HIDAYAT JATI 2
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak utak, karo iwak manik, sêdhêngane aja nganti angarani katarima ngèlmune.
Kang kapindho, anuduhake kang kasêbut ing sajroning Bait-al-muharram, têgêse omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji.
1. Dhadha iku wiyose kahananing Bait-al-muharram.
2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning napas.
3. Jantung kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning kêkêtêk.
4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning pamicara.
5. Jinêm, kahananing panggraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning pamiyarsa.
6. Suksma kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning pangganda.
7. Rahsa kahananing atma, anarik wahaning wisesa, dadi wahyaning pangarsa.[35]
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak ati, karo iwak jantung, sêdhêngane aja nganti angarani angên-angên, kabar pakolèhe kang wis kalakon, asring katarima ngèlmune.
Kang kaping têlu, anuduhake kang kasêbut sajroning Bait-al-mukaddas, têgêse omah kang sinucèkake, mangkene dununge sawiji-wiji.
1. Konthol, iku wiyose kahananing Bait-al-mukaddas.
2. Pringsilan, kahananing purba, katumusan wahananing birahi, dadi bêbukaning asmaranala, iya iku sangsêming[36] ati.
--- 26 ---
3. Mani, kahananing kanta, katumusan wahananing hawa, dadi bêbukaning asmaratura, iya iku sêngsêming sapandulon.
4. Madi, kahananing warna, katumusan wahananing warsa,[37] dadi bêbukaning asmaraturidha, iya iku sêngsêming pangrungu.
5. Wadi, kahananing rupa, katumusan wahananing cipta, dadi bêbukaning asmaradana, iya iku sêngsêming sapocapan.
6. Manikêm, wahananing suksma, katumusan wahananing pangrasa dadi bêbukaning asmaratantra, iya iku sêngsêming pangarasan.
7. Rahsa, kahananing atma, katumusan wahananing wisesa, dadi bêbukaning asmaragama, iya iku sêngsêming salulut.
Wasiyating guru kang amêdharake ngèlmu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas, utamane anglakonana ora karsa dhahar iwak pringsilan, sapanunggalane, sêdhêngane aja nganti angarani mani, kabar pikolèhe kang wis kalakon asring katarima ngèlmune.
Ing ngisor iki ana wirayating guru, manawa amêdharake rahsaning Bait-al-mukaddas, ingatase amêjang marang pawèstri, wênang kiniyas mangkene.
Ing nalika Kang Amaha Suci karsa anata malige ana sajroning Bait-al-mukaddas, jumênêng ing bagane Sitti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana ing antaraning purana iku rêta, iya iku mani, sajroning mani, iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikêm, sajroning manikêm iku rahsa, sajroning rahsa iku Dzating atma kang anglimputi ing kahanan jati. Dene pituduhe mangkene, baga, timbanging konthol, purana, timbanging pringsilan, ing sabanjure padha karo ingatase amêjang marang kakung, ênggone amardi supaya padha amardiya ing waskithaning sangkan-paran.
--- 27 ---
Manawa wis waskitha, prayoga anêtêpna kang dadi Santosaning Iman, iya iku sahadat jati, kang kasêbut ing dalêm batin mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun.
Riwayating guru ana manèh, ingatase amêjang marang pawèstri wênang kawuwuhan mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni, satuhune ora ana Pangeran, anging Insun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, Fatimah iku umatingsun.
Manawa wis sumurup sarasaning sahadat jati mangkono mau, nuli asahida marang wahananing sanak-kita, iya iku kahananing dumadi kang gumêlar ana ing 'alam dunya, kaya ta: bumi, langit, srêngenge rêmbulan lintang, gêni, angin, banyu, sapanunggalane kabèh, padha anaksènana yèn kita mêngko wis angakoni jumênêng Dzating Gusti Kang Amaha Suci, dadi sifating Allah kang sêjati, kasêbut ing dalêm batin mangkene jarwane.
Ingsun anaksèni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anaksèni Ingsun, satuhune Muchammad iku utusaningsun, iya sêjatine kang aran Allah, iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muchammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kêna ing pati, iya Ingsun kang eling ora kêna ing lali, iya Ingsun kang langgêng ora kêna owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskitha ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa wicaksana ora kêkurangan ing pangêrti, byar sampurna padhang têrawangan, ora kêrasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing 'alam kabèh kalawan kudratingsun. Titi.
--- 28 ---
RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU
Ing mêngko amratelakake wêwêjanganing guru sawiji-wiji, iku ing pamêdhare rahsaning ngèlmu kang kawêjangake urut-uruting kêkiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci, kang kadhawuhake marang Kangjêng Nabi Muchammad Rasulu'llah kasêbut ing ngisor iki.
1. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu Wisikan Ananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil sapisan.
2. Apa[38] wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu wêdharan Wahananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil kapindho.
3. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu Wêdharan Wahananing Dzat, kêkiyasan saka Dalil kaping têlu.
4. Ana wêwêjangan guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmi Kayêktèning kahanan, kêkiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-makmur, têrkadhang ayat kapindho Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram, têrkadhang ayat kaping têlu Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.
5. Ana wêwêjanging guru, kang amêdharake rahsaning ngèlmu saka Santosaning Iman abêbuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan.
Mungguh surasane kabèh iku iya padha bae, mula pêpangkataning ngèlmu mau katata dadi sawiji, kang supaya mupakata ing surasane, anjaba amung pêpangkataning ngèlmu talek, karo ngèlmi Fatah, yèn pangawine ngèlmu panitisan, iku padha mawa êmpan sarta papan dhewe, têgêse ngèlmu talek, iku ngèlmu amêtokake kaelokan, kèhe pitung prakara, 1: ngèlmu Sèpi, 2: ngèlmu Mungin, 3: ngèlmu Mubin, 4: ngèlmu Ahyan, 5: ngèlmu Barajan, 6: ngèlmu Mahbut, 7: ngèlmu Gaibu'lguyub, kabèh iku panggonane amung piranti amujudake papangkataning kaelokan, kang dadi tandhaning tontonan ing lairiyah bae; têgêse ngèlmu sorogan, kèhe sangang prakara, 1: ngèlmu Makdum [Mak...]
--- 29 ---
[...dum] sarpin, 2: ngèlmu Satariyah, 3: ngèlmu Sirasab, 4: ngèlmu Charajêk, 5: ngèlmu Majalis, 6: ngèlmu Fatakurrahman, 7: ngèlmu Sufi, 8: ngèlmu Chafi, 9: ngèlmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyahtu'lchak, kabèh iku panggonane amung piranti amujudake malaikat kang dadi tandhaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngèlmu kasampurnan, umpama katunggalake karo pêpangkataning ngèlmu kang sajati, mangka salah-surupe kang angrasakake, bokmanawa anêkakake pamaido, pamaido mau mundhak dadi padu, para padon iku saka isih kêkurangan, kêkurangan iku kang amarakake kapanasan, iku[39] amarakake para bantah karo sêsualan, para sêsualan iku pakolèhe amung rêbut unggul ing pangawruh, rêbut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadèkake pasulayan, mulane para sujana kang putus têmênan iku ora sêdya sêsualan, amarga ora darbe ati kapanasan jatmikane rèhne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa ana kang sumêdya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundhak kabarabeyan, ing wêkasan kalonglongan, manawa mêksa kaburu-buru asêngaja isih kêkurangan surup, mangkono bae wis cukup.
PRATIKÊLE ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU PASAMPURNAN KANG KINEKER KALARANGAN DENING PARA WALI, SAMENGKO KAWEDHARAKE KABEH.
Iki Pratikêle Angêtrapake Paraboting Ngèlmu Kasampurnan kang kinêkêr kalarangan dening para wali, ing mêngko kawêdharake kabèh.
Panêngêraning dina kiyamat
Bêbukane amratelakake kang dadi panêngêraning dina kiyamat, têgêsing Kiyamat, jumênêng, kasêbut ing ngisor iki.
1. Panêngêran kang dhingin.
Kang dhingin, yèn wis asring uninga kang ora katonton, tandha kurang sataun, ing kono panggonane anyakêti tapabrata nyênyuda pakarêman, [paka...]
--- 30 ---
[...rêman,] nêtêpana panggalih: trima, rila, têmên, utawa,[40] mungguh utama iku dumunung ana ing sabar darana.
2. Panêngêran kang kapindho.
Kang kapindho yèn wis asring mirêng kang ora kapiyarsa, kaya ta, mirêng rêrasaning jin setan, sato kewan, tandha kurang satêngah taun, ing kono panggonaning kurmat akalayan kaliwat, têgêse angaji-aji akalayan asêsaji, sapanunggalane anglakoni panggaweyan bêcik, kinanthènan angati-ati marang uripe dhewe.
3. Panêngêran kang kaping têlu.
Kang kaping têlu, yèn wis salin paningale, kaya ta, ing sasi Muharram, Shafar, andulu langit katon abang; Mulud, Rabi'u'lakhir, srêngenge katon irêng; Jumadi'lawal, Jumadi'lakhir, rêmbulan katon irêng; Rêjêb, Ruwah, banyu katon abang; Pasa, Syawal, wêwayange dhewe katon loro; Zul'lkaedah, Bêsar, gêni katon irêng; kabèh iku tandha kurang rong sasi, ing kono panggonaning wasiyat karo riwayat, têgêse amêmêling karo wêwarah, kinanthènan tabêri asêsuci.
4. Panêngêran kang kaping pat.
Kang kaping pat, dêriji panungguling asta dibêkuk kapêtêlake dalah èpèk-èpèk, dariji manis kaangkat, yèn wis kaangkat anjujung dariji manise mau, tandha kurang patang-puluh dina, ing kono panggonaning 'afiat, têgêse pangapura, iya iku anênuwun pangapura marang Pangerane, saha banjur angapura marang kang padha kaluputan, utawa aminta pangapura marang kang padha rumasa kalarakake atine.
5. Panêngêran kang kaping lima.
Kang kaping lima, yèn asta kawawas ing netra loro darijine wis katon kalong, ugêl-ugêle wis katon pêdhot, tandha kurang sêsasi, ing kono panggonaning amatrapake pikukuh ing ngèlmu kasampurnan kaya kang kasêbut ing ngisor iki.
--- 31 ---
1. Iman, têgêse angandêl, kang diandêl kudrate, têgêsing kudrat: kuwasa.
2. Tokid, têgêse muhung sawiji, têgêse pasrah marang iradate, têgêsing iradat: karsa.
3. Makrifat, têgêse waskitha, kang diwaskithani ngèlmune, iya iku anguningani dununging Dzat, sifat, asma, af'al, têgêsing Dzat: kantha sifat: rupa, asma, aran, af'al pakêrti.
4. Islam têgêse salamêt, kang salamêt iku khayate, têgêsing Khayat: urip, dumunung ana ing sifat jalal, jamal, kahar, kamal; têgêsing jalal: agung kang agung iku Dzate, dening anglimputi ing 'alam kabèh, têgêsing jamal: elok kang elok iku sifate, dening dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, sarta ora arah ora ênggon, tanpa warna tanpa rupa, têgêsing kahar: wisesa kang wisesa iku asmane dening ora nama sapa-sapa, têgêsing kamal: sampurna, kang sampurna iku af-ale, dening bisa gumêlar padha sanalika pakrêtine, saka kawasa tanpa sangsaya.
Mungguh dununge mangkene, iman dumunung ana ing ênêng, tokid, dumunung ana ing êning, makrifat dumunung ana ing awas, islam dumunung ana ing eling.
6. Panêngêran kang kaping nêm.
Kang kaping nêm, yèn wis asring katonton warnane dhewe, tandha kurang satêngah sasi, ing kono panggonaning Pamuja, anêgês karsane Kang Kawasa, patrape ing sabên apangkat arêp sare, Pamijane[41] kasêbut ing ngisor iki.
Ana pujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsun, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, af'ale iya af-alingsun, Ingsun puja ing patêmon tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun.
Ing nalika iku cinipta kang pinuja tunggal, kaya ta: bapa, biyung, kaki, nini, garwa, putra, wayah, sapadhane kang dadi pêlênging cipta bisaa anunggal ana ing jaman kalanggêngan.
--- 32 ---
7. Panêngêran kang kaping pitu.
Kang kaping pitu, yèn wis rumasa lara kasandhang, têgêse ora arêp apa-apa, tandha kurang pêndhak dina, ing kono panggonaning tobat, patrape manawa lagi wungu sare, kasêbut ing ngisor iki.
Ingsun analangsa maring Dzatingsun dhewe, rêgêding jisimingsun, gorohing atiningsun, srêngenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase, ing mêngko Ingsun-ruwat sampurna ing sadosaningsun kabèh kalawan kudratingsun.
8. Panêngêran kang kaping wolu.
Kang kaping wolu yèn wis karasa gêrah-uyang saranduning sarira ing jaba jêro kabèh, têrkadhang asring andadèkake wêtuning sêsukêr tinja taun, karo tinja kalong, utawa cacing kalung karo cacing têmbaga, ing wêkasan pucuking parji karasa anyêp, andadèkake têranging nutfah, iku tandha wis parêk ing dina Kiyamat, amung kurang ing saantara dina, ing kono waktuning Dajal la'nat katon arêp agawe arubiru, marang kahanan-kita, iya iku panggonaning katêkan rancana saka sadulur papat, kalima pancêr dumunung ana ing badan-kita dhewe panangkise angên-angên, banjur karuwata kaya ing ngisor iki.
Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancêr kang dumunung ana ing kadaningsun[42] dhewe. Mar Marti kakang kawah adhi Ari-ari Gêtih Pusêr, sakèhing kadang ingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan, utawa kadangingsun kang mêtu saka ing marga hina lan kang ora mêtu saka ing marga hina, sarta kadangingsun kang mêtu barêng sadina kabèh padha sampurna nirmala waluya ing kahanan jati, dening kudratingsun.
Nuli asaksiya kalawan Dzat-kita dhewe, kaya asahid marang wahananing sanak-kita, iya iku kahananing dumadi kang gumêlar ana ing 'alam dunya, wis kasêbut ing ngarêp ana wêkasaning wêwêjangan.
--- 33 ---
9. Panêngêran kang kaping sanga utawa kang wêkasan.
Kang kaping sanga, yèn kêtêk kang ana ugêl-ugêling atsa wis ora ana, andadèkake oncate pramananing kanaka, sarta pramananing tingal wis sêpên, andadèkake rupêking pandulu rêngating alis, utawa garêbêging talingan wis mênêng, andadèkake pêngêng sanalika, ing wêkasan garinggingên kang sarira banjur kambu gandaning sawa, iku tandha wis mancad ing dina kiyamat, jumênêng kalayan pribadine, ing kono panggonaning anucèkake sakèhing 'anasir, têgêsing 'anasir: bangsa, iya iku bangsaning khak kang dumunung ana ing Dzat, sifat, asma, af'al, kaya ta: 'anasir badan, asal saka ing bumi, gêni, angin, banyu, iku kaciptaa suci mulya mulih marang asale, sampurna anunggal kalayan 'anasiring roh, kang sumendhe ana kahananing wujud, ngèlmu, nur, suhud: têgêse wujud: wahana, iya iku gêtih amarga gêtih iku dadi kanyatahaning roh, têgêsing ngèlmu; paningal, iya iku paningaling netra balaka, amarga paningal iku dadi pamawasing roh, têgêsing nur: cahya, iya iku cahya kang anglimputi ing sarira, amarga cahya iku dadi pratandhaning roh, têgêsing suhud: saksi, iya iku napas, amarga napas iku dadi saksining roh.
Dene ênggone anucèkake kasêbut, ing sajroning cipta mangkene.
Ingsun anucèkake sakaliring 'anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring 'anasiringsun kang abangsa rokhani, nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun.
Yèn wis mangkono, nuli cahya Nur Muchammad tumimbul, gumilang-gilang ana ing wadana, tandha bakal binuka kijabing Pangeran, mèh katone sakèhing cahya, ing kono panggonaning ngawinake badan karo nyawa, kasêbut ing sajroning cipta mangkene.
Allah kang kinawin, winalènan dening Rasul, pangulune Muchammad, saksine malaekat papat, iya iku Ingsun kang angawin
--- 34 ---
badaningsun, winalènan dening rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksènan dening malaekatingsun papat, Jabrail, iya iku pangucapingsun, Minkail, pangambuningsun, Israfil, Paningalingsun, Ijrail, pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun.
Nuli anyipta sangkan-paran Tanazu'ltarki, kasêbut ing ngisor iki.
Ingsun mancad saka 'alam Insan-kamil, tumêka maring 'alam Ajsam, nuli tumêka maring 'alam Misal, nuli tumêka maring 'alam Arwah, nuli tumêka maring 'alam Wachdiyat, nuli tumêka maring 'alam Wahdat, nuli tumêka maring 'alam Akhadiyat, nuli tumêka maring 'alam Insan-kamil manèh, sampurna padhang tarawangan saka ing kudratingsun.
Nuli anyipta ing pambirat asaling cahya sawiji-wiji kasampurnakake saka kudrat-kita, supaya aja nganti kelimputan dening cahya kang anandhakake durgamaning sangkan-paran, mangkene pambirate ing sajroning cipta.
Cahya irêng kadadeyaning napsu luwamah sumurup maring cahya kang abang, cahya kadadeyaning napsu Amarah sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah sumurup maring cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning pramana sumurup maring Dzating cahyaningsun awêning mancur mancorong gumilang tanpa wêwayangan, byar sampurna padhang tarawangan, ora ana katon apa-apa kabèh-kabèh padha kalimputan dening Dzatingsun saka ing kudratingsun.
Ing nalika iku upama ana karasa apa-apa ing badane angusapa pusêr kaping têlu upama angrasa liwung kaya mêndêm, angusapa dhadha kaping 3, upama angrasa arip arêp sare, angusapa bathuk kaping 3, upama angrasa arêp lali, angusapa êmbun-êmbun kaping 3, banjur tata-tata dandan kaya ing ngisor iki patrape.
--- 35 ---
1. Wiwit asidhakêp suku tunggal anutupi babahan nawasanga, darijining asta padha antuk ing sêlaning dariji kaya angapurancang, jêmpol diadu padha jêmpol, banjur tumumpang ing jaja, dibênêr sêsipatane lawan têngahing jaja, salonjoring sikil awit jêmpol sikil katêmokake padha polok digathuk, dhêngkul katêmokake padha dhêngkul dirapêt, palanangan sapalandhungan sinipat karo jêmpol sikil aja nganti katindhihan.
2. Nuli amawas pucuking grana, disipat ing jaja tumêka ing puser, ing palanangan, ing jêmpolan sikil, banjur angêningake cipta.
3. Nuli angêrêmake netra kang alon, angingkêmake lambe kang dhamis, untu gathuka padha untu kang rata, ilat katêkuk mandhuwur kapadalake ing cêthak, banjur pasrah analangsa ing Dzating dhewe.
4. Nuli amêgêng napas ing sanalika banjur anyipta matrapake panjênênganing Dzat, wiwit angumpulake kawula gusti mangkene.
Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tunurunake[43] mêtuning grana kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta maha sucèkake ing Dzat-kita kaya mangkene.
Ingsun Dzat Kang Maha Suci Asifat Langgêng, kang amurba amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jatiningsun kalawan kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angrakit karatoning Dzat-kita kang amaha mulya kaya mangkene.
Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumênêng Ratu Agung, kang amisesa kang kawasa andadèkake ing karaton kang
--- 36 ---
agung kang maha mulya, Ingsun wêngku sampurna sakapraboningsun, sangkêp saisèn-isèning karatoningsun, pêpak sabalaningsun kabèh ora ana kang kêkurangan, byar gumêlar dadi saciptaningsun, ana sasêdyaningsun, têka sakarsa-karsaningsun kabèh, saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tunurukake[44] mêtu ing grana manèh, kang alon aja kêsusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angracut ing jisim-kita kaya mangkene.
Jisimingsun kang kari ana ing 'alam dunya, yèn wis ana ing jaman karamat kang amaha mulya, wulu kulit daging gêtih balung sungsum sapanunggalane kabèh, asale saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang Ingsun manèh, saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta anarik marang para akrab sapandhuwur sapangisor kang wis padha ngajal, kasampurnakake kaya mangkene.
Yoganingsun sapandhuwur sapangisor kabèh, kang padha mulih ing jaman karamating 'alame dhewe-dhewe padha suci mulya sampurna kaya Ingsun saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta angukud gumêlaring 'alam dunya kasampurnakake kabèh kaya mangkene.
Ingsun andadèkake 'alam dunya saisèn-isène kabèh iki, yèn wis tutug ing wêwangêne, Ingsun-kukud mulih mulya sampurna dadi sawiji kalawan kahananingsun manèh saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika anyipta ambabar marang têdhak turune kang padha kari kaya mangkene.
--- 37 ---
Turasingsun kang maksih padha kari ana ing 'alam dunya kabèh, padha nêmuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kêkurangan, rahayu salamêta sapandhuwur sapangisor saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta amasang pangasihan marang para tumitah kabèh kaya mangkene.
Sakèhe titahingsun kabèh, kang padha andulu kang padha karungu padha asih wêlasa marang Ingsun saka ing kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh, kang alon aja nganti kasusu.
Yèn wis sarèh amêgêng napas manèh ing sanalika banjur anyipta amasang kamayan marang para makluk kang padha angarubiru, utawa ora angendahake marang jisim-kita kaya mangkene.
Sakèhing maklukingsun kabèh, kang ora angendahake maringsun, padha kaprabawa ing kamayan dening kudratingsun. Ing kono pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana manèh kang alon aja nganti kasusu.
Dene ênggone amatrapake panjênênganing Dzat kabèh mau yèn karingkês dadi sawiji ana pratingkahe, wiwit pamêgênging napas amung sapisan bae, ing sanalika amatrapêna kaya mangkene.
Sakaliring cahya kabèh padha kalimputan dening Dzatingsun, iya Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, iya Ingsun Dzat Kang Maha Suci Asifat Langgêng, iya Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumênêng Ratu Agung, kang amurba amisesa kang kawasa angracut jisimingsun, anarik yoganingsun, ngukud jagadingsun, ambabar turasingsun amasang pangasihan marang titahingsun, amasang kamayan marang maklukingsun kabèh sampurna saka ing kudratingsun. Banjur kacipta ing sasurasane, sarta pamêgênging napas tinurunake mêtu ing grana kang alon aja nganti kasusu.
--- 38 ---
Mungguh cancude ing sajroning amêgêng napas mau, ugêr èngêt ing cipta bae patrape kabèh iku iya wis cukup, sabab yèn sajroning jaman karamatu'llah ing têmbe waktuning makam ijabah, têgêse panggonan katarima, apa saciptane dadi, amarga sirnaning mudah kari wajah, mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgêng.
Yèn wis mangkono, maras kita tumangkêp ing ati, andadèkake sêsêke ing napas, ing kono banjur anarik napas saka kiwa mubêng anêngên, saka têngên mubêng ngiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing lintang johar akhir, iya iku pusêr, katarik mandhuwur bênêr kang sarèh, lèrèn tinata ana ing maligening Bait-al-muharram, iya iku jaja, banjur anyipta cangcuding amatrapake panjênênganing Dzat, dièngêt aja nganti tumpang suh kumpuling napas, tanapas, anpas, nupus; napas iku têtalining jisim, dumunung ana ing ati suweda, têgêse woding ati, wahanane dadi angin kang mêtu saka badan bae, tanapas iku têtalining ati, dumunung ana ing pusêr, wahanane dadi angin kang manjing marang badan bae, anpas iku têtalining roh, dumunung ana ing jêjantung, wahanane dadi angin kang têtêp ana ing jêro bae, nupus iku têtalining rahsa, dumunung ana ing ati puat kang aputih, iya iku ana ing woding jêjantung, wahanane dadi angin kang mêtu angiwa anêngên saka badan, pakartine, anglimputi sakaliring jasmani kalayan rokhani.
Yèn wis kumpul dadi sawiji, napas, tanapas, anpas, nupus, mau banjur katarik mandhuwur kang alon, lèrèn tinata ana ing maligening Bait-al-makmur iya iku ing sirah, ing kono kacipta licin dadi nukat gaib, têgêse saliring jasmani kacipta luluh dadi banyu, nuli kaciptaa luyut dadi nyawa, nuli kaciptaa lêyêp dadi rahsa, nuli kaciptaa layat cahya gumilang tanpa wêwayangan ing kahanan-kita kang sêjati. Yèn wis mangkono, êrah-kita parad banjur karasa walikatên salir anggaotaning kabèh andadèkake: netra bawur, talingan pênglèh, grana
--- 39 ---
mingkup, lidhah mangkêrêt, ing wêkasan cahya surêm, swara sirna, ora bisa aningali, miyarsa, angganda, amirasa, amung kari cipta bae, amarga wis kinukud tataning sarengat, tarekat, hakekat, makrifat; sarengat iku lakuning badan, dununge ana ing lesan; tarekat lakuning ati, dununge ing grana; hakekat lakuning nyawa, dununge ing talingan; makrifat lakuning rahsa, dununge ing netra; mula sajatining sarengat iku lesan, tarekat: grana, hakekat: talingan, makrifat: netra, mungguh kang kinukud dhingin, paningaling netra, kaumpamakake bawuring kaca wirangi utawa êsating banyu zamzam, nuli pamiyarsaning talingan, kaupamakake rêntahing godhong sajaratilmuntaha, utawa kangsrahing hajar-al-aswad, nuli panggandaning grana, kaumpamakake guguring wukir ikrap, utawa rubuhing ardi tursina, nuli pamirasaning lesan, kaumpamakake bubrahing wot siratalmustakim, utawa rusaking ka'batu'llah; ing kono banjur karasa nikmat saliring anggaotaning sarira kabèh, angluwihi nikmating sanggama ing nalika mêtokake rahsa, amarga awit binuka kijabing Pangeran, waktune sirnaning warana banjur katoning jaman karamatu'llah, têgêse jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalêm Adam kukmi têkane sakèhing cahya kang padha anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung amustya pêpuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang ajabarjèr apês, unine: A, I, U, têgêse: Aku Iki Urip, banjur anyiptaa brangta ing Dzat, supaya aja kaengêtan marang kang kari kabèh.
WANGSITE KANGJENG SUSUHUNAN KALIJAGA BAB APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING DALEM JAMAN KARAMATU'LLAH.
Iki Wangsite Kangjêng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kalêksanan ing sajroning jaman karamatu'llah, kaya mangkene.
--- 40 ---
Ing atasing 'aral basariyah kabèh, yêkti padha anandhang jawaliyah, têgêse, pêpalanganing manusa iku padha kêna owah gingsir, iya iku pratandhane apêsing kawula. Kayêktènan ing dalêm 'adam kukmi katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki.
1. 'Alam Rokhiyah.
1. Kang dhingin, awit katon 'alam Rokhiyah têgêse 'alaming nyawa, apadhang dudu padhanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing ngisor ing dhuwur, ing kono aningali sagara tanpa têpi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utêk, satêngahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawang cahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang panca maya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, êmpane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabèh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panêngêraning rupa kang sajati, iya iku rupa-kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
2. Kang kapindho, sasirnaning 'alam Rokhiyah, katon 'alam Siriyah, têgêse 'alaming rahsa, padhange angluwihi padhanging 'alam Rokhiyah, ing kono têkaning cahya patang warna irêng abang kuning putih, iku wahananing budi, amêtokake kahananing napsu patang prakara, kang padha dadi durgamaning ati, katone tumaruntun siji-siji, kang wiwit katon dhingin, cahya irêng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahga arip luwe sapanunggalane, wahane[45] ing wadhuk wahyaning saka lesan kadadiyane ing sajroning cahya irêng katon sakaliring sato kewan miwah gêgrêmêt, padha anggragada kaya anganggêp Pangeran, prabawane bumi gonjing, 'alaming napsu diarani 'alam nasut, têgêse lali ing nalika iku panggonaning lali, poma, diengêt sarta
--- 41 ---
santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya irêng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gêgrêmêtan.
Ora antara suwe cahya irêng sirna, katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara panastèn dêduka sapanunggalane, wahanane ing ampêru, wahyane saka karna, kadadeyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brêkasakan, iya padha kaya anganggêp Pangeran, prabawane gêni murup gêdhe angalad-alad 'alaming napsu diarani 'alam jabarut, têgêse asrêng, ing nalika iku panggonaning rêksasa, poma disarèh sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brêkasakan.
Ora antara suwe cahwa abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing napsu Sufiyah, wahane[46] ing nalika urip amarakake pakarêman murka, pêpenginan pakarêman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lêlimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, iya padha angragada[47] kaya anganggêp Pangeran, prabawane angin pancawora gêdhe 'alaming napsu diarani 'alam lahut, têgêse gingsir, ing nalika iku panggonaning rênggang saliring anggaota, poma ditêtêp, sarta santosa, aja anganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa ibêr-ibêran.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya padha a kaya anganggêp Pangeran prabawa banyu wêning tanpa sangkan 'alaming napsu diarani 'alam malakut têgêse katon, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton, poma diwaspada sarta santosa, sabab [sa...]
--- 42 ---
[...bab] dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning bêburon banyu.
3. 'Alam Nuriyah.
3. Kang kaping têlu, sasirnaning alam Siriyah, katon 'alam Nuriyah, têgêse 'alaming cahya, padhange angluwihi padhanging 'alam Siriyah, ing kono têkaning cahya amancawarna, irêng abang kuning putih ijo, gumêlar barêng padha katon karaton sarwa raras kabèh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, 'alaming pancadriya diarani 'alam hidayat, têgêse pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumêlaring karaton, ananging dudu sajatining karaton kang rinakit maha mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya irêng, iku dzating sato kewan, miwah gêgrêmêtan kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brêkasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa ibêr-ibêran, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh, miwah bangsaning bêburon banyu, kang katon ana sajroning cahya ijo, iku karaton dzating têtuwuhan, ing nalika iku ana kapiyarsa swara kaya anuduhake karaton kang agung kang maha mulya, poma dijinêm sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalêbu ing karaton panasaran.
4. 'Alam Nuriyah Luhur.
4. Kang kaping pat, isih ana sajroning 'alam Nuriyah,. ing kono katon cahya wêning, sajroning cahya ana urub sawiji angadêg sasada lanang gêdhene, darbe sorot wolung warna, irêng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumêlar padha katon swarga asri kabèh, iku wahananing warnaning pramana, kawimbuhan dening suksma, 'alaming pramana diarani 'alam 'iskat, têgêse birahi dening panggonane rumasa
--- 43 ---
brangta marang gumêlaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang maha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabèh, amung panggonan kamuktèn bae, kaya ta:
Kang katon swarga irêng mêlês mêlêng-mêlêng mimba mustikaning bumi iku kadadiyan saka kanisthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi rêtuning[48] jin irêng.
Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sêsotya gêniyara, iku kadadiyan saka dusthaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, mbokmanawa dadi ratuning jin abang.
Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba rêtna dumilah, iku kadadiyan saka dorsaning[49] cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning.
Kang katon swarga sarwa putih maya-maya wênês mimba manik maya, iku kadadiyan saka sêtyaning cipta, yèn jumênêng ana kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.
Kang katon swarga sarwa ijo angênguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin ijo.
Kang katon swarga sarwa biru muyêk mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono bokmanawa dadi ratuning jin biru.
Kang katon swarga sarwa wungu nêngêr mimba manik pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.
Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba manik mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yèn jumênêng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu. Ing nalika iku kambu gandane sakèhing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik ing rahsa, poma aja nganti karaksake,[50] bokmanawa kalêbu ing swarga panasaran.
--- 44 ---
5. 'Alam Uluhiyah.
5. Sasirnaning 'alam Nuriyah, katon 'alam Uluhiyah, iya iku 'alam Ilahiyah, têgêse 'alaming Pangeran, padhange angluwihi padhanging 'alam Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya tawon gumana, jumênêng ing makam pana, iku warnaning suksma kang amimbuhi ing saliring warna kabèh, anglimputi saubênging jagad cilik jagad gêdhe ing saisèn-isène, ananging uripe saka pramaning[51] rahsa, ing nalika iku têkaning malaekat, awarna bapa kaki, sapanunggalane lêluhur lanang, angaku utusane Dzat Kang Maha suci, kinèn angirid marang chalaratu'llah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling suksma-kita pribadi.
6. 'Alam Uluhiyah Luhur.
6. Kang kaping nêm, isih sajroning 'alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padhange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rêrupan kaya golèk gadhing asawang pêputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, jumênêng ing makam baka, iku pramananing rahsa kang amurba amisesa ing 'alam kabèh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku têkaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane lêluhur wadon, angaku utusane Dzat Kang Amaha Suci, kinèn angirid marang chakaratu'llah,[52] poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku af'aling rahsa-kita pribadi.
7. 'Alam Uluhiyah Luhur Dhewe.
7. Kang kaping pitu, isih sajroning 'alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padhange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wêwayangan iku Dzating atma, anunggal Sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah, ora-ênggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa kang kawasa nitahake sakaliring alam anglimputi ing 'alam kabèh apranawa mêngku saliring makam sampurna, urip dhewe ora ana kang nguripi dibasakake: chayun bilarochin, têgêse tanpa
--- 45 ---
nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sêjati, kang agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane, kang sampurna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula-gusti, iya iku urip kita mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake: chayun pidareni, têgêse urip ing kahanan lor ana ing 'alam sahir kita urip, ana ing 'alam kabir iya urip, padha sanalika banjur èngêt ing wèntèhan saniskaraning purwa madya wasana kabèh. Aja uwas sumêlang manèh, ing wêkasan sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ana ing sarira, aku amung drêma angimpun sakaliring ngelmi saka wêwêjanging guru sawiji-sawiji, pangrasaning ati wis ganêp, kuranga kaya ora akèh, anjaba amung wêjange Kiyahi Agêng Liman, iku pakewuh ênggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu kabuddhan, mangkene pamêjange.
Hiyang hyang jawata yogyaning ngulun, kawidèkna kapiya karêp, gunung lawu sap pitu iku kabèh, Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amêmuji aja nganti mati ing saênggon-ênggon, bisaa mati kaulêsan lawon lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang anandhakake ora pakolèh.
Ing wusana aku matur ambodhoni, ana kang durung pati têrang ing sêsurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda bêcik, manawa ing buri ana kang wis olèh katêranganing sêsurupan, anyumanggakake patraping panggonane.
Dene pemutku Wirid iki ora kêna kapriksa marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundhak apa pakolèhe, dhêstun amung bêbantahan bae, mulane bangêt-bangêt ing wêwêlingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayêktine.
--- 46 ---
WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA BISAA ANGGANDA ARUM.
Bab pambirating ganda ala, bisaa angganda bêcik, saiki aku wis olèh sêsurupan, saka pamêjange sawijining guruku, samêngko ngelmu mau kagêlarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki manggon ing pungkasan.
Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kangjêng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang para putra wayah kabèh.
Saka pituduhe kiyahi guru, mungguh kang katêmbungake Kangjêng Susuhunan Lèpèn, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya banyu Urip iya iku ananing urip-kita pribadi.
Wondene patraping panganggone, sasurasane ngelmu iki kaèsthi ing dalêm cipta. ing nalika anyipta cangcuding amatrapake panjênênganing Dzat, utawa kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat. Para kang padha nganggo ngelmu iki, kang wis katatalan jisime banjur bisa angganda arum, dadi kang padha ngupakara padha rahab kabèh, rêsêp anggone ngrukti
Iki ngelmune kang kaèsthi:
Bismi'llahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda kari rasa, badanku arum, sèlèhku arum, rak-lap tan ana karasa, dhong ginêndhong saking kêrsane Gusti Sunan Lèpèn, radia Allahu, 'anhu, 'alaihi salam. (R. Tanoyo).
--- 47 ---
HIDAYAT-JATI
WARAHING HIDAYAT-JATI.
Anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa.
Iki Warahing Hidayat-Jati, kang anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat, wêwêjangan saka para Wali ing tanah Jawa, sasedane Kangjêng Susuhunan ing Ngampèldenta, padha karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wêwêjangane surasaning ngelmu kasampurnan dhewe-dhewe, wiyose iya uga asal saka Dalil Hadist Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasêbut ana sajroning wirid kabèh, mungguh papangkate sawiji-sawiji kapratelakake ing ngisor iki.
Kang dhingin, saangkatan nalika jaman awale nagara Dêmak, para Wali kang karsa amêjang amung wêwolu.
1. Kangjêng Susuhunan ing Giri Kadhaton, wêwêjangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kangjêng Susuhunan ing Tandhês, wêwêjangane, Wêdharan Wahananing Dzat.
3. Kangjêng Susuhunan ing Majagung, wêwêjangane, Gêlaran Kahananing Dzat.
4. Kangjêng Susuhunan ing Benang, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige, ing dalêm Bait-al-makmur.
5. Kangjêng Susuhunan ing Muryapada, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-muharram.
6. Kangjêng Susuhunan ing kalinyamat, wêwêjangane, Pambukaning Tata-malige ing dalêm Bait-al-mukaddas.
7. Kangjêng Susuhunan ing Gunungjati, wêwêjangane, Santosaning Iman.
8. Kangjêng Susuhunan ing Kajênar, wêwêjangane, Sasahidan.
Kang kapindho, ing saangkatan manèh nalika jaman akhire nagara ing Dêmak, para Wali kang karsa amêjang iya amung wêwolu.
--- 48 ---

Comments
Post a Comment