1. Kangjêng Susuhunan ing Giri Parapèn, wêwêjangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kangjêng Susuhunan ing Darajat, wêwêjangane, Wêdharan, Wahananing Dzat.
3. Kangjêng Susuhunan ing Atasangin, wêwêjangane, Gêlaran Kahananing Dzat.
4. Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjênênganing Dzat kabèh, nanging durung urut patrap panganggone ing sawiji-wiji.
5. Kangjêng Susuhunan ing Têmbayat, kalilan dening guru Kangjêng Susuhunan ing Kalijaga, ambabarake wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram.
6. Kangjêng Susuhunan ing Padusan, wêwêjangane, Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas..
7. Kangjêng Susuhunan ing Kudus, wêwêjangane, Panêtêp Santosaning Iman.
8. Kangjêng Susuhunan Gêsêng, wêwêjangane, Sasahidan.
Dene wêwêjangane kang wis kasêbut ing dhuwur iku, surasane iya anunggal bae, amarga padha wiridan saka Pamêjange Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta kabèh, mula ing mêngko kaimpun dadi sawiji, supaya gampang anggonku angrasakake riwayating Dalil Hadist Ijmak Kiyas, sarèhne hakekate Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa warna tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora mawa jaman, ora arah ora ênggon amung cipta-sasmita dumunung ana kang waskita. Wêwisikane ora ana apa-apa sakèhe kang kasêbut iku dudu sajatining Dzat kabèh, ananing[53] kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wêwisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning
--- 49 ---
para wêwêjangan kabèh, kaya kang kasêbut ana Warahing Hidayat-Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa dibasakake Dzat mutlak kadim azali abadi, têgêse asifat sawiji, kang amasthi dhingin dhewe nalika isih awang uwung salawase ing kahanan-kita, iya iku jumênêng pribadi, ana sajroning nukad gaib kang kêluwih langgêng, ing kono amêdharake kudrat iradate dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma af'al kabèh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, têgêse urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, têgêse cahya, dumunung sajabaning urip.
3. Sir, têgêse rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, têgêse nyawa, diarani suksma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, têgêse angkara, dumunung sajabaning suksma.
6. 'Akal, têgêse budi, dumunung sajabaning napsu.
7. Jasad, têgêse badan, dumunung sajabaning budi.
Dene Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi kahananing cahya, rahsa, suksma, napsu, budi, badan kabèh sumarambah saka ing wiwitan tumêka ing wêkasan, mungguh wêwijangane kaya ing ngisor iki.
1. Ing nalika Chayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra, wahanane dadi bisa aningali, iya iku paningaling Dzat angagêm ing netra-kita.
2. Ing nalika Chayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagêm ing grana-kita.
3. Ing nalika Chayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, wahanane dadi bisa ngandika, iya iku pangandaning[54] Dzat angagêm ing lesan kita.
--- 50 ---
4. Ing nalika Chayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagêm ing karna-kita.
5. Ing nalika Chayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane dadi bisa birahi anduwèni karsa, iya iku karsaning Dzat anggêm[55] ing ati-kita.
6. Ing nalika Chayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing gêtih, wahanane dadi bisa ambêkan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadhane, iya iku af'aling Dzat angagêm ing saulah-kita saèstu ora beda ing nalika amratandhani af-al sajroning 'alam, banjur bisa amolahake srêngenge rêmbulan, angin sapanunggalane, saisèn-isèning 'alam kabèh, padha dumunung ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
1. Dzat Amurba Chayu, têgêse, Dzat iku witing urip.
2. Chayu amisesa Nur, têgêse, urip iku amêngku wahyaning cahya.
3. Nur kang misesa Sir, têgêse, cahya iku amêngku uriping rahsa.
4. Sir amisesa Roh, têgêse rahsa iku amêngku uriping suksma.
5. Roh amisesa Napsu, têgêse, suksma iku amêngku uriping napsu.
6. Napsu amisesa 'Akal, têgêse, napsu iku amêngku uriping budi.
7. 'Akal amisesa Jasad, têgêse, budi iku amêngku uriping jasad.
Mungguh baline mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kawisesa dening cahya, cahya kawisesa dening urip, urip kapurba dening Dzat, mulane wahananing urip iku tanpa wangênan karo ananing Dzat, iya urip-kita iku Dzating Gusti Kang Amaha Suci Sejati, aja uwas sumêlang ing galih.
--- 51 ---
Patraping Manekung Saka wasiyat-dalêm Kangjêng Panêmbahan Senapati Ingalaga Mataram.
Dene santosaning pangèsthi kayêktèkake kang dadi tandhane, iku manawa pinêsu ing sajroning manekung anungku samadi anêgês karsa amarsudi kawasa, adat kang wis kalakon, ana mangunah têka kagawa ing utusan mêtu saka-sarira-kita kang amaha mulya, manawa tandha katon saka pramana karasa ing dalêm rahsa, ing kono manawa katarima kang cinipta dadi, kang sinêdya ana, kang kinarsan têka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh pratikêle manawa arêp manekung saka wasiyate Kangjêng Panêmbahan Senapati Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dhahar sare, anyêgah sahwat ambirat napsu hawa ing dalêm sawatara dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalêm têlung dina têlung bêngi, ora kêna angêmu sak sêrik duka cipta, manawa pasane wis kari sawêngi ora kêna sare, barêng ing wayah têngah wêngi adus banjur manganggo kang sarwa suci, sarta akêkonyoh ganda wida jêbad wangi, adêdupa marêp mangetan utawa mangulon angarêpake keblate dhewe, tumêkane ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati-raga nutupi babahan nawangsanga,[56] patrape pitêkur, jêmpol sikil katêmokake padha jêmpol sikil dipapak, polok katêmokake padha polok digathuk, jêngku katêmokake padha jêngku dirapêt, palanangan sapalandhungane sinipat karo jêmpol sikil-dibênêr aja nganti katindhihan, nuli asta karo angrangkul jêngku atrap sidhakêp suku tunggal darijining asta padha antuk ing sêlaning dariji kaya angapu-rancang, jêmpol asta banjur winawas karo pucuking grana, nuli anata wêtuning napas tanapas anpas nupus, aja nganti tumpang suh kumpule dadi sawiji ing kono tinarik saka kiwa. Tumêka ing pusêr lèrèn saantara suwe banjur katurunake anêngên mêtu ing lèng grana têngên kang alon aja nganti kasusu. Manawa wis sarèh anarik napas manèh saka têngên tumêka ing pusêr lèrèn saantara suwene banjur katurunake angiwa mêtu ing
--- 52 ---
lèng grana kiwa kang alon aja nganti kasusu, ambal kaping têlu mangkono panariking napas, wêkasane manawa wis sarèh anarik napas manèh saka kiwa mubêng anêngên, saka têngên mubêng angiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing pusêr, banjur katarik mandhuwur bênêr kang asarèh, lèrèn tinata ana ing jaja, banjur katarik mandhuwur manèh kang alon-alon, lèrèn tinata ana ing sirah, ing kono angênêngake[57] cipta sarwi osik matrapake panjênênganing Dzat kaya mangkene.
Ingsun Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa angandika kun payakun, ... anu ... mêtu saka kudratingsun. Manawa wis mangkono, adat padha sanalika bae kayêktènan kang dadi tandhane, nuli panariking napas katurunake mêtu ing lèng grana karo pisan kang alon aja nganti kasusu, ing wêkasan pasrah analangsa marang Dzat-kita dhewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing sabên sasi sapisan, orane amung sabên ing dina ijabah bae aja nganti katowongan, sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang kasêbut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rêjêb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah, ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Bêsar, ijabahe tanggal kaping 8, utawa kaping 9.
Liyane iku sêpên tanpa dina ijabah.
--- 53 ---
Urut - urutane arane wahananing Dzat.
Ing mêngko amratelakake urut-urutane namane Wahananing Dzat kang wis kasêbut ing ngarêp kabèh mau kaya ing ngisor iki.
1. Cahyu[58]
Kang dhingin Cahyu, têgêse urip, diarani Chayun, têgêse panguripan, diarani manèh Chayat, têgêse anguripu, diarani manèh Chayu-daim, têgêse urip kang têtêp, ananging sajatine iya amung sawiji Chayu iku.
2. Nur.
Kang kapindho Nur, têgêse cahya, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi limang pasêbutan.
1. Nur Riyat, têgêse cahya samar, warnane irêng.
2. Nur Rani, têgêse cahya loro, iya iku cahya kapindho, warnane abang.
3. Nur Mahdi, têgêse cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat, têgêse cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad, têgêse cahya kang pinuji, warnane putih. Mungguh grêbane kabèh iku, kasêbut nama Nuru'llah, têgêse cahyaning Allah.
3. Sir.
Kang kaping têlu Sir, têgêse rahsa, iku sajatine iya amung sawiji ananging dinamani dadi nêm pasêbutan.
1. Sir Ibtadi, têgêse rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahari, têgêse rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali, têgêse rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji, têgêse rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
--- 54 ---
5. Sir Hakiki, têgêse rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi, têgêse rahsa tunggal dinamani Sir gaibi, têgêse rahsa gaib, iya iku dadi wahyaning asmaragama. Mungguh grêbane kabèh iku kasêbut nama Siru'llah, têgêse rahsaning Allah.
4. Roh.
Kang kaping pat Roh, têgêse nyawa, utawa suksma, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasêbutan.
1. Roh Jasmani, têgêse nyawaning badan, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake anggaotaning jasad, dingibaratake roh kewani têgêse kaumpamakake nyawa kang anguripi sato kewan.
2. Roh Nabati, têgêse nyawaning tumuwuh, iya iku wêwayanganing nyawa kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane tumanêm dadi uriping budi.
3. Roh Napsani, têgêse nyawaning napsu, iya iku wêwayanganing nyawa kang nguripake hawaning napsu.
4. Roh Rahmani, têgêse nyawaning kang sifat murah, diarani Roh rabani, têgêse nyawaning Pangeran, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake kahananing rahsa.
5. Roh Rokhani, têgêse nyawaning suksma, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake warananing suksma.
6. Roh Nurani, têgêse nyawaning cahya, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi, têgêse nyawa kang wêning, diarani Roh Kudus, têgêse nyawa kang suci, iya iku wêwayanganing nyawa kang anguripi ananing atma.
Mungguh grêbane kabèh iku kasêbut nama Rochu'llah, têgêse nyawaning Allah.
Dene têrange wêwêjanganing Roh iku manawa karujukake karo wasiyate Ingkang Sinuhun Sultan Agung nalika musawaratan
--- 55 ---
ngèlmu, kadhawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Katêgan, mangkene pangandika-dalêm.
Sajatine roh iku sawiji, minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa jiwa, kasêbut aran suksma, prabedane padha amawa tandha sowang-sowang.
1. Tandhaning Roh iku anganakake gêtih.
2. Tandhaning Nyawa anganakake kêtêtêk.
3. Tandhaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandhaning suksma anganakake rahsaning jasad.
Ananging Suksma iku ana papangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patêmone jasad lan napas, iku dèn arani Suksma Wahya, têgêse suksma lair.
2. Patêmoning napas lan budi, iku dèn arani suksma Dyatmika, têgêse suksma batin.
3. Patêmoning budi lan napas, iku dèn arani suksma lana, têgêse suksma têtêp.
4. Patêmoning napsu lan nyawa, iku dèn arani Suksma Mulya, têgêse suksma mulus.
5. Patêmoning nyawa lan rahsa, iku dèn arani Suksma Jati, têgêse suksma nyata, dèn arani manèh suksma Rasa, têgêse suksma rahsa.
6. Patêmoning rahsa lan cahya, iku dèn arani Suksma Wisesa, têgêse suksma wênang.
7. Patêmoning cahya lan urip, iku dèn arani Suksma Kawêkas, têgêse suksma pungkasan.
Dene patêmoning suksma kabèh iku dadi Suksma Adi Luwih, têgêse suksma utama, yèn kumpul dadi Rêtna Intên Jumantên, iku ngibarating martabat Wachadiyat, campur dadi Sasra ludira, iku ngibarating martabat Wahdat, sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi manik Maya gumilang tanpa wêwayangan, têgêse bali dadi Dzating nukat gaib, mulih marang azali abadi.
Bali amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat.
--- 56 ---
5. Napsu.
Kang kaping lima 'Napsu, têgêse angkara, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi patang pasêbutan.
1. Napsu Luwamah, têgêse angangsa, darbe hawa amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahanane wadhuk wahyane saka lesan, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot irêng, sampurnane anarik lêburing wulu kuku.
2. Napsu Amarah, têgêse sêrêng, darbe hawa amarakake angkara, panastèn dêduka sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot-abang, sampurnane anarik lêburing kulit gêtih.
3. Napsu Sufiyah, têgêse mêlês, dinamani napsu Sufiyah, têgêse adrêng, darbe hawa amarakake murka, penginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa, wahyane saka netra, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik lêburing daging otot.
4. Napsu Mutmainah, têgêse jinêm, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba marang kautaman, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur ora mawa watara, wahanane ing bêbalung, wahyane saka ing grana, kasêbut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik lêburing balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utêk, dumunung ing ati dadi cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wêtune saka jantung banjur dadi nupus, katampan ing ati manèh banjur dadi anpas, anunggal lakuning gêtih banjur dadi tanapas, angambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah ing jasad banjur amêtokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta, birahi, nupus, anpas, tanapas, swara, iku padha mêtu saka hawaning napsu kabèh.
--- 57 ---
6. Akal.
Kang kaping nêm Akal, têgêse budi, iku sajatine iya amung sawiji ananging dinamani dadi limang pasêbutan, manawa kaetung dalah kang arangkêp nama dadi pitung pasêbutan, padha anartani marang ngibarat namaning ati, kadadiyane anunggal pasêbutan.
1. Budi Maknawi, iya ati maknawi, têgêse wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari, têgêse wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda, têgêse woding ati, dadi ngibarat kahananing budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at, têgêse woding jajantung dinamani budi jaki, utawa ati jaki, têgêse ati suci, dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri, têgêse rahsaning ati, dinamani budi safi, utawa ati safi, têgêse ati wêning, dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, têgêse ati lima, iya iku pangawasa kang mêtu saka rahsaning budi, peperangane dadi têlung pangkat padha anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya, têgêse purbaning budi, kaya ta: paningal, pamiyarsa, pangganda, pamirsa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya, têgêse antaraning budi, kaya ta: kêkêtêk, napas, kêdhèping netra, rasaning lidhah, kênyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya, têgêse wisesaning budi, kaya ta: karasaning kulit, parji, jubur, asta, sikil.
7. Jasad.
Kang kaping pitu Jasad, têgêse badan, iku sajatine iya amung sawiji, ananging dinamani dadi rong pasêbutan.
1. Jasad Turab, têgêse badan kadadiyan saka lêbu, dibasakake badan jasmani, iya iku badan wadhag.
2. Jasad Latip, têgêse badan alus, dibasakake badan rokhani, iya iku badan suksma.
--- 58 ---
Mungguh janjine badan wadhag karo badan alus iku ora kêna pisah, sangkan-parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging wêwangsulan, ing têmbe badan wadhag iku luluh sampurna ana sajroning badan alus, kalimputan dening Chayu daim, têgêse urip kang têtêp dumunung ing kahanan-kita pribadi, mula dipralambangi: warangka manjing curiga, têgêse badan wadhag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadhag isih dadi êmbanan, lambange: curiga manjing warangka, têgêse badan alus isih dumunung sajroning badan wadhag.
Pratikêle Angluluh Ing Badan Wadhag.
Dene pratikêle ing badan wadhag mau, saka wasiyat-dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I, kêna kalanteh anglakoni tapa brata kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci têgêse ditabêri adus esuk.
2. Angêngurangi dhahar, têgêse adhahara manawa bangêt luwe.
3. Angêngurangi ngunjuk, têgêse ngunjuka manawa bangêt kasatan.
4. Angêngurangi sare, têgêse, asareya manawa bangêt karipan.
5. Angarang-arangi pangandika, têgêse angandika manawa nganggo masa kala.
6. Anguda-uda sahwat, têgêse asahwata karo garwa manawa bangêt kangên.
7. Ambirat napsu, têgêse aja nganti angumbar hawa, angagêma budi trima, lila, têmên, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, anggêr ora kawistara, sarta dumunung ing asêpên, iya wa'llahu a'lam katarimane.
Dene manawa arêp waskitha dununging asêpên, iku sakaliring rupa-kita kapasrahêna marang kang adarbe rupa, sakaliring swara- kita kaulihêna [kau...]
--- 59 ---
[...lihêna] marang kang adarbe swara, paningal-kita, pamiyarsa-kita, pangganda-kita, pangrasa-kita, pamirsa-kita, padha kabalèkêna marang sangkane dhewe-dhewe.
Mungguh patrape anyidikake êninging rahsa, angawasake ênênging pancadriya, têgêse anglèrènake saniskaraning ngaurip kabèh, manawa wis bisa mangkono, iya iku bêbasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andheprok, lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amêlèk, kaya mangkono ngibarate.
--- 60 ---
Derah Wahananing Dzat
Ing ngisor iki amratelakake urut - urutane Wahananing Dzat kabèh.
[Grafik]
Dzat mutlak kang kadim azali abadi.
1. Chayu, têgêse urip, kasêbut atma.
2. Nur, têgêse urip, kasêbut pranawa.
3. Sir, têgêse rahsa, kasêbut pranama.[59]
4. Roh, têgêse nyawa, kasêbut suksma.
5. Napsu, têgêse angkara.
6. 'Akal têgêse, budi.
7. Jasad, têgêse badan.
--- 61 ---
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung anarambahi ana sajroning urip-kita, ananging akèh kang padha katambahan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, têgêse ora arah ora ênggon, akantha tanpa warna tanpa rupa, asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi: kombang angajab ing tawang, têgêse: kombang anglèng ana ing awang-awang, mula ing dalêm martabat kasêbut: la takyun, saka durung sanyata ing kahanane.
Dene Chayu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sajati, dipralambangi: kusuma anjrah ing tawang, têgêse: kêmbang tuwuh ana ing awang-awang, mula dalêm martabat kasêbut: takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sasandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi: tunjung tanpa tlaga, têgêse: kêmbang tarate urip ora mawa banyu mula ing dalêm martabat kasêbut: takyun sani, dening wis sanyata ing kahanane.
Dene Sir iku minangka tajaniling Nur, awit kasorotan saka wisesaning pranawa sajati, dipralambangi: isining wuluh wungwang, têgêse: ora kawistara isèn-isèning wuluh wungwang iku, mula dalêm martabat kasêbut: akyan sabita, dening sanyata têtêp ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi: tapaking kuntul anglayang, têgêse: ora mawa labêt tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalêm martabat kasêbut: kayan karijiyah, dening sanyata matu ing kahanane.
Dene napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning suksma sajati, dipralambangi: gêni murub ing têlêng samudra têgêse: kaelokan urubing gêni ana sajroning banyu iku, mula ing dalêm martabat kasêbut: akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi: kuda ngêrap ing pandêngan,
--- 62 ---
têgêse: jaran anyandêr isih kinurung ana sajroning jajaran dadi upacasa surasane padha karo pralambang: lumpuh ngidêri jagad, mula ing dalêm martabat kasêbut: akyan maknawiyah, dening sanyata kawêdhar ing kahanane.
Dene jasad iku minangka Tajali Wahananing Sifat, dadi êmbanane para mudah kang wis kasêbut ing ngarêp mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, padha sumarambah amaratani salir anggotane badan jasmani kabèh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi: kodhok kinêmulan ing lèng, têgêse: kodhok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, êlèng iku ngibarating jasad sajabaning mudah iya iku kahananing Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawa jamaning Dzat ing dêlahan, dipralambangi: kodhok angêmuli ing lèng, têgêse jasad gênti dumunung ana ing jêro, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi para[60] tarik-tinarik têtêp-tênêtêpan, kaya ing ngisor iki derahe.
--- 63 ---
Derah Kahananing Dzat ing dunya lan ing dêlahan
Kodhok angêmuli ing lèng… Kodhok kinêmulan ing lèng
[Grafik]
Kahanane ing dunya… Kahanane ing akhirat
--- 64 ---
Dzating Gusti kang nguwasani ing atase turu tangi lan patining jasad-kita.
Balik mungguh Dzating Gusti iku kacèke karo kawula dening andarbèni pangawasa, wênang ambabar prabawa sarta anarik wêdharing gêlar kukudan.
Kaya umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirêp dening wasesaning suksma, rêrêm sajroning Bait-al-makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglêrêp saniskaraning pancadriya mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggêlar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad-kita, ing kono saka pangrasa katonton 'alaming ngimpi, kalaksanan saliring solah bawa kabèh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angrêbdakake hawaning napsu anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabèh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad-kita, banjur wêruh manèh marang saniskara kang katonton ing 'alam dunya, mula dipralambangi: anênun sêntèg pisan anigasi, têgêse: lagi sadhela ing paningaling 'alam ngimpi banjur bisa wêruh kang katonton ing 'alam dunya manèh.
Kaya mangkono uga upamane mênawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirêp dening wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rasa, banjur luluh manjing ing dalêm pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzat kang mutlak kadim azali abadi, ing kono wahanane diarani mati kahananing jasad-kita, ananging satêmêne ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgêng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi: tanggal pisan kapurnaman, têgêse: durung suwe tumitah ana ing 'alam dunya, banjur bisa bali manèh dadi
--- 65 ---
manusa kang sampurna sarta waskitha ing saniskara.
Pralambang - pralambanging ngelmu.
Ing mêngko anutugake urut-urute panunggalane pralambang kabèh, ananging têgêse, sakèhing para amarsudi ngelmu padha darbe panêmu dhewe-dhewe, bênêr luput aku amborongake ing dêduga prayogane, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
1. Gigiring Punglu, têgêse gigiring mimis, iku ngibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora ênggon, ing ngêndi sayêktining panggonane, sayêkti amung dumunung ana Dzating urip-kita.
2. Tambining Pucang, têgêse ngibarat kaelokane sifating Dzat, dening binasakake dudu lanang dudu wadon dudu wandu, kaya apa satêmêning sifate, sayêkti amung dumunung ana sifating urip-kita. Ana kang angarani tambining pucang iku lènging grana loro, saka pangira bokmanawa kaliru ing sêsurupan.
3. Wêkasaning langit, têgêse iku ngibarat wangênane soroting cahya, sumarambah tumêka ing sifat kita.
4. Wêkasaning samudra tanpa têpi, têgêse iku ngibarat wangênane pangawasaning rahsa, sumarambah tumêka ing sifat-kita.
5. Galihing kangkung, têgêse iku ngibarat wahananing suksma, dumunung ing kahananing sifat-kita.
6. Gêni sakonang angastake,[61] têgêse iku ngibarat hawaning napsu, wimbuh sajroning pancadriya-kita.
7. 'Manuk mibêr angukuli[62] langit, têgêse iku ngibarat rosaning budi, wimbuh sajroning af'al-kita.
8. Prau amot samudra, têgêse prau iku ngibarating jasad, samudra iku ngibarating ati sapanunggalane.
9. Angin katarik ing prau, têgêse iku ngibarat lakuning napas mêtu saka ing jasad.
10. Susuhing angin, têgêse iku ngibarat palèrènaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani susuhing angin iku rambut,
--- 66 ---
saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.
11. Bumi, kapêtak sajroning lêmah, têgêse iku ngibarating wujud-kita asal saka ing lêmah, ing têmbe kapêndhêm ing lêmah, iya iku wahanane dadi daging.
12. Amèk gêni adêdamar, padha karo: gêni ana sajroning gêni, utawa: gêni binasmi ing gêni, têgêse iku ngibarating wujud-kita asal saka ing gêni tansah andadèkake gêni, iya iku wahanane dadi napsu.
13. Barat katiyub ing angin, padha karo: angin angine prahara, têgêse iku ngibarating wujud-kita, asal saka ing angin, agung angingsêp angin amêtokake angin, iya iku wahanane dadi napas.
14. Angangsu pikulan banyu, padha karo: banyu ana sajroning bangu, têgêse iku ngibarating wujud-kita, asal saka banyu tansah kailènan banyu, iya iku wahanane dadi gêtih, mula ana kang ngarani banyu sajroning banyu iku gêtih.
15. Srêngenge pine, surasane padha karo: kaca angêmu srêngenge, têgêse iku ngibarat cahya kasorotan ing srêngenge, utawa srêngenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.
16. Wiji ana sajroning uwit, uwit ana sajroning wiji, têgêse iku ngibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake panglêburan papan tulis.
17. Kakanganing pambarêp, adhining wuragil, têgêse iku ngibarat martabat Insan-kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wêkasan dhewe, barêng tarkine ing têmbe dadi wiwitan, mungguh Insan-kamil iku iya wahananing urip-kita pribadi.
18. Busana kancana rêtna ora ambosêni, sairib karo: busana wastra tanpa sèrèt, têgêse iku ngibarating jasad, busana kancana rêtna, wahanane dadi jasad ing jêro, busana wastra wahanane dadi kulit.
19. Tugu manik ing samudra, têgêse iku ngibarat panthênging cipta
--- 67 ---
anrus marang pêlênging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.
20. Sawanganing samudra rêtna, dadi ngibarating babu'l-arbab, têgêse korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabuddane, sawanganing samudra rêtna, iku diarani: kori sela matangkêp, dadi ngibarat mêlar mingkusing maras, utawa mênga mingkêming lambe.
21. Samudra winotan kilat, dadi ngibarating wot siratalmustakim, têgêse dalan kang bênêr, iya iku hakekate pêsating atma tumêka ing khalarating Dzat. Ana kang angarani wot siratalmustakim iku hakekate wêtuning pamicara, iku padha pakolèhe.
22. Bale tawang gantungan, dadi ngibarating 'arasj kursi, têgêse 'arasj: padhaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa ing jaja, têgêsing kursi palênggahan, iya iku hakekate palênggahaning Dzat, dumunung ana ing utêk utawa ing jajantung.
23. Wiji tuwuh ing watu, dadi ngibarating lokh kalam, têgêsing lokh: papan, kasêbut lokhilmakful têgêse papan kang rinêksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing jasad, rinêksa ing malaekat Kiraman, têgêsing kalam: panyeretan,[63] iya iku hakekate wêjanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angên-angên, rinêksa ing malaekat katibin.
24. Têngahing arah, dadi ngibarating mijan, têgêsing mijan: taraju, iya iku hakekate panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, piyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamirasa.
Ing saiki amung kajugag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabèh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wêkasan tur ora pati andadèkake prêlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing dêduga prayoga kaya ing ngisor iki.
--- 68 ---
1. Sawarnane kang binasakake: gêdhe, amba, dawa, dhuwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ngibarate Ananing Dzat.
2. Sawarnane kang binasakake: cilik, ciut, cêndhak, êndhèk, kurang, sapanunggalane iku dadi ngibarate wahanane sifat.
Upama unèn-unèn: Bothok banthèng winukus[64] ing godhong asêm, kabitingan ing alu bengkong, iku pradikane: bothok bantèng dadi ngibarating Ananing Dzat, godhong asêm dadi ngibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ngibarat Kahananing af'al kabèh, mungguh dununge mangkene: Ananing Dzat kita iku awarna Wahananing sifat-kita, tandha ing solah-bawa-kita, nanging wardine kang sajati iku ora prayoga manawa kagawe rêrasanan ing akèh, kinane kawicarakake amung kalayan kang wis bakal tunggal ngelmu, sarta kang wis katuwuhan dêduga, têgêse wis liwat têngah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe dêduga mundhak kadhinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sêpuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumêka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalêm satuwuhan antara nêm taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
Tuwuhe Iradating Dzat.
1. Awit saka lair tumêka 6 taun, katuwuhan lali, têgêse durung èngêt.
2. Awit 'umur 7 taun tumêka 12 taun, katuwuhan èngêt.
3. Awit 'umur 13 tumêka 18 taun, katuwuhan budi.
4. Awit 'umur 19 tumêka 24 taun, katuwuhan birahi.
5. Awit 'umur 25 tumêka 30 taun, katuwuhan murka.
6. Awit 'umur 31 tumêka 36 taun, katuwuhan wiweka.
7. Awit 'umur 37 tumêka 42 taun, katuwuhan dêduga.
8. Awit 'umur 43 tumêka 48 taun, katuwuhan santosa.
9. Awit 'umur 49 tumêka 54 taun, katuwuhan rumasa.
10. Awit 'umur 55 tumêka 60 taun, katuwuhan wirangi.
--- 69 ---
11. Awit 'umur 61 tumêka 66 taun, katuwuhan jatmika.
12. Awit 'umur 67 tumêka 72 taun, katuwuhan pêpêka.
Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali manèh, têgêse asring-asring kalalèn, mungguh pratikêle supaya aja nganti katuwuhan lali manèh, iku amung anyêgaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku amung napsu, manawa bisa ambirat napsu, 'adat kadunungan ati awas emut, tamtu nêmu kamulyan ing sangkan - paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarèhne aku durung bisa anglakoni dhewe, dadi amung atur pêpuji bisane kalakon olèh kamulyan bae.
Tandha bakal katêkan Bangas sawise cêdhak dina Kiyamat.
Ing wasanane amratelakake riwayating hadist, manawa wis cêpak dina kiyamat, ing kono ana kang dadi tandha bakal katêkan Bangas, têgêse utusane Pangeran Kang Amaha Suci, andhawuhake janji marang 'alam dunya awiyos, warna malaekat Jabarail, kinèn amundhut sapuluh pangkat, kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
1. Amundhut bêrkating bumi, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat sudaning rupa warna.
2. Amundhut 'adiling ratu, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat owahing paningal, pamiyarsa, pamirasa.
3. Amundhut lomaning sugih arta, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat larading gêtih, mani, sapanunggalane.
4. Amundhut wirangining pandhita, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat gingsiring budi.
5. Amundhut nastapaning awrêdha, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuhing dahganing napsu Luwamah tandha bakal lêrêp.
6. Amundhut sabaring sudra, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat wimbuh angkaraning napsu Amarah tandha bakal sirêp.
--- 70 ---
7. Amundhut sih-ing kadang warga, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuh murkaning napsu Sufiah tandha bakal rêsêm.
8. Amundhut wiranging pawèstri, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat wimbuh lobaning napsu Mutmainah, tandha bakal sidhêm pramanêm.
9. Amundhut imaning mukmin, iku manawa isbating wujud-kita dadi ngibarat gingganging suksma.
10. Amundhut sastraning Kuran, iku manawa isbating wujud-kita, dadi ngibarat sunyaning rahsa.
Manawa wis sunya rahsane, iku tandha wis kawistara ing panêngêran; mungguh dununging panêngêran iku rong pangkat, kang sapangkat, anuduhake panêngêran saka paningal-kita pribadi, kaya kang wis kasêbut ana sajroning Wirid kabèh, rong pangkate, anuduhake panêngêran kang kawistara ing paningal marang liyan, kapratelakake ing ngisor iki.
1. Manawa kawawas wis darbe lageyan kang owah saka adate, utawa bali kaya lageyane nalika isih bocah, iku tandha bakal alihan, têgêse wis mèh katêkan Bangas.
2. Manawa kawawas wis sunya matine, utawa ulate wis pucêt, wêwayangan sajroning netra wis oncat, kêdhèpe wis lèrèn, alise wis têpung, kêtete[65] wis sêpên, badan anyêp wis kambu kandaning[66] sawa, iku kang kawawas mau tandha wis tumêka ing janji angalih marang panggonan kang maha mulya, anunggal karo kahananing Dzat-kita Suci, iku sumangga ing panampane, amung atur pamujiku kang muga-muga bisaa anampani ing surasaning ngelmu kabèh, sabab Daliling ngelmu mangkene jarwane.
Gêdhe-gêdhening dosa iku wong ulah ngelmu makrifat. Têgêse, manawa wong ulah ngelmu makrifat iku katanggungan, awit saka durung kabuka ing pambudi, tamtu dadi dosa gêdhe, amarga ora sumurup ing surasane.
Dene manawa kang wis têrang bisa anampani kabèh iku, têmtu dadi kamulyaning sangkan-paran, têgêse ing awal akhir ora ana sangsayaning [sang...]
--- 71 ---
[...sayaning] jiwa raga sabab kang kasêbut ing Hadist, mangkene jarwane:
Sapa kang sumurup ing Pngerange[67] tamtu iya sumurup marang badane, Sapa kang uninga marang badane, tamtu iya uninga ing Pangerane. Têgêse, kang sumurup ing Pangerane iku, iya kang sumurup ing surasaning ngelmu makrifat kabèh, têgêse kang uninga marang badane iku, iya kang bisa anguningani marang uriping jiwa-ragane dhewe, aja nganti kalabêtan kang dadi bekaning ngaurip, kaya riwayating Hadist, mangkene jarwane.
Bekaning ngaurip lan Tapaning ngaurip.
Mungguh bekaning ngaurip iku wiyose dadi rong pangkat, kang sapangkat diarani bekaning jiwa, kèhe limang warna, 1: angumbar napsu hawa, 2: ambabar suka rênaning karsa, 3: anggêlar ambêk angkara murka, 4: amêdhar watak dora paracidra, 5: anuruti budi pitnah panganiaya; kang sapangkat manèh diarani bekaning raga, kèhe iya limang warna, 1: ulah carobo, 2: laku nistha, 3: tingkah dêgsura, 4: sarwa kêsèd sungkanan, 5: lumuh nastapa puja brata.
Wiyose riwayating Hadist iku, manawa kalabêtan beka kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, saka 'adat luwange asring andadèkake ora widada ing uripe, mula manawa bisa suminggah saka sakèhing beka iku, tamtu andadèkake prayoga lulus raharja ing uripe, luwih utama manawa bisa anglakoni kang dadi kawajibane tapaning ngaurip sarta jakate pisan, kaya ing ngisor iki pratelane.
1. Badan, tapane patrap anor anuraga, jakate tabêri ulah panggaweyan bêcik.
2. Ati utawa budi, tapane anarima, jakate sêpên saka pangira ala.
3. Napsu, tapane rila, jakate sabar ing coba bilahi sarta angapura ing kaluputan.
4. Nyawa, tapane têmên, jakate ora dahwèni munasika.
5. Rahsa, tapane utama, jakate mênêng analangsa.
6. Cahya, tapane suci, jakate êning.
--- 72 ---
7. Atma, tapane awas, jakate emut.
Anjabane saka iku ana manèh kang wênang ditapani utawa kajakatan, kaya ing ngisor iki pratelane.
1. Netra, tapane anyêgah sare, jakate lumuh aningali ing kamelikan.
2. Karna, tapane anyêgah napsu hawa, jakate lumuh amiyarsa para padu.
3. Grana, tapane anyêgah ngunjuk, jakate lumuh angingsêp alaning liyan.
4. Lesan, tapane anyêgah dhahar, jakate lumuh angrasani wong-wong.
5. Parji, tapane anyêgah sahwat, jakate lumuh panggawe jina bêbandrèkan.
6. Asta, tapane anyêgah colong calimut, jakate lumuh amaratangan.
7. Suku, tapane anyêgah lumaku panggawe ala, jakate atabêri lêlaku istirakatan.
Manawa kalakon mangkono tamtu kasêbut janma utama, mula ana bêbasan saka wasiyate Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldênta, kang kadhawuhake marang para putra wayah kaya ing ngisor iki.
1. Turuwa yèn arêp napsu; têgêse, manawa rumasa arêp mêtu napsune kasamura turu.
2. Napsuwa yèn arêp pêrang; têgêse, manawa arêp pêrang karo mungsuh diwanèk-wanèkake wêtuning napsu.
3. Pêranga yèn arêp mangan; têgêse, manawa karasa luwe bangêt arêp mangan, kasayutana kaya mangsa prangsalsabil.[68]
4. Mangana yèn arêp lumaku; têgêse, manawa arêp lêlungan adoh, asarapana dhahar ing sawatara.
5. Lumakuwa yèn arêp turu; têgêse, manawa karasa arip arêp sare, sinamura kanggo mlaku-mlaku.
Manawa dhèk isih jaman Buddha ana bêbasan mangkene.
1. Sabêcikane turu bêcik mêlèk.
--- 73 ---
2. Sabêcikane mêlèk bêcik tangi.
3. Sabêcikane tangi bêcik alungguh.
4. Sabêcikane lungguh bêcik angadêg.
5. Sabêcikane angadêg bêcik lumaku-lumaku[69]
Ora susah mawa katêgêsan, tamtu wis padha sumurup liding bêbasan iki, sumangga ênggone angrasakake.
Dene pakolèhe tapa iku amung laku kang ora kawistara, iya iku tansah prayitna ing uripe, kaya ta: obahing badan kudu angarah-arah, kedaling lesan kudu angarih-arih, êmpane mawa papan, patrape kanthi dêduga prayoga, tumanduk panimbang sawatara, tumindak kalayan rêringa, têgêse angon wahyaning masa kala, kang pantês tiba ing sambawa kalayan sambada.
Manawa wis bisa anglakoni mangkono, tamtu lulus ing solah-bawane, kayumanan ing sakarsane, dadi kasêbut janma patrap, kêna tinulad ing kautamane, sabab ana bêbasan kaya ing ngisor iki.
Panutup mawa sandi Atma
Rongkot-rungkuding badan, kalingan dening solah susila; garap-gangsuling lesan, kalingan dening gêlêm angalah wicara; warna ala, kalingan dening ati sarèh; sifat kuciwa, kalingan dening nitya sumèh; taliti sudra, kalingan dening bèr-budi bawa-lêksana. Mungguh kang binasakake rongkot-rungkuding badan iku manawa carobo dhêmên anganggo sandhangan kusut, garap-gangsuling lesan iku manawa kasaluru ing ujar saru, warna ala iku kang ora sambada, sifat kuciwa iku kang darbe cacad, taliti sudra iku têdhaking wong cilik, samono iku masa borong ing panganggo, aku drêma amêdharake bae, sarèhne durung bisa anglakoni dhewe, dadi amung atur pêpuji marang kang kasdu amarsudi, muga-muga padha bisaa anglakoni saka olèh parmaning Pangeran kang asifat murah ing dunya asih ing akhirat.
Allahumma istajib du'a ana bil khirati, amin, amin, amin, amin ya rabba'l'alamin.
Tammat wa'llahua'lam.

Comments
Post a Comment